Kabupatèn Kudus
|
|||
| Motto: “SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional)”[1] |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | 23 September 1549 M | ||
| Ibukutha: | Kudus | ||
| Bupati: | H. MUSTOFA | ||
| Wakil Bupati: | H. BUDIONO | ||
| Jembar - Total: |
425,17 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
9 Kecamatan |
||
| Pedunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 750.000 jiwa +/- --- / km² |
||
| Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
| Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katulik, Hindu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Jawa lan Basa Indonesia | ||
Kabupatèn Kudus iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, Indonésia. Ibukuthané yaiku Kutha Kudus sing dumunung ing jalur pantai lor wétan Jawa Tengah, yaiku ing antarané (Semarang-Surabaya). Kabupatèn iki wewatesan karo dengan Kabupatèn Pathi ing sisih wétan, Kabupatèn Grobogan lan Kabupatèn Demak ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Jepara ing sisih kulon. Kudus dikenal minangka kutha pengasil rokok krètèk paling gedhé ing Jawa Tengah. Saliyané iku Kudus uga minangka kutha santri, lan dadi punjering perkembangan agama islam ing abad tengahan. Bab iki bisa dideleng saka anané 3 makam wali/ sunan, yaiku Sunan Kudus , Sunan Muria lan Sunan Kedu.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
- Dumadiné Kutha Kudus
Dumadiné kutha kudus ora adoh saka perané Sunan Kudus. Jalaran ilmu lan kaprigelané, Sunan Kudus diwènèhi wewenang, mandégani jamaah Kaji, jalaran kuwi Sunan Kudus olèh gelar “Amir Haji” kang tegesé wong kang nguwasani urusan para Jama’ah Kaji. Panjenengané tau netep ing Baitul Maqdis saperlu sinau babagan agama Islam. Rikala semana ing kono lagi ana wabah penyakit, saingga akeh wong kang mati. Jalaran usahané Ja’far Shoddiq, wabah kasebut bisa dibrantas. Jalaran lelabuhané, Amir ing Palèstina mènèhi Ijazah Wilayah, yaiku wewenang nguwasani salah sawijiné papan ing Palestina. Kang katulis ing watu kang katulis kanthi aksara Arab kuna, nganti saiki isih utuh ing ndhuwur Mihrab Masjid Menara Kudus.
- Lelabuhané Sunan Kudus
Sunan Kudus ngajokaké panjaluk marang Amir Palèstina kang uga guruné, supaya wewenang salah sawijiné papan dipindah ing pulo Jawa. Panyuwunan kasebut diwujudaké lan Ja’far Shoddiq mulih menyang Jawa. Ja’far Shoddiq mbangun masjid ing daerah Kudus nalika taun 1956 H utawa 1548 M kanthi jeneng Al Manar utawa Masjid Al Aqsho, niru jeneng Masjid ing Yérusalem yaiku Masjidil Aqsho. Kutha Yerusalem uga diarani Baitul Maqdis utawa Al-Quds. Saka tembung Al-Quds kasebut banjur diarani Kudus, sateruse digunakake jeneng kutha Kudus nganti saiki. Sadurungé diarani Loaram, jeneng iki dinggo minangka jeneng desa Loram nganti saiki. Masjid kang diwangun Sunan Kudus kasebut dikenal minangka jeneng masjid Menara ing Kauman Kulon. Kawitané Sunan Kudus mapan ing dhaérah kuwi, cacahé kaum muslimin sansaya nambah saingga daérah ing sautara Masjid diarani Kauman, kang tegesé papan panggonan kaum muslimin.
- Carita Rakyat
Ana crita rakyat ing kudus ngenani apa jalarane bebrayan Kudus nganti saiki ora nyembelih sapi? Sadurungé ana kaum Islam, dhaérah Kudus lan saubengé klebu dhaérah Pusat Agama Hindhu. Rikala semana nalika Sunan Kudus ngelak, tau ditulungi pendhéta Hindhu kanthi mènèhi susu sapi. Jalaran kuwi minangka rasa panuwun, Sunan Kudus wektu kuwi nglarang nyembelih sapi amarga ing agama Hindhu, sapi kalebu kewan kang diajeni utawa dimuliakan.
- Dina Dumadiné Kutha Kudus
Dina dumadiné kutha Kudus ditetepaké tanggal 23 September 1549 M lan diatur ing Peraturan Daerah (PERDA) No. 11 taun 1990 ngenani Hari Jadi Kudus kang di babar tanggal 6 Juli 1990 yaiku ing era Bupati Kolonel Soedarsono. Dina dumadiné kutha Kudus dirayakaké kanthi parade, upacara, tasyakuran lan kagiyatan ing Al Aqsa / Masjid Menara kang diterusaké kanthi ritual keagamaan kayata doa bareng lan tahlil.
