Kepala Désa
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kepala Desa, iku pamimpining desa ing Indonésia. Kepala Desa arupa pimpinan saka pamarèntah desa. Masa jawatan Kepala Desa iku 6 taun, lan bisa didawaké kanggo sepisan manèh masa jawatan. Kepala Desa ora duwé tanggung jawab marang Camat, nanging mung dikoordinasikaké waé déning Camat. Jawatan Kepala Desa bisa disebut kanthi jeneng liya, upamané Wali Nagari (Sumatra Kulon) , Pambakal (Kalimantan Kidul), Hukum Tua (Sulawesi Lor).