Pararaton
Serat Pararaton, utawa Pararaton (basa Kawi: "Kitab Raja-Raja"), iku sawijining kitab Sastra Jawa Tengahan sing dianggit ing basa Jawa Kawi. Naskah iki cekak, dumadi seka 32 kaca saukuran folio kanthi 1126 larik. Isiné arupa sajarah raja-raja Singasari lan Majapahit ing Jawa Wétan. Kitab iki uga kondhang kanthi jeneng "Pustaka Raja", sing ing basa Sanskerta uga artiné "kitab raja-raja". Ora ana cathetan sapa sing nulis Pararaton.
Pararaton diwiwiti kanthi crita inkarnasi Ken Arok, yaiku tokoh sing miwiti karajan Singasari (1222–1292).[1][2] Sabanjuré, setengah kitab nyaritakaké kalimpatané Ken Arok niti dalan urip nganti dadi raja ing tauhn 1222. Panggambaran ing naskah iki kawungkus ing mitologis. Crita diterusaké kanthi pranyatan cekak aos, ditata ing kanthi urutan kedadèn. Akèh prastawa sing dicathet kanthi penanggalan. Nyedhaki pungkasaning crita, katerangan sajarah sansaya cekak lan kecampur karo prakara silsilah manéka warna brayat karajan Majapahit.
Kawigatèn marang crita Ken Arok ora mung dipratélakaké kanthi dawa, nanging uga dadi irah-irahan alternatif sing dicawisaké, yaiku: "Serat Pararaton atawa Katuturanira Ken Angrok", utawa "Kitab Raja-Raja utawa Carita Ngenani Ken Angrok". Yèn ngèlingi tarikh paling tuwa sing ana ing lembaran-lembaran naskah iku 1522 Saka (udakara 1600 Masehi), kira-kira pérangan pungkasan naskah iki kira-kira ditulis antara taun 1481 lan 1600, lan luwih trap nyedhaki taun sing pisanan tinimbang sing kaloro.
Bab lan Paragraf |
Isi [sunting]
Pararaton diwiwiti kanthi prakata singkat ngenani Ken Arok nyiapaké inkarnasi saéngga bisa jumeneng dadi raja.[1] Kacaritakaké Ken Arok sengaja dadi kurban sesajèn (basa Sanskerta: yadnya) kanggo Yamadipati, dewa sing jaga regol naraka, kanggo nylametaké patiné. Walesané, Ken Arok antuk nugraha dilairaké manèh dadi raja Singhasari, lan ing patiné mlebu swarga Wisnu.
Janji iku kaleksanan. Ken Arok dilairaké Brahma liwat wanita dusun sing lagi waé dadi mantèn. Ibuné nyèlèhaké ing ndhuwur kuburan nalika bubar lair; lan awaké Kèn Arok cemlorong lan narik kawigatèmé Ki Lembong, durjana tukang colong-jupuk sing ndilalah liwat. Ki Lembong banjur mupu anak lan nggulawentah, sarta ngajaraké kawijayané. Kèn Arok banjur mlebu ing ndonya culika: main, rampog, lan mrawasa. Ing naskah kasebutaké Kèn Arok wola-wali dislametaké dewata. Kasebut uga prastawa ing Gunung Kryar Lejar, panggonan para dewa tumurun lan ngumpul bebarengan karo Batara Guru mratélakaké Kèn Arok iku putrané, lan wis katetepaké bakal nggawa tanah Jawa tumuju tata-tentrem.
Prakata iki banjur katerusake marang prasatawa nalika Kèn Arok sapatemon karo Lohgawé, Brahmana seka India. Lohgawé mestèkaké parentahé Batara Guru bisa kaleksanan. Lohgawé banjur mènèhi iguh pertikel supaya Kèn Arok nemoni Tunggul Ametung, yaiku panguwasa Tumapel. Sawisé ngabdi, Kèn Arok merjaya Tunggul Ametung supaya bisa ndhaup Ken Dedes (bojoné Tungguh Ametung); lan uga nguwasani karajan Singasari.
Referensi [sunting]
- ^ a b Johns, A.H. (1964). "The Role of Structural Organisation and Myth in Javanese Historiography". The Journal of Asian Studies 24 (1): 91–99. http://links.jstor.org/sici?sici=0021-9118%28196411%2924%3A1%3C91%3ATROSOA%3E2.0.CO%3B2-Z.
- ^ Mangkudimedja, R.M., 1979, Serat Pararaton. Alih aksara lan alih bahasa Hardjana HP. Jakarta: Departemen P dan K, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah.
Wewacan sabanjuré [sunting]
- J.L.A. Brandes, 1897, Pararaton (Ken Arok) of het boek der Koningen van Tumape(l en van Majapahit. Uitgegeven en toegelicht. Batavia: Albrecht; 's Hage: Nijhoff. VBG 49.1.
- J.J. Ras, 1986, Hikayat Banjar and Pararaton. A structural comparison of two chronicles. In: C.M.S. Hellwig and S.O. Robson (eds.), A man of Indonesian letters (Dordrecht, Cinnaminson: Foris VKI 121, pp. 184-203), ISBN 90-6765-206-7
- J.J. Ras, 2001, Sacral kingship in Java. In: Marijke J. Klokke and Karel R. van Kooij (eds.), Fruits of inspiration. Studies in honour of Prof. J.G. de Casparis, pp. 373-388. Groningen: Egbert Forsten, 2001. [Gonda Indological Studies 11.] ISBN 90-6980-137-X