Geografis [sunting]
Kabupaten Kudus yaiku salah sawijiné Kabupatèn ing Jawa Tengah kang mapan ing sautara patang kabupatén yaitu : Sisih lor jèjèran karo kabupatèn Jepara lan Pati, sisih kulon jèjèran karo Kabupatèn Demak lan Jepara, sisih kidul jèjèran karo Kabupatèn Grobogan lan Pati, Sisih wétan jèjèran karo kabupaten Pati. Kabupatén kudus mapan ing 6 51' - 7 16' Lintang Selatan lan 110 36' - 110 50' Bujur Timur. Jarak paling adoh saka wétan tekan kulon yaiku 16 km lan saka lor tekan kidul kidul nganti 22 km. Dideleng saka tipografiné, Kabupatèn Kudus nduwèni ketinggian terendah 5 meter ning ndhuwur permukaan laut ing Kecamatan Undaan lan ketinggian tertinggi 1600 meter diatas permukaan laut ing Kecamatan Dawe. Jinisé lemah ing Kabupatèn Kudus akèh-akèhe yaiku aluvial coklat nganti 32,12 persen saka jembar lemah ing Kabupatèn Kudus. Akèh-akèhe lemah ing Kudus nduwèni kamiringan 0-2 derajat lan kedalaman efektif luwih saka 90 cm. Kelerengan 0 - 8% : Kecamatan Undaan ( Désa Undaan Kidul, Undaan Lor, Undaan Tengah ), Kecamatan Kaliwungu ( Désa Blimbing Kidul, Désa Sidorekso, Désa Kaliwungu) Kecamatan Gebog, Kecamatan Dawe ( Désa Margorejo, Désa Samirejo, Désa Karangrejo, Désa Cendono ), Kecamatan Jekulo ( Desa Jekulo )
- Kelerengan 8-15% : sebagéyan Kecamatan Jekulo, Kecamatan Dawe bagéyan kidul, Kecamatan Gebog ( Désa Gribig ) lan Kecamatan Mejobo ( Désa Jepang )
- Kelerengan 15-25% : Kecamatan Dawe ( Désa Kajar ) lan Gunung Patiayam bagian timur
- Kelerengan 25-45% : Gunung Patiayam bageyan lor, Kecamatan Gebog ( Désa Padurenan )
- Kelerengan > 45% : Kecamatan Dawe ( désa Ternadi), Kecamatan Gebog ( Désa Rahtawu, Désa Menawan ) lan dhaérah Puncak Muria bagéyan Kidul.
Kahanan mangsa ing Kabupatèn Kudus rata-rata dipengaruhi dening iklim tropis basah. Curah hujan ing Kabupatèn Kudus relatif ing ngisor rata-rata nganti 2000 mm/taun. Temperatur paling dhuwur nganti 33 derajat celcius lan paling ngisor nganti 26 derajat celcius kanthi temperatur rata-rata sautara 29 derajat celcius lan kelembaban rata-rata bulanan antaranè 72%-83%. Anginè yaiku angin kulon lan angin wétan sipaté lembab kanthi kelembaban sautara 88%, kecepatan angin minimum 5km/jam lan kecepatan angin maksimum bisa nganti 50 km/jam.
Pamaréntahan [sunting]
Kabupaten Kudus ketata saking 9 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupaten Kudus yaiku:
- Kecamatan Bae dumadi saka 14 désa.
- Kecamatan Dawe dumadi saka 18 désa.
- Kecamatan Gebog dumadi saka 11 désa.
- Kecamatan Jati dumadi saka 14 désa.
- Kecamatan Jekulo dumadi saka 12 désa.
- Kecamatan Kaliwungu dumadi saka 15 désa.
- Kecamatan Kudus dumadi saka 16 désa lan 9 kelurahan.
- Kecamatan Mejobo dumadi saka 11 désa.
- Kecamatan Undaan dumadi saka 16 désa.
Dhémografi [sunting]
Cacahing pedunung ing Kabupatèn Kudus ing taun 2010 ana gunggung 764.606 jiwa, dumadi saka 379.020 jiwa lanang lan 385.586 jiwa wadon. Yèn dideleng saka panyebarané kecamatan sing paling akèh gunggung pedunungé yaiku Kecamatan Jekula, Kecamatan Jati, Kecamatan Dawé lan sing paling sithik yaiku kecamatan Bae. Kapadhetan pedunung jroning kurun wektu limang taun (2006 – 2010) kapara ngalami mundhak sairing karo mundhaking gunggung pedunung. Ing taun 2010 kacathet ana 1.798 jiwa saben kilomèter pesagi. Déné sebaran pedunung isih durung warata, Kecamatan Kota minangka kecamatan sing paling padhet yaiku 8.738 jiwa per km2. Undaan paling arang pedunungé yaiku 961 jiwa per km2.
Panganan lan Plesiran [sunting]
Panganan khas [sunting]
- Jenang Kudus yaiku jajanan sajinis dhodhol garut khas kutha Kudus
- Soto Kudus yaiku salah sawijiné panganan khas Kudus arupa soto pitik utawa kebo.
- Soto kebo
- Madu mongso
- Keciput
- Lenthog
Plesiran [sunting]
- Menara Kudus, yaiku masjid ingkang dibangun déning Sunan Kudus ing taun 1549 Masèhi utawa taun 956 Hijriah
- Muséum krètèk, yaiku muséum barang-barang kolèksi sing gegayutan karo ngrembakaning perusahaan rokok krètèk ing Kudus.
- Omah adat
- Tugu Identitas Kudus, yaiku salah siji obyèk wisata ing désa Getas Pejaten, Kecamatan Jati, Kudus.
- Plesiran Colo
- Rahtawu
- Taman krida wisata
- Watu Payung Ternadi
- lan liya-liyane
Omah Daharan (Wandhe) [sunting]
Mangga Kapurih Ugi Mriksani [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Jaba [sunting]
|
|||||||
|
||||||||||||||||||


