Kasunanan Surakarta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kasunanan Surakarta
Flag
1745 – 1946 Yogyakarta Sultanate Hamengkubhuwono X Emblem.svg
 
30px
 
Flag of Indonesia.svg

Radya Laksana, Lambang Kasunanan Surakarta of Kasunanan Surakarta

Radya Laksana, Lambang Kasunanan Surakarta

Wilayah Kasunanan Surakarta pada 1830 (berwarna merah tua dan berada di sebelah utara)
Ibu kutha Kutha Surakarta
Basa Jawa
Agama mayoritas Islam
Pamaréntahan Monarki
Susuhunan (Sunan)
 - 1745-1749; t. 1726 Paku Buwono II
 - 1945-1946; w. 2004 Paku Buwono XII
Sejarah
 - Hadeging Nagari Surakarta (madeg) 1745
 - Pengundangan Penetapan Pemerintah No. 16/SD Taun 1946 (pambubaran) 16 Juni 1946
Gerbang Kraton Kasunanan Surakarta (foto antara 1880-1920)

Kasunanan Surakarta Hadiningrat iku sawijining krajaan ing Jawa Tengah sing madeg taun 1745 minangka terusan saka Kasunanan Kartasura.

Bab lan Paragraf

[sunting] Latar wuri

Kasunanan Surakarta minangka terusan saka Kasunanan Kartasura, sing arupa terusan saka Kasultanan Mataram sing runtuh amarga pambrontakan Trunajaya taun 1677. Kasunanan Kartasura dhéwé runtuh amarga pambrontakane wong-wong Tionghoa sing antuk dhukungan saka wong-wong Jawa anti VOC taun 1742. Wektu semana sing dadi raja yaiku Pakubuwana II. Kutha Kartasura kasil direbut manèh déning Cakraningrat IV sekutu VOC nanging kahanané wis rusak banget. Pakubuwana II sing nyingkir menyang Ponorogo mutusaké mbangun istana anyar ing désa Sala, mawa jeneng Surakarta Hadiningrat.

[sunting] Perkembangan

Kasunanan Surakarta minangka terusan saka Kasunanan Kartasura banjur ngadhepi pambrontakan Pangeran Mangkubumi adhine Pakubuwana II taun 1746. Ing tengah paprangan, Pakubuwana II séda amarga gering taun 1749. Nanging, kober nyerahaké kadhaulatan negeri Jawa marang VOC sing diwakili Baron von Hohendorff. Wiwit kuwi, mung VOC sing nduwèni hak nglantik raja-raja katurunan Mataram.

Ing tanggal 13 Februari 1755 pihak VOC sing wis ngalami kebangkrutan kasil ngajak Pangeran Mangkubumi rukun. Perjanjian Giyanti sing ditapakasmani déning Pakubuwana III ngakoni kadhaulatan Pangeran Mangkubumi minangka raja Mataram sing nguasani setengah wilayah Kasunanan Surakarta kanthi gelar Hamengkubuwana I. Sairing karo lumakuning wektu, negeri Mataram sing dipimpin dening Hamengkubuwana I banjur luwih misuwur kanthi jeneng Kasultanan Yogyakarta.

Sabanjuré, wilayah Kasunanan Surakarta tansaya suda amarga diwènèhaké marang Mangkunegara I sarujuk karo perjanjèn Salatiga taun 1757. Wilayah Surakarta tansaya suda manèh sawisé Perang Diponegoro rampung taun 1830 amarga dhaérah-dhaérah mancanegara direbut peksa déning Walanda.

[sunting] Mangsa Kamardikan

Ing wiwitan mangsa kamardikan Republik Indonesia (1945 - 1946), Kasunanan Surakarta bebarengan karo Praja Mangkunegaran tau dadi Dhaérah Istimewa Surakarta. Ananging amarga kerusuhan lan agitasi pulitik wektu iku, ing tanggal 16 Juni 1946 déning Pamaréntah Indonesia statusé diowahi dadi Karesidènan Surakarta, nyawiji jroning wilayah Negara Kesatuan Republik Indonésia.

[sunting] Dhaptar Sunan Surakarta

[sunting] Deleng uga

Cithakan:S-boxCithakan:S-boxCithakan:S-box


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès