Kabupatèn Wanasaba
|
|||
| Motto: "---" |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | ... | ||
| Ibukutha: | Wanasaba | ||
| Bupati: | --- | ||
| Wakil Bupati: | --- | ||
| Jembar - Total: |
984,68 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
15 Kecamatan |
||
| Pedunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 760.000 (2003) +/- 772 jiwa / km² |
||
| Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
| Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katulik, Hindhu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Jawa lan Basa Indonesia | ||
Kabupatèn Wanasaba (panulisan ing basa Indonesia Wonosobo) iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing tengah-tengah provinsi Jawa Tengah, kutha Wanasaba iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Jembar wilayah Kabupatèn iki ± 984,68 km² utawa --- hèktar.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografis
Sebagéan gedhé wewengkon Kabupatèn Wanasaba arupa dhaérah pagunungan. Bagéan wétan (tapel wates karo Kabupatèn Temanggung) dumunung loro gunung berapi: Gunung Sindoro (3.136 meter) lan Gunung Sumbing (3.371 meter). Dhaérah lor minangka bagéan saka Dhataran Dhuwur Dieng, kanthi pucuké Gunung Prahu (2.565 meter). Ing sisih kidul, dumunung Wadhuk Wadaslintang.
Ibukutha Kabupatèn Wanasaba dumunung ing tengah-tengah wilayah Kabupatèn, sing dadi dhaérah hulu Kali Serayu. Wanasaba diliwati dalan propinsi sing nggabungaké Kutha Semarang-Kutha Purwakerta.
[sunting] Makna Lambang
- Garis-garis vertikal awarna ireng maknané curah udan kanthi intènsitas dhuwur.
- Loro gunung nandhakaké yèn Kutha Wanasaba sing ASRI dumunung ing sikiling Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing.
- Garis gelombang horisontal awarna kuning mertandhani yèn ing dhaérah Wanasaba akèh tinemu sumber banyu.
- Pari lan kapas sing kagambar ing pinggir pledge mertandhani yèn Wanasaba iku dhaérah subur.
- Tulisan SWATANTRA ing pita putih nduwèni tékad supaya Wanasaba dadi dhaérah sing mandhiri.
[sunting] Pamaréntahan
Kabupatèn Wanasaba ketata saking 15 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Wanasaba yaiku:
- Kecamatan Garung
- Kecamatan Kalibawang
- Kecamatan Kalikajar
- Kecamatan Kaliwiro
- Kecamatan Kejajar
- Kecamatan Kepil
- Kecamatan Kertek
- Kecamatan Leksono
- Kecamatan Mojotengah
- Kecamatan Sapuran
- Kecamatan Selomerto
- Kecamatan Sukoharjo
- Kecamatan Wadaslintang
- Kecamatan Watumalang
- Kecamatan Wonosobo
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba
|
|||||||
|
||||||||||||||||||

