Kabupatèn Sukoharjo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Kabupatèn Sukaharja)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kabupatèn Sukaharja
Lambang Kabupatèn Sukaharja
Lambang Sukaharja
Motto: "Maju Aman Konstitusional Mantap Unggul Rapi ( Makmur )"
Peta Lokasi Kabupatèn Brebes
Dina Dadi: ...
Ibukutha: Sukaharja
Bupati: Bambang Kiranto
Wakil Bupati: ...
Jembar
 - Total:

444,666 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

12
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

...
+/- ... / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawen, Islam, Protestan, Katulik, Hindu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Bahasa Indonesia

Kabupatèn Sukaharja iku sawijining kabupatèn ing tengahe provinsi Jawa Tengah lan kabupatèn paling cilik kapindho ing Jawa Tengah, ambane ana 446,666 km².

Kabupatèn Sukaharja madeg tanggal 15 Juli 1946 kapungkur, kang nalika iku kahanan dhaerahe isih sepi lan durung maju.[1] Jeneng Kabupatèn Sukaharja asale saka tembung bumi sing tansah asung “Suka” (Jawa=seneng) lan “Raharja” (makmur).[1] Saka owah gingsir tembung banjur malih jeneng Sukaharja, saka teges dhaerah kang bisa gawe seneng lan makmur.[1] Mula pemda Sukaharja banjur nggunakake motto – pembangunan: SUKAHARJA MAKMUR saka tembung Sukoharjo Maju-Aman-Konstitusional-Mantap-Unggul-Rapi.[1]

Kabupatèn Sukaharja iku sawijining jalur transit transportasi, karo terminal Kartasura sing kaanggep dadi pusat transit kendaraan sing bakal nganggo jalur lor liwat Semarang lan uga jalur kidul liwat Ngayogyakarta. Dadi bisa diarani poros Kawasan Joglosemar (Jogja, Solo lan Semarang).

Bab lan Paragraf

Wates tlatah [sunting]

  1. Sisih lor: Surakarta lan Kabupatèn Karanganyar
  2. Sisih wetan: Kabupatèn Karanganyar
  3. Sisih kidul: Kabupatèn Gunung Kidul (DIY) lan Kabupatèn Wanagiri
  4. Sisih kulon: Kabupatèn Bayalali lan Kabupatèn Klathèn

Geografis [sunting]

Panggonane ing antara 7°32'17" - 7°49'32" lintang kidul lan 110°42'06,79" - I I0°5T33.7" bujur wetan

Kecamatan [sunting]

Kabupatèn Sukaharja kadhiri saka 12 Kecamatan lan 17 kalurahan, karo 150 désa; 1.404 RW lan 4.103 RT:

  1. Kecamatan Kartasura, 10 desa lan 2 kalurahan
  2. Kecamatan Getak, 14 desa
  3. Kecamatan Baki, 14 desa
  4. Kecamatan Grogol, 14 desa
  5. Kecamatan Sukaharja, 14 kalurahan
  6. Kecamatan Tawangsari, 12 desa
  7. Kecamatan Weru, 13 desa
  8. Kecamatan Bulu, 12 desa
  9. Kecamatan Nguter, 16 desa
  10. Kecamatan Majalaban, 15 desa
  11. Kecamatan Palakerta, 17 desa
  12. Kecamatan Bendhasari, 14 desa

Pranala Jaba [sunting]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d (id)Ature: Eman Soewarno. (1982). “Satleraman Kabupaten Sukoharjo”. Yogyakarta: Djaka Lodang 04 Sabtu Paing 21 Juni 1997 Taun XXVII kaca 46