Dhistrik
| Pamérangan administratif Indonésia |
|---|
| Tingkat Provinsi |
| Tingkat Kabupatèn/Kutha |
| Tingkat Kecamatan |
| Tingkat Kelurahan/Désa |
| Delengen uga |
|
Banjar • Dusun |
| sunting |
-
Kanggé kaginan sanès, pirsani Dhistrik (disambiguasi).
Distrik, kuwi pamérangan wilayah administratif ing Provinsi Papua lan Papua Kulon, Indonesia ing sangisoré kabupatèn utawa kutha. Istilah "Distrik" nggantèkaké "kecamatan", sing sadurungé dipigunakaké kaya ing provinsi-provinsi liya ing Indonesia. Panetepan iki sairing karo Undhang-undhang Nomer 21 Taun 2001 bab Otonomi Khusus kanggo Provinsi Papua. Distrik minangka Perangkat Dhaérah Kabupatèn utawa Kutha ing Papua sing nduwèni wilayah kerja tinamtu sing dipimpin déning Kepala Distrik.
Distrik dipérang manèh dadi sawetara kampung, utawa kanthi jeneng liya miturut adat istiadat ing tlatah kasebut. Pambentukan, pamekaran, pambusakan, utawa panggabungan Distrik ditetepaké kanthi Peraturan Dhaérah Kabupatèn/Kutha.