Kaji

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ritual haji, rukun Islam sing pungkasan.
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Kaji utawa haji kuwi rukun (cagak agama) Islam kang kalima sawisé syahadat, shalat, zakat lan pasa. Nglakoni ibadah kaji minangka wujud ritual taunan kang dilakoni kaum muslim sadonya kang kuwawa (materi, fisik, lan ngèlmuné) kanthi teka lan nglakoni sawetara kagiatan ing sawetara panggonan suci ing Arab Saudi ana ing wektu kang dikenal minangka musim kaji (bulan Dzulhijjah). Bab iki béda karo ibadah umrah kang bisa dilaksanakaké sawektu-wektu. Kagiatan inti ibadah kaji diwiwiti tanggal 8 Dzulhijjah nalika umat Islam nginep ing Mina, wukuf ing Padang Arafah tanggal 9 Dzulhijjah, lan mungkasi sawisé mbalang jumrah (watu simbol sétan) ing tanggal 10 Dzulhijjah. Masyarakat Indonesia biasa nyebut dina riyaya Idul Adha minangka Dina riyaya kaji amarga bebarengan karo perayaan ibadah kaji.

Definisi[sunting | sunting sumber]

Sacara lughawi, kaji maknané nyengaja utawa tumuju lan nekani. [1] Miturut étimologi basa Arab, tembung kaji nduwèni makna qashd, yakuwi tujuan, maksud, lan nyengaja. Miturut istilah syara', kaji kuwi tumuju marang Baitullah lan panggonan-panggonan tartamtu kanggo nglakoni amalan-amalan ibadah. Kang dimaksudaké panggonan-panggonan tartamtu jroning definisi ing dhuwur yakuwi saliyané Ka'bah lan Mas'a (panggonan sa'i), uga Arafah, Muzdalifah, lan Mina. Kang dimaksudké wektu tartamtu yakuwi wulan-wulan kaji kang diwiwiti saka Syawal nganti sepuluh dina pisanan sasi Dzulhijjah. Déné amal ibadah tartamtu yakuwi thawaf, sa'i, wukuf, mazbit ing Muzdalifah, mbalang jumrah, mabit ing Mina, lan liya-liyane.[2]

Latar buri ibadah kaji[sunting | sunting sumber]

Wong-wong Arab zaman jahiliah wis kenal ibadah kaji iki kang diwarisi saka leluhuré kanthi owah-owahan sawetara. Nanging, wangun umumé isih tetep padha, kayata thawaf, sa'i, wukuf, lan mbalang jumrah. Mung waé tatacarané akèh kang ora cocok karo syariat kang sabeneré. Mula, Islam banjur teka lan ndandani segi-segi kang klèru lan tetep nglakoni apa kang wis cocok karo pituduh syara' (syariat), kayadéné kang diatur déning al-Qur'an lan sunnah rasul. [2] Latar belakang ibadah kaji iki uga didhasaraké marang ibadah kang dilakoni déning para nabi jroning agama Islam, utamané nabi Ibrahim (nabiné agama Tauhid). Ritual thawaf didhasaraké marang ibadah kang dilakoni déning umat-umat sadurungé nabi Ibarahim. Ritual sa'i, yakuwi mlayu-mlayu antara bukit Shafa lan Marwah uga didhasaraké kanggo mèngeti ritual kang dilakoni déning garwané nabi Ibrahim nalika golèk banyu kanggo anaké nabi Ismail. Déné wukuf ing Arafah kuwi ritual kanggo mèngeti panggonan ketemuné nabi Adam lan Siti Hawa ing donya, yakuwi mula bukané kelairan kabèh umat manungsa.

Jinis ibadah kaji[sunting | sunting sumber]

Padang Arafah ing musim kaji

Saben jamaah bébas milih jinis ibadah kaji kang arep dilakoni. Rasulullah SAW mènèhi kabebasan jroning bab iki, kaya kasebut ing hadis ing ngisor iki:

Aisyah (radhiyallahu anha) celathu: Kita mangkat ibadah bebarengan karo Rasulullah SAW ing taun hajjatul wada. Sawenèh ana kang nganggo ihram, kanggo kaji lan umrah lan ana uga kang nganggo ihram kanggo kaji. Wong kang ihram kanggo umrah nglakoni tahallul nalika wis tekan Baitullah. Déné wong kang ihram kanggo kaji yèn dhèwèké ngumpulaké kaji lan umrah. Mula dhèwèké ora nglakoni tahalul nganti rampung saka nahar.[3][1]

Jinis-jinis ibadah kaji:[1]

