Bengawan Sala

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Disambig.svg
Bengawan Solo ngliwati Cepu

Bengawan Sala utawa dikenal uga minangka Bengawan Solo, iku sawijining kali sing mili saka Gunung Lawu ngliwati provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Bengawan Solo mili ngalor ngliwati tlatah Jawa Tengah, satekané Cepu menggok ngétan liwat Bajanegara sabanjurè tekan Segara Jawa. Bengawan Solo awujud kali sing paling dawa dhëwë ing Pulo Jawa, yakuwi kira-kira 540 kilometer dawané. Sakliyané nduwèni fungsi minangka sarana pengairan kanggoné wrga ing tlatah sing diliwati, tlatah Bengawan Solo kawentar minangka tlatah sing nyimpen sajarah anthropologi kuna. Wilayah Kali Bengawan Solo ambané ana kurang luwih 20.125 km persegi. Saka wilayah Pegunungan Sewu Bengawan Solo mili ngliwati 20 kabupatèn/ kutha. Yaiku 9 kabupatèn ing Jawa Tengah: Wanagiri, Klathèn, Sukaharja, Karanganyar, Bayalali, Sragèn, Blora, Rembang lan kutha Surakarta. Déné ing wilayah Jawa Wétan ana 11 Kabupatèn sing diliwati yakuwi: Ngawi, Magetan, Panaraga, Madiun, Pacitan, Bajanegara, Tuban, Lamongan, Gresik lan Surabaya, saterusé mili tekan Segara Jawa. [1]

Akèh pigunané[sunting | sunting sumber]

Sumber panguripan[sunting | sunting sumber]

Penambang Pasir ing ngisor kreteg Bengawan Sala

Banyu Bengawan Sala wis akèh gunané kanggo panguripané masarakat sing manggon ing dhaerah ilèné. Cathetan taun 1998, pedunung sing manggon ing dhaerah ilèné Bengawan Sala kecathet ana 15,3 yuta jiwa, utawa padha karo 12,8 persèn saka kabèh pedunung Pulo Jawa. Sawetara kurang luwih 76 persèn pedunung mau golèk panguripan saka budidaya sèktor tetanèn. Sakliyané pengairan, banyu Bengawan Solo uga dadi sumberé banyu ngombé, sumber tenaga listrik, budidaya iwak banyu tawa lan tambak, lan sawetara pedunung uga golèk panguripan saka njupuki pasir. Sebagéan [2]

Sumber Air Baku[sunting | sunting sumber]

Banyu Bengawan Solo, utamané sing wis dibendung dimanfaataké kanggo sumber bahan baku banyu ngombé lan industri.

Sumber Tenaga Listrik[sunting | sunting sumber]

Bendungan Bengawan Solo, contoné Bendung Wonogiri, minangka sumber ènèrgi listrik sing migunani banget tumraping kaperluan sadina-dina lan kaperluan indhustri.

Daerah Panelitèn Arkéologi[sunting | sunting sumber]

  • Sangiran sing dumunung ana ing tlatah ilèn Bengawan Solo mujudaké dhaérah wigati tumraping ilmu arkéologi. Von Koenigswald ing taun 1941 nemokaké fosil manungsa purba sing dijenengké Meganthropus Palaeojavanicus sing artiné manungsa raksasa paling tua saka Pulo Jawa. Fosil mau diperkiraké urip antara 20 juta - 15 yuto taun kapungkur.
  • Ngandong. Séjéné Sangiran, uga naté ditemokaké fosil manungsa purba ing désa Ngandong, Solo. Fosil manungsa sing ditemokaké ing daerah Ngandong lembah Sungai Bengawan Solo taun 1931 - 1934. mau sakwisé diteliti déning Von Koenigswald lan Weidenreich banjur dijenengké Homo Sapiend Soloensis (Homo Soloensis). [3]

Wisata Purba[sunting | sunting sumber]

