Kabupatèn Magelang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kabupaten Magelang
Lambang Magelang.jpg
Lambang Magelang
Motto: "Magelang Kota Harapan"
Locator kabupaten magelang.png
Dina Dadi: 11 April 907 Masehi[1]
Ibukutha: Mungkid
Bupati: Ir H Singgih Sanyoto
Wakil Bupati: HM.Zaenal Arifin SH
Jembar
 - Total:

1.085,73 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

21 Kecamatan
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 1.144.000 (2003)
+/- 1.054 jiwa/km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonesia

Kabupaten Magelang iku salah siji kabupaten ing Jawa Tengah, lokasine ing lor DIY, kutha Mungkid iku ibukutha kabupatene, kota-kota liyane : ---, lan liya-liyane. Luas wilayah Kabupaten iki ± 1.085,73 km² utawa --- hektar.[2] Magelang iku ana ing dataran Kedu, antarane gunung Merbabu lan gunung Sumbing ing Jawa Tengah, Indonesia. Manut struktur pemerintahan, Magelang dibagi dadi 2, yaiku kabupaten lan kotamadya. Kabupaten Magelang lan Kotamadya Magelang.

Bab lan Paragraf

Sajarah[sunting]

Geografis[sunting]

Magelang dumunung ing tengah-tengahe Pulau Jawa lan ana ing persimpangan poros utama Yogyakarta-Semarang, Yogyakarta-Wonosobo, lan Semarang-Kebumen-Cilacap. Magelang adohe kira-kira 65 kilometer saka Semarang lan 42 kilometer saka Yogyakarta. Dumunung ing antarane 110o 01 51 lan 110o 26 58 Bujur Timur lan antarane 7o 19 13 lan 7 42 16 Lintang Selatan. Kabupaten Magelang nduweni amba 18,13 kilometer persegi utawa 108.573 Ha, kira-kira 3,34% saka ambane Proponsi Jawa Tengah. Cacahe pendhudhuk yaiku 124.627 jiwa kaperang ing 17 kelurahan lan telu kecamatan. Magelang diubengi gunung-gunung lan bukit kayata Sindoro, Sumbing, Perahu, Telomoyo, Merbabu, Merapi, Andong, lan Menoreh. Ing Sajroning kutha Magelang ana bukit cilik kang arane "Gunung Tidar" dumunung ing jantung kutha kanthi dhuwure kira-kira 500 meter sadhuwure segara. Magelang nduweni iklim sejuk kanthi temperatur watara 25-27 derajat celcius.[3]

Miturut penggunaannya, ambane sawah ing Kabupaten Magelang surut yaiku dadi 37.323 Ha utawa kira-kira 34,29% saka sakabehing ambane Kabupaten Magelang. Kamangka, ambane lahan kering mundhak, yaiku dadi 71.341 Ha utawa 65,71 %. Saka ambane sawah kang 37.323 Ha; 23,28% berpengairan sedherhana; 22,19% mujudake sawah tadah udan, 17,79% mujudake sawah kang berpengairan teknis; lan 14,54% mujudake sawah berpengairan setengah teknis. Lahan garing kang dinggo tegalan, kebon kira-kira 50,81% saka sakabehing amba lahan garing. Prosentase kasebut mujudake angka paling gedhe yen dibandhingake karo prosentase penggunaan lahan garing kang liya. [4]

Pemerentahan[sunting]

Kabupaten Magelang ketata saking 21 kecamatan, lan 372 kelurahan utawa desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupaten Magelang yaiku:[5]

Panganan lan Plesiran[sunting]

Panganan khas[sunting]

Plesir[sunting]

Yen ing pariwisata, tlatah iki kondhang amarga tinggalan candhi-candhi jaman Jawa Kuna ing tangane Wangsa Syailendra. Prasasti-prasasti uga nudhuhake yen tlatah kene mbiyen kawentar. Tinggalan kang kondhang yaiku Candhi:[6]

Mangga Kapurih Ugi Mriksani[sunting]

Pranala Jaba[sunting]

Cathetan Suku[sunting]

  1. ^ magelangkota.go.id:Sejarah Kota Magelang (diaksès tanggal 2 September 2012)
  2. ^ (id)Daftar Jeneng Kecamatan Kelurahan/Desa & Kodepos ing Kabupaten Magelang Jawa Tengah (Jateng) kadeleng tanggal 10 Mei 2011
  3. ^ (id)regionalinvestment.com kadeleng tanggal 10 Mei 2011
  4. ^ (id)Kabupaten Magelang kadeleng tanggal 10 Mei 2011
  5. ^ (id)STATISTIK PENTING UNTUK PERENCANAAN DAN EVALUASI PEMBANGUNAN kadeleng tanggal 13 Mei 2011
  6. ^ (id)awalmula.com Kadeleng tanggal 13 Mei 2011