  • Kaji Ifrad, maknané dhèwèkan. Ibadah kaji diarani ifrad yèn nduwé karep ndhèwèaké kaji utawa ndhèwèkaké umrah. Kang didhisikké yakuwi ibadah kaji. Nalika nganggo sandhangan ihram ing miqat, pasang niat arep nglakoni ibadah kaji ndhisik. Yèn ibadah kaji wis rampung, nganggo ihram manèh kanggo ngayahi umrah.
  • Kaji Tamattu, maknané santai, yakuwi nglakoni umrah ndhidik ing wulan kaji, sawisé tahallul nganggo ihram manèh kanggo ngayahi ibadah kaji, ing taun kang padha. Tamattu uga bisa dilakoni kanthi ibadah kaji lan umrah ing wulan-wulan lan taun kang padha, tanpa mulih dhisik menyang negara asalé.
  • Kaji Qiran, maknané nggabungaké. Kang dikarepké yakuwi nyawijèkké ihram kanggo ibadah kaji lan umrah. Kaji qiran dilakoni kanthi tetep nganggo sandhangan ihram wiwit miqat makani lan nglakoni kabèh rukun lan wajib kaji nganti rampung, senajan suwé. Miturut Abu Hanifah, nglakoni kaji qiran, maknané nglakoni thawaf ping pindho lan sa'i ping pindho.

Rukun Kaji[sunting | sunting sumber]

  1. Ihram, niat sing gebleng kanggo ngayahi ibadah kaji. Ibadah iki diwiwiti nalika ngancik tlatah miqat (wates-wates sing wis ditetepaké).
  2. Wukuf ing Arafah, yakuwi mandheg utawa meneng ing padang Arafah wiwit lingsiré srengéngé tanggal 9 Zulhijah nganti pajar tanggal 10 Dzulhijah.
  3. Thawaf Ifadhah, yakuwi ngubengi ka'bah kaping pitu, syaraté : Suci, nutup aurat, Ka'bah dumunung ing sisih kiwa, miwiti tawaf saka arah Hajar Aswat.
  4. Sa'i, yakuwi mlaku cepet antara Shafa lan Marwah.
  5. Tahallul utawa Nyukur/nggunting rambut. Sethithiké nggunting telung ler rambut.
  6. Tertib, yakuwi ngayahi rukun haji kanthi urut.

Kagiatan jroning ibadah kaji[sunting | sunting sumber]

Kagiatan utama jroning ibadah kaji miturut urutan wektu:

  • Sadurungé 8 Dzulhijjah, umat Islam saka saindhenging donya wiwit teka kanggo ngayahi Tawaf Kaji ing Masjid Al Haram, Mekkah.
  • 8 Dzulhijjah, jamaah kaji kudu nginep ing Mina. Sadurungé, ésuk-ésuk tanggal 8 Dzulhijjah, kabèh padha nganggo sandhangan Ihram (rong lembar kain tanpa jaitan minangka sandhangan kaji), niat kaji, lan maca Talbiyah, tukuju Mina lan benginé kudu nginep ing Mina.
  • 9 Dzulhijjah, ésuk kabèh jamaah kaji lunga menyang Arafah kanggo nglakoni ibadah Wukuf, yakuwi meneng lan ndonga ing ara-ara amba iki nganti Maghrib. Bareng wis wengi, jamaah énggal mangkat lan nginep ing Muzdalifah.
  • 10 Dzulhijjah, sawisé ésuk, jamaah lunga menyang Mina kanggo mbalang Jumrah Aqabah, yaiku mbalang watu / krikil ping pitu marang tugu pisanan minangka simbol ngusir sétan. Sawisé cukur rambut utawa sebagéan rambut, jamaah bisa Tawaf Kaji (ngrampungké Kaji), utawa nginep ing Mina lan nerusaké mbalang jumrah (Ula lan Wustha).
  • 11 Dzulhijjah, mbalang jumrah sambungan (Ula) ing tugu pisanan, tugu kaloro, lan tugu katelu.
  • 12 Dzulhijjah, mbalang jumrah sambungan (Ula) ing tugu pisanan, tugu kaloro, lan tugu katelu.
  • Sadurungé mulih menyang negara asal, jamaah nglakoni Thawaf Wada' (thawaf pisahan).

Lokasi utama jroning ibadah kaji[sunting | sunting sumber]

Mekkah[sunting | sunting sumber]

Ing kutha iki ngadeg pusat ibadah umat Islam sadonya, Ka'bah, kang dumunung ing pusat Masjid Al Haram. Jroning ritual kaji, Mekkah dadi panggonan pambuka lan panutup ibadah iki nalika jamaah diwajibaké niat lan thawaf haji.

Arafah[sunting | sunting sumber]

Kutha ing sisih wétan Mekkah iki uga dikenal minangka panggonan pusat kaji, yakuwi panggonan kanggo wukuf. Dhaerah arupa ara-ara amba iki panggonan kumpulé rong yuta jamaah kaji saka saindhenging donya. Saliyané usum kaji, tlatah iki ora dianggo apa-apa.