  • Lembah Giritontro. Mirip karo riwayaté kali Amazon di Amerika Kidul, Kali Bengawan Solo ing jaman biyèn ora mili ngalor tumuuju Segara Jawa kaya saiki, nanging mengidul tumuju Samudra Hindhia. Bukti-bukti geologis, lan uga arkeologis, nuduhaké yèn Kali Bengawan Solo Purba mbiyèné nduwèni muara ing Teluk Sadeng, Gunung Kidul, Yogyakarta. Déné huluné saka Lembah Giritontro, sawijining kawasan pegunungan karst ing Kabupatèn Wanagiri, Jawa Tengah. Nanging, prosès tèktonik arupa pangangkatan lan molèté sesar pegunungan ing sisih kidul nyebabaké arus kali mbalik arah ngalor. Bengawan Solo banjur kebendung lan mujudaké bunderan telaga ing saubengé Batureto nganti Eromoko, Wonogiri. Sebab arah arus kaliné mbalik, tilas badan kali purba saiki malih rupa dadi lembah garing abadi sing dikenal kanthi jeneng Lembah Giritontro. Lembah iku mau nembé ditemokaké ing lereng Gunung Sewu bagian tengah ana ing taun 1936. Lembah sing dawané udakara 20 kilometer iku nrobos pegunungan kidul ing Kabupaten Wonogiri bagian kidul. Lembah Giritontro banjur berkembang dadi kawasan sing langka. Proses pembentukané sing makan wektu nganti 7 yuta taun iku akèh nyimpen bukti sifat bumi, kayata pengangkatan nganti makaping-kaping lan pembentukan gua-gua sing tau dadi hunian manungsa prasejarah. [4]
  • Pesisir Sadèng. Sakjroning dalan nuju Pantai Sadeng, jalur aliran Bengawan Solo Purba bisa dinikmati pemandangané. Jalur aliran iku bisa dideleng sakwisé tekan panggonan sing ana plang biru sing ana tulisné "Girisubo - Ibukota Kecamatan". Mandheg sauntara ing pinggir dalan nuju pesisir utawa mlaku lon-lonan mujudaké cara paling tepat kanggo nikmati pemandangan tilas aliran kali iki. Katon perbukitan kapur sing dhuwur-dhuwur ngapit sawijining lembah sing mauné jalur aliran kali. Dataran rendah sing saiki dadi lahan palawija penduduk setempat iku menggak menggok, wiwitané ngalor tekan wilayah Pracimantoro, Kabupaten Wonogiri,terus menggok ngidul akhiré tekan pesisir Sadèng. Pesisir Sadèng saikiné wis dadi pelabuhan perikanan sing maju, kabuktèaké kanthi anané kelengkapan sarana pendukung sing sarwa pepak, kayata perahu motor ukuran gedhé, terminal pengisian bahan bakar, rumah pondokan nelayan nganti anané panggonan pelelangan ikan lan koperasi. [5]

Bebayané[sunting | sunting sumber]

Banjir[sunting | sunting sumber]

Bajanegara, salah sawijing dhaérah ilèn Bengawan Solo bagéan hilir kerep banget katerjang banjir, sing dijenengaké rob. Sasi April 2007 Bajanegara katerjang banjir gedhé sing nglubèri 14 kecamatan yakuwi Margamulya, Ngraho, Padangan, Kasiman, Purwasari, Kalitidu, Malo, Trucuk, Bajanegara, Kapas, Balen, Sumbereja, Kanor, lan Baurena. Banjir uga melanda Tuban sing dumunung ana ing tlatah hilir Bengawan Solo. [6]

Pancemaran Kali[sunting | sunting sumber]

