Johannes Jacobus Ras

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Hans Ras.

Prof. Dr. Johannes Jacobus (Hans) Ras (Rotterdam, 1 April 1926Warmond, 22 Oktober 2003) inggih punika salah satunggaling profésor emeritus basa lan sastra Jawa wonten ing Universitas Leiden. Panjenenganipun makarya minangka profésor wiwit taun 1985 dumugi taun 1992. Kajawi punika, Ras ugi ngasta Kepala Kantor Perwakilan KITLV ingkang sepindhah wonten ing Jakarta.

Mangsa Alit[sunting | sunting sumber]

Hans ing taun 1935.

Ras miyos taun 1926 wonten ing Rotterdam. Ras punika putra ingkang kaping tiga saking kulawarga ingkang nggadhahi sekawan putra. Bapanipun medamel bakul kué-kué lan panganan legi-legi, ingkang ngladosi kitha Rotterdam lan sapunjeripun. Bapanipun piyambak ingkang ngasta dhirèktur wonten ing Firma Ras, lan sedaya putra kedah ngabiyantu wonten ing firma punika. Sajatosipun sedaya putra dipun sekolahaken dhateng Mulo, kadosdéné limrahipun lare biyasa. Ananging, sasampunipun putra pambajeng pratingkahipun aéng-aéng lan ndableg, pramila piyambakipun lajeng dipun sekolahaken wonten ing HBS, saéngga sedaya putra ugi lajeng tumut dipun sekolahaken wonten ing HBS.

Ujian ingkang pungkasan sekolah madyanipun Ras dipun wiwiti nalika Perang Donya II. Piyambakipun ndhelik rikala sedhèrèk-sedhèrèkipun dipun peksa nyambut damel rodi déning pamaréntah Nazi (Jèrman: Arbeitseinsatz). Nalika semanten piyambakipun wiwit kasengsem dhateng studhi basa; utamanipun basa Jawa lan basa Arab. Namung ing jaman semanten boten saged kuliyah basa wonten ing satunggiling universitas menawi boten mawi ijasah HBS.

Studhi lan panglelananipun[sunting | sunting sumber]

Taun 1946 Ras miwiti studhi Indologie, wondéné kahanan wonten ing Indonesia ngatingalaken menawi boten wonten dinten ngajeng (masa depan) dumateng para padamel bangsa Walandi. Pramila piyambakipun lajeng pindhah jurusan kuliyah dhateng jurusan ékonomi. Ras lajeng bidhal dhateng Prancis. Wonten ing Prancis ras pikantuk padamelan wonten ing salah satunggaling proyèk pambangunan. Wonten ing papan punika kawruhipun babagan basa Arab ingkang naté dipun sinaoni nalika studhi Indologie pratéla wigatos sanget, amargi kathah sanget buruh-buruh ingkang asalipun saking Afrika Lor. Ras, ingkang dhasaripun remen lelana, nglajengaken panglelananipun dumugi Libya, Mesir lan Aden.

Sabibaripun wangsul dhateng negara Walandi, Ras lajeng nglampahi wajib militèr. Nalika yuswanipun 24 taun, Ras nglamar padamelan dhateng satunggaling kantor dagang Internatio-Müller wonten ing kitha Rotterdam. Ras lajeng dipun kirim dhateng Indonesia lan dipun benung wonten ing Jakarta. Sawetawis wekdal salajengipun, Ras dipun pindhah dhateng Banjarmasin lan dipun pasrahi tugas supados numbasi karèt rakyat wonten ing mriku. Prekawis punika pranyata kedadosan nalika hubungan antawisipun Indonesia lan Walanda saweg genting, inggih punika salah satunggaling pakaryan ingkang mbebayani. Sarékat-sarékat buruh lokal ingkang gadhah paham kiwa utawi Marxis boten purun nampi modal saking kolonialis. Sauntawis karyawan dipundalaken saking padamelanipun lan lajeng sami nyambat tiyang pinter utawi dhukun supados nyanthèt dalemipun Ras. Wekasanipun Ras ngraos bilih piyambakipun boten saged makarya wonten ing Indonesia menawi kahananipun tetep kados mekaten.

