Pamérangan administratif Indonésia
| Pamérangan administratif Indonésia |
|---|
| Tingkat Provinsi |
| Tingkat Kabupatèn/Kutha |
| Tingkat Kecamatan |
| Tingkat Kelurahan/Désa |
| Delengen uga |
|
Banjar • Dusun |
| sunting |
Indonesia dipérang dadi sawetara provinsi sing sabanjuré dipérang manèh dadi kabupatèn lan kutha.
Bab lan Paragraf |
Tingkat provinsi[sunting]
Ana 33 provinsi ing Indonésia, saben provinsi nduwèni pamaréntahan dhaérah dhéwé sing dipimpin dénong gubernur. Saben provinsi duwé badan legislatif sing disebut Dhéwan Perwakilan Rakyat Dhaérah (DPRD). Gubernur lan anggota DPRD dipilih liwat pamilihan umum kanggo mangsa jabatan limang taun.
Papat provinsi nduwèni status khusus:
Saben provinsi dumadi saka kabupatèn lan kutha.
Tingkat kabupatèn/kutha[sunting]
Kabupatèn lan kutha duwé tingkat sing padha sarta nduwèni pamaréntah dhaérah lan badan legistatif dhéwé. Sacara umum, kabupatèn luwih jembar tinimbang kutha. Kabupatèn dipimpin déning bupati, déné kutha dipimpin déning walikutha. Bupati apadéné walikutha dipilih liwat prosès pamilihan umum.
Saben kabupatèn/kutha dumadi saka sawetara kecamatan/distrik.
Tingkat kecamatan/distrik[sunting]
Kecamatan, utawa disebut distrik ing provinsi Papua Kulon lan Papua, kuwi wilayah ing kabupatèn utawa kutha. Kecamatan dipimpin déning camat sing duwé status minangka pegawai negri sipil sarta duwé tanggung jawab marang bupati utawa walikutha.
Saben kecamatan/distrik dumadi saka sawetara kelurahan/désa.
Tingkat kelurahan/désa[sunting]
Tingkatan ing sangisoré kecamatan yakuwi kelurahan utawa désa. Kelurahan dipimpin déning lurah, déné désa dipimpin déning kepala désa.
Ing sawetara dhaérah, istilah liya dipigunakaké, antara liya:
- Nagari ing Sumatra Barat
- Kampung ing Papua
- Gampong ing Nanggroe Aceh Darussalam
|
|
||
|---|---|---|
| Prasajarah • Karajan Hindu-Buddha • Karajan Islam • Era Portugis • Era VOC • Era Walanda • Era Jepang | ![]() |
|
| Proklamasi • Mangsa transisi • Orde Lama • Orde Lama:Demokrasi Terpimpin • Gerakan 30 September • Orde Baru • Gerakan 1998 • Reformasi • Sajarah jeneng Indonésia | ||
| Pulo • Tlaga & Wadhuk • Gunung • Gunung geni • Taman nasional • Kali • Fauna • Flora | ||
| Administratif • Provinsi • Kutha & Kabupatèn • Hubungan luar negeri • Kapulisèn • Militer • Hukum • Badan lan Komisi | ||
| Partai pulitik • Presidhèn • Wakil Presidhèn • Kabinet • Pemilu | ||
| Prusahaan • Pariwisata • Transportasi • Pasar modhal • Bank • BUMN | ||
| Suku • Basa • Agama • Jeneng Indonésia | ||
| Arsitèktur • Seni • Film • Masakan • Tari • Mitologi • Pendhidhikan • Sastra • Media • Musik • Dina wigati • Olahraga • Busana Dhaérah | ||
|
Topik liya |
Bandar udhara • Tokoh • A - Z • Telekomunikasi • Kembang • Tandha Kaurmatan • Kodhe Telepon • Pambangkit Listrik • Télévisi Nasional • Télévisi Régional | |
| Gapura Indonésia | ||