Kondhisi banyu kali ing dhaérah Kabupatèn Sragèn kala-kala nduwèni warna rupa-rupa, nandhaaké anané pancemaran déning limbah indhustri. Gedhé kemungkinané yèn lemah-lemah ing saubengé kali mau uga wis tercemar saéngga matèni mikroorganisme ing njeroné. Kualitas banyu saka hulu uga wis ora memenuhi syarat kanggo sarana rekreasi banyu, budidaya iwak banyu tawa, peternakan, lan mbanyoni tanduran. Parameter sing ngluwihi baku mutu kualitas banyu sing wis ditentokké yakuwi biochemical oxygen demand (BOD) kelas II lan chemical oxygen demand (COD). Ing Kutha Solo, parameter sing ngluwiihi baku mutu kualitas banyu sing wis ditentokaké yakuwi total suspended solid (TSS) kelas II, nitrit awujud N kelas II lan III, BOD kelas II, lan COD. Bab iki mertandhani yèn banyu Bengawan Solo ing Jurug, Surakarta, ngandung akèh bahan pencemar, saka limbah industri utawa pertanian, kayadéné abuk kimia. Uji sumur warga uga nuduhaké kasil sing padha. Kualitas banyu sumur penduduk ing Desa Getas, Cepu, Blora, contoné, isih kagolong apik lan bisa dimanfaatké kanggo keperluan rumah tangga sedina-dina. Nanging, amerga zat Mangan atau Mn ngluwihi ambang batas rupané banyu dadi semu soklat. Analisis bakteri Escherichia coli ana ing banyu sumur lan banyu Bengawan Solo ing sawetara titik lokasi pengamatan, nduduhaké yèn jinis banyu ana ing panggonan kuwi nduwèni kandungan bakteri ngluwihi ambang batas kanggo bahan baku banyu ombèn. Akèhing kandungan bakteri Escherichia coli biasané disebabaké déning anané pencemaran limbah rumah tangga, utamané saka tinja manungsa dan kotoran kéwan. [7]

Kerusakan Lingkungan Hilir[sunting | sunting sumber]

Nelusuri muara Bengawan Solo ing Ujung Pangkah, Gresik, Jawa Timur, nimbulaké rasa prihatin. Grumbul wit bakau wis arang-arang. Puluhan nganti atusan hektar tambak urang lan bandeng, sing ngonversi alas bakau wis kari nunggu wektu diuntal déning ombak saka Selat Madura. Semono uga wilayah sing biyèn naté dadi suaka manuk iku saiki sepi nyenyet ora ana ocèhan manuk manèh. Ujung Pangkah biyèn sugih iwak lan kasil segara liyané. Saikiné sethithik mbaka sethithik, degradasi wis ngrubah wilayah mau dadi wilayah miskin. Para nelayan ngresula merga minimé tangkapan iwak, ora mung jumlahé nanging uga kualitasé mudhun. Era kejayaan tambak urang windu wis mung kari dongèng. Kawit limang tahun terakhir, ceritanya genti lakon tekané penyakit bintik putih sing ngurangi produktivitas tambak. Ya mesthi waé, sebagéan besar petambak ngalihké usaha mumbudidaya bandeng sing luwih tahan penyakit. Data Dinas Kehutanan lan Perikanan Kabupaten Gresik taun 2002 nyebutaké,yèn 250 hektar kawasan pesisir ngalami abrasi. Menurut staf Yayasan Bina Alam Indonesia sing neliti pesisir Ujung Pangkah, Edi Purwanto, yèn tegakan bakau ing Ujung Pangkah dikumpulké dadi siji, ambané udakara mung kari limang hektar waé. [8]

Upaya Nangani[sunting | sunting sumber]

Prasarana Pengairan yang selesai dan dalam pembangunan[sunting | sunting sumber]

