Wong Jawa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Wong Jawa, Tiyang Jawi | ||
|---|---|---|
Sawetara wong Jawa sing misuwur |
||
| Populasi total: | 2004: kurang luwih 90 yuta. | |
| Pedunung wigati ing: | Indonésia:
Malaysia: 1 - 2 yuta |
|
| Basa: | basa Jawa, basa Indonésia, basa Melayu, basa Madura, basa Walanda, basa Prancis lan liya-liya. | |
| Agama: | Islam, Kristen, Hindu, Buddha lan Kejawen, | |
| Suku bangsa cedhak dhéwé: | Wong Sundha, Wong Madura, Wong Bali. | |
Wong Jawa utawa Suku bangsa Jawaiku sawijining suku bangsa utawa kelompok ètnis sing asalé saka Pulo Jawa bagéyan tengah lan kulon. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka pulo Jawa lan utamané ing provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Ananging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Suku Jawa, utamané ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon sing mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa sing migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané suku Jawa baku, ana uga subsuku Osing lan Tengger.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Basa
Suku bangsa Jawa sebagéan gedhé migunakaké basa Jawa kanggo wicara sadina-dina. Jroning sawijining polling sing dianakaké majalah Tempo ing wiwitan dasawarsa 1990-an, kurang luwih mung 12% wong Jawa sing migunakaké basa Indonesia kanggo sadina-dina, watara 18% migunakaké basa Jawa lan Indonesia sacara campur lan saluwihé nganggo basa Jawa.
Basa Jawa nduwèni aturan sing mbédakaké cara migunakaké tetembungan miturut tataran adhedhasar hubungan antara pawicara lan sapa sing diajak wicara. Aturan iki dikenal minangka undha-usuk basa. Aspèk bebasan iki nduwèni pangaruh sosial sing kuwat jroning budaya Jawa, lan anané kasadaran bab status sosial ing masarakat.
[sunting] Seni
Wong Jawa misuwur nduwèni budaya seni utamané dipengaruhi déning agama Hindu-Buddha, yaiku pamentasan wayang. Repertoar carita wayang utawa lakon sebagéan gedhé adhedhasar wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Ananging ana uga pangaruh saka agama Islam lan Donya Kulon.
[sunting] Stereotipe wong Jawa
Wong Jawa nduwèni stereotipe minangka sukubangsa sing sopan lan alus.[1] Ananging uga misuwur minangka sukubangsa sing katutup lan ora gelem blaka suta.
[sunting] Tokoh-tokoh Jawa
- RA. Kartini, Pahlawan Nasional.
- Michelle Branch, Penyanyi internasional katurunan Jawa.
- Wage Rudolf Supratman, Pangripta lagu "Indonesia Raya".
- HM. Soeharto, Mantan Presiden Republik Indonesia.
- Soekarno, Proklamator lan mantan Presiden Republik Indonesia.
- Susilo Bambang Yudhoyono, Presiden Republik Indonesia.
- Megawati Soekarno Poetri, Mantan presiden republik indonesia lan sekaligus presiden wanita pisanan ing Indonesia
- Abdurrahman Wahid, Mantan Presiden Republik Indonesia.
- Paul Salam Soemohardjo, Ketua Parlemen Suriname lan Ketua Partai Pertjaja Luhur ing Suriname.
- Khofifah Indar Parawansa, Politikus dan Mantan Menteri Negara Pemberdayaan Perempuan.
- Ahmad Dahlan, Ulama (Kyai) lan pendiri organisasi Muhammadiyah.
- Saifullah Yusuf, mantan Menteri Negara Percepatan Pembangunan Daerah Tertinggal.
- Nurcholish Madjid, cendekiawan lan budayawan.
- Purnomo Yusgiantoro, Menteri Energi lan Sumberdaya Mineral.
- Wahid Hasjim, pahlawan nasional Indonesia lan menteri negara jroning kabinet pisanan Indonesia.
- Hasyim Asyari, Pendhiri Nahdatul Ulama.
- Julius Darmaatmadja, Uskup Agung Jakarta lan Mantan Ketua KWI (Konferensi Waligereja Indonesia)2000-2006.
[sunting] Catatan sikil
[sunting] Delengen uga
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.