Pranyata pakaryanipun wonten ing Kalimantan malah ugi ngagengaken raos kesengsemipun Ras tumrap Indonesia. Mahaguru sastra Indonesia nalika semanten, profesor G.W.J. Drewes lajeng paring pepènget dhateng Ras kapurih nglampahi ujian alih basa Indonesia. Pungkasanipun taun 1959 Ras saged mentas lan pikantuk ijasah, saengga saged nglajengaken studhinipun dhateng universitas Leiden.

Rikala ujian punika, Ras kepanggih lan pitepangan kaliyan Widjiati Soemoatmodjo. Widjiati nalika semanten medamel wonten ing KBRI Den Haag, lajeng taun 1960 Widjiati dipunpindhahaken dhateng Brusel. Prakawis punika ndamel Ras asring wira-wiri tindakan saking Leiden dumugi Brusel nitih scooter. Malah naté Ras nemahi kacilakan awrat ingkang nyababaken gegar otak. Wondéné kadadéyan punika boten ngalang-ngalangi krentegipun.

Sawetawis punika Ras bregas nglampahi studhinipun, kalebet ugi studhi basa Arab lan basa Sansekreta ingkang wajib dipun ayahi. Wonten ing témbok-témbok kamar pondhokanipun wonten ing Leiden, dipuntèmplèki sakathahing daftar tembung lan ukara ingkang kedah dipunapalaken. Ras ngapalaken sedaya punika dipun sambi nyukur bréngos nalika wanci enjang.

University of Malaya[sunting | sunting sumber]

Taun 1961, Ras saged mentas ujian dhoktoralipun (S2) mawi prédhikat cum laude. Piyambakipun lajeng krama kaliyan Widjiati lan sesarengan bidhal dhateng Kuala Lumpur. Wonten ing mrika Ras – kepara saderengipun lulus – sampun dipun angkat minangka "lecturer" (dhosèn) wonten ing University of Malaya. Profésor Roolvink, ingkang mbénjingipun kajibah minangka mahaguru wonten ing Universitas Leiden, nalika punika ngasta Head of Department. Ras nalika wonten ing Kuala Lumpur, ngupadosaken nyerat dhisertasinipun prakawis Hikayat Banjar (sajarah Banjarmasin kanthi basa Melayu) kajawi nglampahi pakaryanipun memulang.

Promosi, KITLV[sunting | sunting sumber]

Ras saha Widjiati sigra pinaringan putra lan sasampunipun kontrak ingkang jangkanipun tigang taun jangkep, lajeng wangsul malih dhateng Leiden. Wonten ing Leiden Ras dipun angkat minangka asistèn dhosèn jurusan “Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oséania”.

Lajeng ing taun 1966 kulawarga Ras pinaringan putri, lan taun 1968 Ras promosi pikantuk gelar S3. Ras pikantuk prédhikat cum laude. Dhisertasinipun inggih punika babagan édhisi tèks Hikayat Banjar, ingkang antawisipun momot prakawis sajarah Suku Banjar wonten ing Banjarmasin. Boten dangu sasampunipun promosi, Ras lajeng bidhal dhateng Jakarta saperlu cecawis mbikak kantor KITLV.

Sanadyan kathah kapanggih alangan prakawis pulitik lan birokrasi, Ras saged mrantasi sedaya kanthi saé. Amargi pakaryanipun punika, pramila satunggaling dhasar kerja sama ilmiah ingkang kiyat saged dipun bangun lan taksih lestari dumugi wekdal punika.

