Kabupatèn Kebumèn
|
|||
| Motto: "KEBUMEN BERIMAN" |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | ... | ||
| Ibu kota: | Kebumen | ||
| Bupati: | H.Buyar Winarso,SE. | ||
| Wakil Bupati: | Djuwarni,AMd | ||
| Jembar - Total: |
1.282,74 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
26 Kecamatan |
||
| Pedhunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 1.194.000 (2003) +/- 931 / km² |
||
| Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
| Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Banyumasan, Basa Jawa lan Basa Indonesia | ||
Kabupaten Kebumen inggih punika salah satunggaling Kabupaten wonten ing Jawa Tengah, papanipun wonten ing sisih kidul. Kutha Kebumen inggih punika ibu kota Kabupatenipun, kutha-kutha sasanesipun inggih punika: '''Gombong''','''Kutowinangun''', '''Prembun''', '''Petanahan'''] lan sapanunggalane. Ambanipun wilayah Kabupaten Kebumen punika kirang langkung 1.282,74 km² utawa --- hektar.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Nama Kabupaten Kebumen inggih punika asalipun saking Kabumian ingkang ateges papan panggenanipun Kyai Bumi sasampunipun dipundadosaken papan pelarian Pangeran Bumidirja utawi Pangeran Mangkubumi wanci 26 Juni 1677, nalika Sunan Amangkurat 1 taksih dados panguwaos. Kebumen punika nate kaserat wonten ing peta sejarah nasional dumados salah satunggaling tonggak patriotik wonten ing panyerbuan prajurit Mataram ing zaman Sultan Agung tumuju benteng pertahanan Belandaa wonten ing Batavia. Wekdal punika namanipun kebumen taksih Panjer. Salah sawijining wayahipun Pangeran Senopati inggih punika Bagus Bodronolo ingkang dipunlairake wonten ing Dusun Karanglo, Panjer. Andhedhasar panyuwunanipun Ki Suwarno, utusanipun Mataram ingkang gadhah tugas dumados petugas ingkang ngawontenaken logistik utawa bahan pangan, saged ngumpulake bahan pangan saking daerah punika kanthi dalan tumbas.Kasagedanipun damel lumbung pari ingkang ageng ateges kangge prajurit Mataram, kangge penghargaan Sultan Agung, Ki Suwarno saklajengipun dipunangkat dumados Bupati Panjer, lan Bagus Bodronolo nderek dipun kirim wonten ing Bativia dumados prajurit pengawal pangan.
[sunting] Geografis
Miturutipun geografis, Kabupaten Kebumen wonten ing 7°27' - 7°50' Lintang Selatan dan 109°22' - 109°50' Bujur Timur. Sisih kidul Kabupaten Kebumen inggih punika dataran rendah. Sisih lor punika awujud pegunungan, ingkang bagianipun saking rangkaianipun Pegunungan Serayu. Ing Kidulipun Gombong, wonten rangkaian pegunungan kapur, ingkang ambujur dumugi Laut Kidul. Ing daerah punika wonten gua ingkang gadhah stalagtit lan stalagmit.
[sunting] Pemerentahan
Kabupaten Kebumen ketata saking 26 kecamatan, 11 kelurahan lan 449 desa. Pusat pemerintahanipun wonten ing Kecamatan Kebumen. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupaten Kebumen, yaiku:
- Kecamatan Adimulyo
- Kecamatan Alian
- Kecamatan Ambal
- Kecamatan Ayah
- Kecamatan Bonorowo
- Kecamatan Buayan
- Kecamatan Bulupesantren
- Kecamatan Gombong
- Kecamatan Karanganyar
- Kecamatan Karanggayam
- Kecamatan Karangsambung
- Kecamatan Kebumen
- Kecamatan Klirong
- Kecamatan Kutowinangun
- Kecamatan Kuwarasan
- Kecamatan Mirit
- Kecamatan Padureso
- Kecamatan Pejagoan
- Kecamatan Petanahan
- Kecamatan Poncowarno
- Kecamatan Prembun
- Kecamatan Puring
- Kecamatan Rowokele
- Kecamatan Sadang
- Kecamatan Sempor
- Kecamatan Sruweng
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba
|
|||||||
|
||||||||||||||||||
