Babad Tanah Jawi
Babad Tanah Jawi iku sawijining babad kang nyritakaké sajarah tanah Jawa kang diwiwiti saka Nabi Adam, diterusaké silsilah para dewa, paraga wayang, jaman Kadhiri, Pajajaran, Majapahit, kasultanan Demak, Pajang, Mataram, lan dipungkasi ing Kartasura.
Babad Tanah Jawi uga sinebut babad gedhé utawa babad mayor. Manut Djajadiningrat, kumpulan crita babad iki sasuwe-suwene kawiwitan ing tahun 1625. Ana maneka warna jinising Babad Tanah Jawi kang ana, ing antarane katulis Raden Ngabehi Yasadipura kang banjur kababar dening Balai Pustaka dadi 31 jilid.
Panulisan babad iki ora dadi sanalika iku. Kang urun nulis ing kene antara liya:
- Pangeran Adilangu II, ing antarane tahun 1689-1718.
- Carik Braja, ngringkes tulisan kang wis ana ing awaling abad ke-18.
- Yasadipura I
Jenis liyané kang luwih anyar ditulis déning W.L. Olthof taun 1941 saka negara Walanda lan dijarwakaké déning H.R. Sumarsono. Buku iki uga duwé cakupan kang padha, yakuwi wiwit Nabi Adam nganti taun 1647. Babad Tanah Jawi kang dikumpulaké mangsa kakuwasan Paku Buwana I ing wiwitan abad ka-18 nganti mangsa pamaréntahan Paku Buwana III kuwi diprecaya déning para ahli minangka sarana kanggo kaperlon legitimasi karajan.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Wacan
- Babad Tanah Jawi, W.L. Olthof, Alihbasa H.R. Sumarsono, Penerbit Narasi Yogyakarta, cithakan ka-2 2008. ISBN 979-168-047-7
[sunting] Pranala njaba
- Babad Tanah Djawi versi L. van Rijckevorsel & R.D.S. Hadiwidjana (1925), Situs Web Ki Dêmang Sókówatèn, ing ki-demang.com