Universitas Leiden, publikasi[sunting | sunting sumber]

De schending van Soebadra

Sasampunipun wangsul dhateng Leiden taun 1971, Hans Ras tetep ngasta wonten ing jurusan Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Piyambakipun sangsaya nggeluti sastra Jawa lajeng dados asistènipun profésor Uhlenbeck. Ras ugi lajeng ngayahi kuliyah-kuliyahé prof. Uhlenbeck. Sasampunipun Uhlenbeck pènsiun lan kajibah minangka profésor emeritus, Ras ingkang nglajengaken ngasta. Taun 1985 Ras dipunangkat minangka mahaguru Sastra lan Budaya Jawa.

Kanggé bahan kuliyah, Ras nyerat satunggaling kitab tatabasa Jawa lan kitab sekar sumawur teks-teks Jawa modern. Wondéné ingkang wigatos piyambak dumateng pangrembakanipun kawruh sastra Jawa inggih punika studhi-studhinipun ingkang jembar lan jero. Utamanipun wonten kalih aspèk budaya Jawa ingkang dipun gatèkaken déning Ras: wayang lan sajarahipun. Pramila Ras ugi naté damel alih basa salah satunggaling lampahan wayang dumateng basa Walanda. Lampahan ingkang dupun pretal punika ater-ateripun "Subadra Larung" utawi "Sembadra Larung". Alihbasaipun dhateng basa Walandi dipun wastani De schending van Soebadra. Kajawi punika Ras ugi nyerat studhi-studhi prakawis karya panulisan, struktur, fungsi lan kabenerané teks-teks sajarah saking Tanah Jawa, utamanipun Babad Tanah Jawi.

Sauntawis makalah wigati Ras dipunjilid nalika taun 1992 wonten ing kitabipun The Shadow of the Ivory Tree. Rikala taun-taun pungkasan sugengipun, Ras ngupadosaken satunggaling édhisi tèks anyar Serat Pararaton, satunggaling tèks sajarah ingkang mawi basa Jawa Tengahan. Tèks punika bilih dipun priksani saking sudhut pandhang filologis lan sajarah kasusastran, minangka salah satunggaling tèks Jawa Kuna ingkang angèl. Sadèrèngipun tèks punika sampun nate dipunsunting lan dipunterbitaken kaliyan J.L.A. Brandes rikala taun 1898 lan I Gusti Putu Phalgunadi rikala taun 1996. Wondéné èdhisi tèks Brandes taksih kirang maremaken lan èdhisi Phalgunadi miturut kawruh filologi dèrèng saged dipun tampi.

Mbok bilih sampun kersanipun Gusti dèrèng dipun keparengaken, kahanan kaséhatanipun Ras sangsaya mandhap saéngga karyanipun ingkang pungkasan punika boten saged dipun rampungaken.

Ras manggèni papan ingkang mulya wonten ing bidhang studhi Indonesia miturut tradhisi Leiden. Publikasi-publikasinipun misuwur amargi penelitian-penelitian fakta-faktanipun ingkang tansah jero sanget. Ras migunakaké sumber-sumber ingkang asring wujudipun seratan naskah manuskrip (tulisan tangan). Sedaya punika dipunroncé kalawan kawruh sainsipun ingkang jembar, kritis, saha kabregasanipun.

Dosèn ingkang antusias, menarik, saha imajinatif[sunting | sunting sumber]

Ras saged dipun wastani satunggaling dhosèn ingkang antusias, nalika mucal nyengsemaken sanget lan imajinatif. Ras punika satunggaling performer. Mbokbilih punika amargi Ras panci bènten kaliyan réncang-réncang sajawatipun rikala semanten. Ras ugi kasengsem dumateng manéka warna seni rakyat budaya Jawi.

Sanadyan Ras satunggaling ngèlmuwan modhèl tempo doeloe lan radi njaga jarak kaliyan para mahasiswa, Ras panci ugi ngupadosaken amrih para siswanipun karaos celak dhateng babagan kuliyahipun. Mila punika Ras asring ngawontenaken kuliyah ingkang wujudipun séminar saha préséntasi makalah lan dhiskusi. Rikala semanten, kabiyasan kados mekaten taksih dèrèng limrah. Kajawi punika Ras kala-kala ngawontenaken préséntasi kagem para siswa wonten ing dalemipun.