  • Bendungan Serbaguna Wonogiri (rampung 1981) kapasitas tampungan banyu 735 yuta m3, fungsiné kanggo nyimpen banyu kanggo kaperluan irigasi, pertanian, pembangkitan tenaga listrik lan sekaligus pengendali banjir.
  • Bendungan-bendungan pemasok air irigasi, yaiku Nawangan, Parang joho,Songputri, Nekuk, Gondang lan Pondok.
  • Dam penahan sedimen dan groundsill ing DPS Bengawan Solo bagéan Hulu 27 unit, ing sub DPS Kali Madiun lan DPS Pacitan (Kali Grindulu) 37 unit.
  • Pembangunan jaringan irigasi, Daerah Irigasi Wonogiri, Nawangan, Parangjoho, Songputri, Nekuk, Gondang, Hulu Saluran Induk Colo Timur, Pompa di Bengawan Solo Hilir.
  • Perbaikan kali Bengawan Solo Hulu lan cabang-cabangé karo Kali Madiun kanggo ngendalèaké banjir.
  • Pembangunan bendung karet Tirtonadi ing Surakarta, Bendung Karet Jati, Kori, Gombal, Celeng, Sungkur, Bringin, Pulo lan Jejeruk ana ing daerah Madiun sarta Bendung Karet Kali Lamong.
  • Perbaikan kali Bengawan Solo Hilir yaiku perbaikan kali Bengawan Solo saka Babat tekan Kali Mireng kanggo nglindhungi daerah produksi pangan ing Bengawan Jero sing ambané kurang luwih 40 ha; saluran pengelak banjir (flood way) Plangwot Sedayu lawas kapasitas 600 m3/detik. Total dana yang diinvestasèaké Pemerintah kanggo Pengembangan Wilayah Kali Bengawan Solo nganti titiwanci taun 1999 kurang luwih Rp 1 triliun (APBN + BLN).

Manfaat kanthi rampungé pembangunan prasarana pengairan[sunting | sunting sumber]

  • Pengendalian banjir kanggo periode ulang 10 taunan lan 5 taunan.
  • Penyediaan air irigasi kanggo Daerah Irigasi sing ambané 43.174 Ha.
  • Pembangkit enersi listrik gedhéné 57,365 yuta KWh/th.
  • Penyediaan air baku banyu ngombé sing gedhéné ± 4,2 yuta m3/tahun
  • Penyediaan air baku industri gedhéné ± 54,3 yuta m3/tahun.
  • Perikanan waduk nganggo sistem tebar bebas.
  • Potensi Pariwisata lan Olah Raga air (Waduk Wonogiri). [9]

Program Bantuan Jepang[sunting | sunting sumber]

Perbaikan bendungan lan tebing Bengawan Solo wilayah hilir kanthi dana gedhéné 10,796 milyar Yen (sekitar US$. 104,1 milyar atau Rp. 892,8 milyar). Proyek iki arupa pembangunan tanggul (embankment) ing wilayah hilir Bengawan Solo, pembangunan flood-way, pembangunan bendungan Babat lan pembangunan dalan saluran banyu ing Jabung Ring Dam. Proyek iki dikarepaké bakal bisa ningkataké kasejahteraan lan aktivitas perekonomian masyarakat karo ngurangi kerugian sing diakibataké déning banjir, sarta ngembangké sumber daya banyu kanggo keperluan sedina-dina, industri lan pertanian. [10]

Prasarana Pengairan ing Wilayah Bengawan Solo[sunting | sunting sumber]

  • Bendungan Wonogiri, Kali Bengawan Solo
  • Bendung Colo, Kali Bengawan Solo
  • Bendung Karet Jati, Kali Madiun
  • Bendung Karet Sedayu Lawas, Floodway Plangwot Sedayulawas
  • Bendung Delimas, Kali Ceper
  • Bendung Juranggantung, Kali Lohgede
  • Bendung Kalongan, Kali Siwaluh
  • Bendung Delingan, Kali Tempuran
  • Bendung Dilem, Kali Cemer
  • Bendung Catur, Kali Catur
  • Bendung Brangkal, Kali Brangkal
  • Bendung Junke, Kali Junke
  • Bendung Karet Jejeruk, Kali Gandong
  • Bendung Gayung, Kali Tinil [11]

Referensi[sunting | sunting sumber]

Kapurih Ugi Mirsani[sunting | sunting sumber]

(id)Wikipedia Indonesia

Pranala Jaba[sunting | sunting sumber]

(en)Bengawan Solo

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bengawan_Sala&oldid=819812"