Muzdalifah
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Muzdalifah (Basa Arab: مزدلفة) iku papan panggonan arupa dhataran, sing dumunung sacedhaké Mekkah ing Saudi Arabia sing magepokan karo ritual ibadah kaji. Tlatah iki dunungé ing kidul-wétané Mina ing dalan sing ngubungaké Mina lan Arafah. Saben taun ing tanggal 9 Dhulhijah, sawisé shalat jamak takdim (shalat lohor digabung shalat Ashar ing wanci lohor) ing Arafat, jamaah kaji tumuju Muzdalifah ing wanci soré. Sebab saking akèhing manungsa, kerep para jamaah lagi bisa mlebu Muzdalifah ing tengah wengi. Ing Muzdalifah para jamaah mau nglumpukaké krikil (cacahé 49) kanggo mbalang jumrah ing Mina. Para jamaah kaji nginep ing Muzdalifah, kerep mung turu ing sangisoring langit tanpa téndha, sadurungé tumuju Mina dina ésuké.