Ras ugi nyebaraken raos tresna dumateng budaya lan wong Jawa, ing babagan sains lan babagan sanèsipun. Ras ugi kasengsem dumateng para priyantun wonten ing negara Walandi ingkang nresnani budaya Indonesia, utamanipun budaya Jawa. Contonipun Rien Baartmans. Rien Baartmans inggih punika satunggaling pemain bonékah utawi saged dipun wastani kanthi tembung istilah dhalang saking Haarlem, ingkang boten namung ngawontenaken pagelaran bonékah Walanda, nanging ugi saged nggelar lelampahan wayang kanthi saé saha éndah. Rien utamanipun misuwur wonten ing antaranipun laré-laré Walandi amargi pagelaran Wayang Kancilipun.

Conto sanesipun inggih punika Ger van Wengen ingkang rikala semanten nyambut damel wonten ing Muséum Antropologi lan tansah ngupados saéngga sains sageda populèr. Dhata ingkang dipun sukaaken kaliyan Hans Ras migunani sanget dumateng Ger, kadosta buku De schending van Soebadra. Nanging wangsulipun, Ras ugi kathah ngangsu kawruh saking Ger.

Dinten sepuh[sunting | sunting sumber]

Rikala taun 1992, Hans Ras wiwit pénsiun kanthi yuswa 66 taun. Sajatosipun Ras kirang sreg pénsiun. Ras kangen kaliyan pakaryanipun lan kasarasanipun wiwit suda. Kirang langkung nyarengi milénium enggal, Ras pinaringan wayah lan kawastanan éyang. Wondéné penyakit Parkinsonipun saya ndadra. Ing taun 2002 Ras dipunopname wonten ing griya sakit amargi wonten keluhan radhang paru-paru. Pramila Ras boten saged lenggah wonten ing dalemipun malih lan wiwit wulan Agustus 2002, pramila Ras mapan wonten ing satunggaling panti wreda ing Warmond ingkang boten bakal dipuntilar salajengipun. Ras séda tanggal 22 Oktober 2003, wonten ing sisihipun Widjiati ingkang boten naté sayah paring rerumat.

Sasampunipun Ras kajibah minangka profésor éméritus ing taun 1992, studhi sastra Jawa wonten ing Leiden sangsaya ngrembaka miturut dalan ingkang sampun dipun liwati utawi malah ingkang dipun babad déning Ras.

Hans Ras mesthinipun badhé karenan dumateng kesederhanaan, kaéndahan saha kawicaksanan salah satunggalipun kretabasa Jawi “Urip iku mung mampir ngombé”.

Bibliografi[sunting | sunting sumber]

