Kejawèn
Kejawèn iku kapercayan kang dianut wong Jawa kanthi adhedhasar budaya Jawa. Kaya déné agama kang umumé ana, kapercayan iki diugemi ajaran-ajarané. Ana manéka warna aliran kejawèn sing ana. Nanging sing cetha, menawa 'Kejawen' iku dudu lan ora bisa dipindhaake 'agama', amarga kejawen iku hasile olah-pikir (kaya dene filsafat) wong Jawa, anggone nganggep, nintingi, mangerteni lan nglakoni jantrane uripe klawan gegandhenganne dadi kawula ing alam lan Gusti Sing Nyiptakne.
Ciri utamané Kejawèn yaiku anané campuran antarané animisme, agama Hindhu, lan Buddha. Agama Islam lan Kristen uga katon mlebu ing kéné. Dadi bisa disebut yèn kapercayan iki sawijining wujud sinkretisme.
Sawijining ahli antropologi Amérika Sarékat, Clifford Geertz, naté nulis perkara iki ing buku The Religion of Java. Ing kéné dhèwèké nyebut Kejawèn iku "Agami Jawi".
Sadurungé agama Hindhu-Budhha mlebu ing Jawa, Kejawèn urip dhéwé lan lagi katon lebur nalika akèh pralambang Jawa mlebu ing kitab-kitan kuna.
[sunting] Paguyuban Kejawèn
Sawetara paguyuban kejawèn dumadi kanggo srawung lan tular kawruh ing urusan kebatinan. Ing antarané:
- Subud (Susila Budhi Dharma)
- Paguyuban Sumarah
- Sapta Darma
- Paguyuban Ngesti Tunggal (Pangestu)
- Paguyuban Sangkan Paraning Dumadi Sri Jayabaya
- Paguyuban Satriya Mangun Mardika Dunungé Urip
- Pran-Suh
- Agama Jawa Asli Republik Indonesia
- Kawula Warga Naluri
- Ngèlmu Beja-Mulur Mungkret
- Ilmu Sejati Prawira Sudarsa
- Paguyuban Pambuka Das Sanga
- Indhuk Warga Kawruh Utama
- Aliran Kebatinan Perjalanan
- Kapercayan Budi Daya
- lan sapanunggalané
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.