Saréngat Islam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sarékat Islam lan Parté Komunis Indonésia

Saréngat Islam (Arab: شريعة‎‎ šarīʿah, ʃaˈriːʕa, "" ugi sinebat Hukum Islam, قانون إسلامي qānūn ʾIslāmī) inggih punika angger-angger pranating agami[1] utawi sadaya paugeran ingkang gegayutan kaliyan ngibadah ingkang sampun dipunsebutaken wonten ing Kuran saha Hadist. Inggih punika sadaya aturan ingkang nata lampahipun gesang tiyang Muslim Islam. Sasanèsipun aturan ugi ngewrat pirembagan prakawis gesang.

Sarengat saged dideleng saking babagan tetembungan lan istilah.[2] Saking babagan tetembungan, saréngat jarwanipun margi ingkang dipunlangkungi nanging saking babagan istilah jarwanipun gandhèng-cènèngipun manungsa kaliyan Allah, manungsa kaliyan satunggalipun, lan manungsa kaliyan alam.[2] Saréngat uga saged gadhah jarwa aturan ingkang ngéngini kaliyan kelakuanipun manungsa.[3] Kajawi punika, saréngat jarwané tujuan gesang manungsa inggih punika alam donya lan akérat.[4] Saréngat kantuk kaperang dados kalih bab, inggih punika ibadah lan muamalah.[2]

Wonten panemu benten babagan punapa sarengat kang cocog kagem dhemokrasi, hak asasi manungsa, kebebasan pamikir, hak para wanita, hak LGBT, lan perbankan.[5][6][7]

Gegambaran peken réncang tumbas abad kaping 13, wonten Yaman. Réncang tumbas lan selir dipunanggep bandhaning saréngat; saged dipuntumbas, dipunsadé, dipunsewakaken, dipunparingaken minangka hadiyah, dipunpantha-pantha, lan dipunwarisaken.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Kamus Basa Jawa Kanisius (2011:640)
  2. a b c Lembaga Pembinaan dan Pengembangan Agama Islam Universitas Islam Indonesia (2006). Akidah Islam. Yogyakarta: UII Press. kc. 79. ISBN 979-8413-09-1.
  3. "Pengertian Syariah Menurut Para Ahli". Dilihatnya. Diarsip saka sing asli ing 19 October 2015. Dibukak ing 15 November 2015.
  4. "Pengertian Syariah Menurut Para Pakar". Pengertian Pakar. Diarsip saka sing asli ing 4 March 2016. Dibukak ing 15 November 2015.
  5. An-Na'im, Abdullahi A (1996). "Islamic Foundations of Religious Human Rights". Ing Witte, John; van der Vyver, Johan D. (èd.). Religious Human Rights in Global Perspective: Religious Perspectives. kc. 337–59. ISBN 978-9041101792.
  6. Hajjar, Lisa (2004). "Religion, State Power, and Domestic Violence in Muslim Societies: A Framework for Comparative Analysis". Law & Social Inquiry. 29 (1): 1–38. doi:10.1111/j.1747-4469.2004.tb00329.x. JSTOR 4092696. S2CID 145681085.
  7. Al-Suwaidi, J. (1995). Arab and western conceptions of democracy; in Democracy, war, and peace in the Middle East (Editors: David Garnham, Mark A. Tessler), Indiana University Press, see Chapters 5 and 6; ISBN 978-0253209399[perlu nomeré kaca]

Pranala njaba[besut | besut sumber]