Kampung (Papua)
| Pamérangan administratif Indonésia |
|---|
| Tingkat Provinsi |
| Tingkat Kabupatèn/Kutha |
| Tingkat Kecamatan |
| Tingkat Kelurahan/Désa |
| Delengen uga |
|
Banjar • Dusun |
| sunting |
Kampung, kuwi pamérangan wilayah administratif ing Provinsi Papua, Indonesia ing sangisoré distrik. Istilah "Kampung" nggantèkaké "désa", sing sadurungé digunakaké ing Papua, kayadéné ing provinsi-provinsi liya ing Indonésia. Panetepan iki sarujuk karo Undhang-undhang Nomer 21 Taun 2001 bab Otonomi Khusus kanggo Provinsi Papua.
Kampung minangka kasatuan masarakat hukum sing nduwèni wates-wates wilayah sing duwé wewenang ngatur lan ngurus kapentingan masarakat ing papan kasebut, miturut asal-usul lan adat istiadat sing diakoni lan dikurmati jroning sistem Pamaréntahan Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Kampung dudu bawahan kecamatan, amarga kecamatan minangka bagéan saka perangkat dhaérah kabupatèn/kutha, lan Kampung dudu bagéyan saka perangkat dhaérah.