Nagari
- Artikel iki ngenani pamérangan administratif ing Sumatera Kulon. Kanggo jinis aksara pirsani Aksara Dewanagari
| Pamérangan administratif Indonésia |
|---|
| Tingkat Provinsi |
| Tingkat Kabupatèn/Kutha |
| Tingkat Kecamatan |
| Tingkat Kelurahan/Désa |
| Delengen uga |
|
Banjar • Dusun |
| sunting |
Nagari, kuwi pamérangan wilayah administratif ing Provinsi Sumatra Kulon, Indonesia ing tataran sangisoré kecamatan. Istilah "Nagari" nggantèkaké "désa", sing sadurungé dipigunakaké ing Sumatra Kulon, kaya déné ing provinsi-provinsi liya ing Indonesia. Sawijining Nagari dipimpin déning Wali Nagari.
Nagari minangka kesatuan masarakat hukum sing nduwèni wates-wates wilayah sing duwé wewenang kanggo ngatur lan ngurus kapentingan masarakat ing papan kasebut, miturut asal-usul lan adat istiadat ing panggonan kasebut sing diakoni lan dikurmati jroning sistem Pamaréntahan Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Nagari dudu bawahan kecamatan, amarga kecamatan minangka bagéyan saka perangkat dhaérah kabupatèn/kutha, lan Nagari dudu minangka bagéyan saka perangkat dhaérah. Béda karo Kelurahan, Nagari nduwèni hak ngatur wilayahé sing lebih ombèr. Nanging jroning perkembangané, sawijining Nagari bisa ditingkataké statusé dadi kelurahan.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Struktur pamaréntahan
Nagari dipimpin déning Wali Nagari, lan dalam menjalankan pamaréntahané, Wali Nagari dibantu déning sawetara wong Kepala Jorong, kayadéné ketua RT. Wali Nagari dipilih déning anak nagari (pedunung nagari) sacara demokratis. Biasané sing dipilih dadi wali nagari kuwi wong sing dianggep paling nguwasani bab kabèh aspèk kauripan jroning budaya Minangkabau, saéngga wali nagari kasebut mampu njawab kabèh persoalan sing diadhepi anak nagari.
Jroning sawijining Nagari diwangun Kerapatan Adat Nagari, yakuwi lembaga sing duwé anggota Tungku Tigo Sajarangan. Tungku Tigo Sajarangan minangka rwakil anak nagari sing dumadi saka Alim Ulama, Cadiak Pandai (kaum intelektual) lan Niniak Mamak para pamimpin suku jroning sawijining Nagari. Kaputusan kaputusan wigati sing bakal dijupuk tansah dimusyawarahaké antara Wali Nagari lan Tungku Tigo Sajarangan ing Balai Adat utawa Balairung Sari Nagari.
Ing sawetara Kabupatèn, Nagari nduwèni wewenang sing cukup gedhé. Upamané ing Kabupatèn Solok, Nagari nduwèni 111 kawenangan saka Pamaréntah Kabupatèn, klebu ing antarané pangurusan Ijin Madegaké Bangunan (IMB) lan Surat Izin Tempat Usaha (SITU).
[sunting] Sajarah
Nagari wis ana sadurungé kamardikan Indonésia. Karajan Pagaruyung sajatiné minangka fèdherasi nagari-nagari sing dumunung ana ing Minangkabau. Kamungkinan gedhé sistem nagari uga wis ana sadurungé Adityawarman ngadegaké karajan kasebut.
Ing mangsa panjajahan Walanda pamaréntah kolonial ngowahi tatanan pamaréntahan nagari supaya ndhukung pamaréntahan. Kerapatan Nagari didadèkaké minangka lembaga pamaréntahan paling cendhèk. Penghulu-penghulu sing biyèné mimpin nagari sacara bebarengan saiki kudu milih salah siji ing antarané minangka Kepala Nagari.
Ing taun 1914 diwetokaké Ordonansi Nagari sing mbatesi anggota kerapatan nagari mung ing pengulu sing diakoni pamaréntah Hindia Walanda.
Sawisé proklamasi kamardikan sistem nagari iki diowahi supaya luwih cocog karo kahanan jaman. Ing taun 1946 dianakaké pamilihan langsung ing saindhenging Sumatra Kulon kanggo milih anggota Dewan Perwakilan Nagari lan Wali Nagari. Calon-calon sing dipilih ora diwatesi ing penghulu waé. Partai pulitik uga olèh ngajokaké calon. Ing kanyatan akèh anggota Dewan Perwakilan Nagari lan Wali Nagari kapilih sing saka anggota partai. Masyumi dadi partai sing ndominasi. Jroning mangsa perang kamardikan dibentuk uga organisasi pertahanan tingkat nagari, yaiku Badan Pengawal Negeri lan Kutha (BNPK). Badan iki diadegaké saka inisiatif Chatib Sulaiman.
Kabinet Natsir taun 1951 mbekokaké Dewan Perwakilan Rakyat ing provinsi Sumatera Tengah sing uga nyakup wilayah Sumatra Kulon saiki. Kanthi mangkonostatus dewan perwakilan tingkat nagari dadi ora cetha.
Taun 1974 Gubernur Harun Zain mutusaké ngangkat Kepala Nagari minangka pelaksana pamaréntahan lan Dewan Perwakilan Rakyat Nagari minangka lembaga legislatif paling cendhèk. Nanging kaputusan iki umuré ora dawa. Kanthi anané Undhang Undhang Nomer 5 Taun 1979 bab Pamaréntahan Désa, sistem Nagari diilangaké, lan jorong ditingkataké statusé dadi désa. Kadudukan Wali Nagari dibusak lan administrasi pamaréntahan dilakokaké déning para Kepala Désa.
Senadyan mangkono nagari isih dipertahanaké minangka lembaga tradisional. Perda No. 13 1983 ngatur bab madegé Kerapatan Adat Nagari (KAN) ing saben nagari sing lawas. Nanging KAN dhéwé ora nduwèni kakuwasan formal.
Owah-owahan péta pulitik nasional sing kadadéyan sabanjuré mbangkitaké manèh semangat masarakat Sumatra Kulon kanggo mbalèkaké pamaréntahan Nagari. Kanthi anané Otonomi Dhaérah ing taun 2001, istilah "Nagari" lan kaistiméwaané digunakaké manèh ing Sumatra Kulon.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Wacan
- Kahin, Audrey (2005). Saka Pambrontakan tumuju Integrasi: Sumatra Kulon lan Pulitik Indonesia 1926-1998. Yayasan Obor Indonesia. ISBN 979-461-519-6.
[sunting] Pranala jaba
- (id) Artikel Kategori Nagari (Sumber: Ranah-Minang.Com)
- (en) West Sumatra reinvents its original roots