Mina[sunting | sunting sumber]

Panggonan ngadegé tugu jumrah, yakuwi panggonan nglakoni ritual mbalangké watu marang tugu jumrah kanggo mèngeti nabi Ibrahim nalika ngusir sétan. Ana telu tugu yakuwi: Jumrah Aqabah, Jumrah Ula, lan Jumrah Wustha. Ing Mina iki para jamaah diwajibaké nginep sawengi.

Muzdalifah[sunting | sunting sumber]

Tlatah cedhak Mina lan Arafah, dikenal minangka panggonan jamaah kaji Mabit (nginep) lan ngumpulaké krikil kanggo mbalang jumrah ing Mina.

Madinah[sunting | sunting sumber]

Kutha suci kaloro umat Islam. Ing Madinah iki panutan umat Islam, Nabi Muhammad SAW disarèkaké ing Masjid Nabawi. Panggonan iki sakjané ora klebu jroning ritual ibadah kaji, nanging jamaah kaji biasané teka ing kutha kang dunungé watara 200 km loré Mekkah iki kanggo ziarah lan salat ing masjidé Nabi.

Jamaah saka Indonesia[sunting | sunting sumber]

Saben taun jamaah kaji saka Indonesia cukup akèh, watara 10% saka total jatah sadonya. Cacahing jamaah Indonesia sing budhal ibadah kaji wiwit taun 2000 nganti 2006[4]

  • Taun 2000: 174.495
  • Taun 2001: 192.297
  • Taun 2002: 196.813
  • Taun 2003: 201.319
  • Taun 2004: 204.945
  • Taun 2005: 189.843
  • Taun 2006: 203.609

Rekaman tragedi ibadah haji[sunting | sunting sumber]

  • Desember 1975: 200 jamaah tiwas ing sacedhaking kutha Makkah sawisé pipa gas njeblug lan ngobong sepuluh tendha.
  • 4 Desember 1979: 153 jamaah tiwas lan 560 liyané tatu nalika petugas kaamanan Arab Saudi sing dibantu tentara Prancis nyoba mbébaskan Masjid Al Haram sing disandra saklompok militan jroning rong minggu.
  • 31 Juli 1987: 402 jamaah tiwas, 275 ing antarané saka Iran, sawisé éwon jamaah Iran démonstrasi lan dilawan sacara fisik déning pihak kaamanan Arab Saudi. Akibat kuwi mau Arab Saudi mutusaké hubungan diplomatik karo Iran, sing sidané ora ngirim jamaahé nganti taun 1991.
  • 10 Juli 1989: siji jamaah tiwas lan 16 tatu saka panémbakan jroning Masjidil Haram. Sabanjuré 16 wong Kuwait sing nyerang mau diukum tembak mati.
  • 15 Juli 1989: lima jamaah asal Pakistan tiwas lan 34 liyané tatu akibat insiden panembakan déning klompok mawa senjata ing pomahan ing Mekkah.
  • 2 Juli 1990: 1.426 jamaah tiwas, akèh-akèhé saka Asia akibat kaprangkap ing trowongan Mina.
  • 24 Mei 1994: 270 jamaah tiwas akibat silih surung lan idak ing Mina.
  • 7 Mei 1995: tiga jamaah tiwas akibat kobongan ing Mina.
  • 15 April 1997: 343 jamaah tiwas lan 1.500 liyané tatu amarga kentèkan napas amarga kobongan tendha ing Mina. Saiki tendha-tendha wis digenti saka bahan sing tahan geni.
  • 9 April 1998: 118 jamaah tiwas amarga dhesek–dhesekan nalika mbalang jumrah.
  • 5 Maret 2001: 35 jamaah tiwas sarta puluhan liyanénya tatu amarga dhesek-dhesekan ing Jammarat.
  • 11 Februari 2003: 14 jamaah tiwas ing Jumrotul Mina – enem wanita.
  • 1 Februari 2004: 251 jamaah tiwas nalika mbalang jumrah.
  • 23 Januari 2005: 29 jamaah tiwas akibat banjir ing Madinah.
  • 5 Januari 2006: 76 tiwas akibat runtuhé panginepan al-Rayahin ing dalan Gaza, watara 200 meter sisih kulon Masjidil Haram.
  • 12 Jan 2006: Saora-orané 345 jamaah tiwas ing Jammarat.

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c Nogarsyah Moede Gayo, Pustaka pintar haji dan umrah, Inovasi, Jakarta:2003
  2. ^ a b Sundarmi Burkan Saleh, Pedoman haji, umrah, dan ziarah, Senayan Abadi Publishing, Jakarta:2003
  3. ^ HR. Ahmad, al-Bukhari, Muslim dan Malik dari 'Aisyah RA
  4. ^ [http://haji.depag.go.id/files/upload/prov.pdf Depag:DATA JEMAAH HAJI INDONESIA PER PROVINSI DARI TAHUN 2000 S.D. 2006]

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kaji&oldid=812744"