  • 1968a, Hikajat Bandjar. A study in Malay historiography. The Hague: Nijhoff. Bibliotheca Indonesica 1. (order at kitlv)
  • 1968b, ‘Lange consonanten in enige Indonesische talen. Dubbel geschreven mediale consonanten.’ BKI 124: 521-541.
  • 1973, ‘The Panji romance and W.H. Rassers’ analysis of its theme’. BKI 129: 411-456.
  • 1976a, De schending van Soebadra. Javaans schimmenspel volgens Soerakartase traditie bewerkt door ki Kodiron. Vertaald uit het Javaans en van toelichtingen voorzien. Amsterdam: Meulenhoff. De Oosterse Bibliotheek 1.
  • 1976b, ‘The historical development of the Javanese shadow theatre.’ Review of Indonesian and Malayan Affairs 10.2:50-76.
  • 1978, ‘De clownfiguren in de wayang’. BKI 134: 451-465.
  • 1979, Javanese literature since independence. An anthology. The Hague: Nijhoff. VKI 88. ISBN 90-247-2309-4.
  • 1982a, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x.
  • 1982b, ‘The social function and cultural significance of the Javanese wayang purwa theatre.’ Indonesia Circle 29:19-32.
  • 1985, 'The main characters of the Wayang Poerwa, thirty-seven colour plates, with a summary of the Pandawa cycle', Dordrecht: Foris Publications, Reeks Indonesische herdrukken, ISBN 90-6765-069-2
  • 1986a, ‘The Babad Tanah Jawi and its reliability. Questions of content, structure and function.’ In: C.D. Grijns and S.O. Robson (eds.), Cultural contact and textual interpretation. Papers from the Fourth European Colloquium on Malay and Indonesian Studies, held in Leiden in 1983 (Dordrecht, Cinnaminson: Foris. VKI 115), pp. 246-273.
  • 1986b, ‘Hikayat Banjar and Pararaton. A structural comparison of two chronicles.’ In: C.M.S. Hellwig and S.O. Robson (eds.), A man of Indonesian letters (Dordrecht, Cinnaminson: Foris VKI 121), pp. 184-203.
  • 1986c, ‘Hofdichters op Java in de Hindu-Javaanse tijd (negende tot zestiende eeuw)’. In: De Bruyn, Idema en Van Oostrom, Dichter en hof. Verkenningen in veertien culturen. Utrecht: HES. blz. 225-243.
  • 1987, ‘Betekenis en functie van de Babad Tanah Jawi.’ In: W.L. Olthof, Babad Tanah Jawi. Javaanse Rijkskroniek. W.L. Olthofs vertaling van de prozaversie van J.J. Meinsma, lopende tot het jaar 1721 (Dordecht: Foris. 2nd, rev. ed. with an introduction by J.J.Ras KITLV Indonesische Herdrukken), pp.ix-liv. Tekst ISBN 90-6765-219-9 (order at kitlv). Vertaling ISBN 90-6765-218-0 (order at kitlv).
  • 1987, ‘The genesis of the Babad Tanah Jawi. Origin and function of the Javanese court chronicle.’ BKI 143: 343-356.
  • 1990, ‘Javanese tradition on the coming of Islam.’ In: W.A.L. Stokhof and N.J.G. Kaptein (eds.), Makalah-makalah yang disampaikan dalam rangka kunjungan menteri agama R.I.H. Munawir Sjadzali, M.A. ke Negeri Belanda (31 Oktober – 7 November 1988) (Jakarta: INIS, Seri INIS 6), pp. 147-178.
  • 1990b, Hikayat Banjar. Diterjemahkan oleh Siti Hawa Salleh. Dewan Bahasa dan Pustaka. Kementerian Pendidikan Malaysia. Kuala Lumpur. ISBN 983-62-1240-X.
  • 1990c, 'In memoriam Professor C.C. Berg', 18-12-1900 tot 25-6-1990, BKI 147-1 (1991):1-11.
  • 1991, Variation, transformation and meaning. 242 pages, Leiden, VKI 144 , ISBN 90-6718-027-0 (order at kitlv)
  • 1992, The Shadow of the Ivory Tree. Language, literature and history in Nusantara. Semaian 6. Vakgroep Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië, Rijksuniversiteit te Leiden. ISBN 90-73084-07-5.
  • 1994, 'Geschiedschrijving en de legitimiteit van het koningschap op Java', BKI 150-3 (1994):518-38.
  • 2001, Sacral kingship in Java. In: Marijke J. Klokke & Karel R. van Kooij (eds.), Fruits of inspiration. Studies in honour of Prof. J.G. de Casparis, retired Professor of the Early History and Archaeology of South and Southeast Asia at the University of Leiden, the Netherlands, on the occasion of his 85th birthday, pp. 373-388. Groningen: Egbert Forsten, 2001. [Gonda Indological Studies 11.] ISBN 90-6980-137-X geb

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]