Désa
| Pamérangan administratif Indonesia |
|---|
| Tingkat Provinsi |
| Tingkat Kabupatèn/Kutha |
| Tingkat Kecamatan |
| Tingkat Kelurahan/Désa |
| Uga Delengen |
Désa, miturut dèfinisi universal, yaiku sawijining aglomerasi panggonan ing karang padésan (rural). Ing Indonesia, istilah désa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonesia sing ana ing ngisoré kecamatan lan dipandégani déning Kepala Désa. Kepala Désa iku biasané diarani Lurah. Wiwit lumakuné otonomi dhaérah Istilah désa bisa disebut kanthi jeneng liya, upamané ing Sumatra Kulon disebut nagari, lan ing Papua lan Kutai Kulon, Kalimantan Wétan disebut kampung. Semana uga kabèh istilah lan institusi ing désa bisa disebut kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat istiadat désa kasebut. Bab iki dadi salah siji pangakon lan pakurmatan Pemerintah marang asal usul lan adat istiadat saenggon.
Désa ing Indonésia [sunting]
Miturut Peraturan Pemerintah Nomor 72 Tahun 2005 ngenani Désa, disebut yèn désa iku sawijining kesatuan masyarakat hukum sing nduwèni wates-wates wilayah sing nduwèni wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masyarakat saenggon, miturut asal-usul lan adat istiadat saenggon sing diakoni lan diurmati jroning sistem Pemerintahan Negara Kesatuan Republik Indonésia.
Désa iku dudu bawahan kecamatan, amarga kecamatan minangka bagéan saka perangkat dhaérah kabupatèn/kutha, lan désa dudu bagéan saka perangkat dhaérah. Béda karo Kelurahan, désa nduwèni hak ngatur wilayahé luwih ombèr. Nanging jroning perkembangan sabanjuré, sawiji désa bisa diowahi statusé dadi kelurahan.
Kawenangan désa yaiku:
- Nyelenggarakaké urusan pemerintahan sing wis ana miturut hak asal usul désa
- Nyelenggarakaké urusan pemerintahan sing dadi kawenangan kabupatèn/kutha sing dipasrahaké pengaturané marang désa, yakuwi urusan pemerintahan sing sacara langsung bisa ningkataké pelayanan masyarakat.
- Tugas pembantuan saka Pemerintah, Pemerintah Provinsi, lan Pemerintah Kabupatèn/Kuthta
- Urusan pemerintahan liya sing dpasrahaké marang désa.
Pemerintahan Désa [sunting]
Désa nduwèni pemerintahan dhéwé. Pemerintahan désa dumadi saka Pemerintah désa (sing nyakup Kepala Désa lan Perangkat Désa) lan Badan Permusyawaratan Désa (BPD)