Yérusalem
|
|||||
| Katrangan cekak | |||||
|---|---|---|---|---|---|
| Jembar: | 63,78 km² | ||||
| Pedunung: | 760.800 jiwa(2009) | ||||
| Kapadhetan: | 5.768 jiwa per km² | ||||
| Suku bangsa: | Wong Yahudi,Arab, Arménia lan liya-liyané | ||||
| Agama: | Agama Yahudi, Islam, Kristen, lan liya-liyané. | ||||
| Situs wèb resmi: | http://www.jerusalem.muni.il | ||||
| Pulitik | |||||
| Walikutha: | Nir Barkat | ||||
Yérusalem (basa Ibrani: יְרוּשָׁלַיִם Yerushalayim; basa Arab: القدس al-Quds; iku sawijining kutha kuna ing Wétan Tengah sing wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi, Kristen, lan Islam.
Kutha iki saiki sacara de facto ibu kuthané Israel[1]. Nanging wong Palestina uga nuntut bagéyan wétan kutha iki sing arep didadekaké ibu kutha negarané ing masa ngarep.
Wiwit taun 2008 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat, sadurungé iku Uri Lupolianski, sawijining tokoh Yahudi Harédi utawa Yahudi Ultra Ortodoks.
Bab lan Paragraf |
Etimologi [sunting]
Tembung Semitik tumrap jeneng "Yerusalem" sing akèh disetujoni yaiku 'S-L-M' sing jrdoning basa Arab utawa Ibrani maknané damai,[2] kerukunan utawa kasampurnan. Sawijining kutha sing disebut Rušalimum utawa Urušalimum muncul jroning cathetan Mesir kuna minangka sawijining rujukan pisanan tumrap Yerusalem.[3] Wangun Mesir kasebut dikira-kira diturunaké saka jeneng lokal sing ana ing surat-surat Amarna, e.g: jroning EA 287 (ana sawetara wangun) Urusalim.[4][5] Wangun Yerushalayim (pelafalan Ibrani) pisanan muncul ing kitab Yosua. Wangun iki arupa sawiji portmanteau saka yerusha (pusaka) lan jeneng asli Shalem sing dudu arupa evolusi fonetik prasaja saka wangun iki jroning surat Amarna. Sebagéyan kalangan yakin anaé hubungan tembung iki karo tembung Shalim, déwa pemurah saka mitologi Ugarit sing dadi personifikasi wektu wengi.[6] Umumé panambang -im nuduhaké wangun jamak jroning tata basa Ibrani lan -ayim wangun gandha saéngga nuwuhaké anggepan yèn jeneng kasebut ngarujuk marang fakta kutha kasebut dumunung ing rong bukit.[7][8] Senadyan mangkono, lafal tembung pungkasan -ayim mung muncul jroning perkembangan pungkasan, lan ora ana ing mangsa Septuaginta. Jroning basa Yunani lan Latin tembung iki ditulis Hierosolyma. Jroning basa Arab, Yerusalem disebut Ursalim al-Quds utawa luwih populèr minangka al-Quds (Kudus). "Zion" wiwitané dianggep dadi pérangan saka kutha, nanging sabanjuré dadi tandha kutha sacara sakabèhané. Ing periode kakuwasan Raja Daud, kutha iki dikenal minangka Ir Daud (Kutha Daud).[9].
Sajarah [sunting]
Bukti-bukti keramik nuduhaké anané aktivitas ing Ofel, sing wektu iki dikenal kanthi jeneng Yerusalem ing Zaman Tembaga watara milenium ka-4 SM,[10] kanthi bukti sawijining pemukiman tetep sajroning awal Zaman Perunggu watara 3000–2800 SM.[10][11] Teks Kebencian (watara abad ke-9 SM), ngrujuk marang kutha sing disebut Roshlamem utawa Rosh-ramen[10] lan surat Amarna (watara abad ka-14 SM) manawa dadi sing sepisanan nyebut kutha kasebut.[12][13] Sawetara ahli arkeologi, kalebu Kathleen Kenyon, yakin Yerusalem[14] minangka sawijining kutha sing diadegaké déning masyarakat Semitik Kulon karo pamukiman sing tumata watara 2600 SM. Miturut tradhisi Yahudi, kutha iki diadegaké déning Shem lan Eber, leluhur Abraham.
Cathetan [sunting]
- ^ Sadurungé dipindhah mréné, ibukutha Israel dumunung ing kutha Tel Aviv
- ^ Cithakan:Cite DVD-notes
- ^ G.Johannes Botterweck, Helmer Ringgren (eds.) Theological Dictionary of the Old Testament, (tr.David E.Green) William B.Eerdmann, Grand Rapids Michigan, Cambridge, UK 1990, Vol. VI, p.348
- ^ EA287 Abdi Hiba of Jerusalem to the king, No. 3
- ^ The El Amarna Letters from Canaan
- ^ Elon, Amos (1996-01-08). Jerusalem. HarperCollins Publishers Ltd. ISBN 0006375316. http://www.usna.edu/Users/history/tucker/hh362/telavivandjerusalem.htm. Retrieved 2007-04-26. "Epitet ini mungkin saja merupakan jeneng kuna Yerusalem—Salem (miturut jeneng dewa pagan ing kutha iku), sing sacara etimologis magepokan karo tembung basa-basa Semitik sing maknané damai (syalom jroning b.Ibrani, salamjroning b.Arab)."
- ^ Wallace, Edwin Sherman (August 1977). Jerusalem the Holy. New York: Arno Press. p. 16. ISBN 0405102984. "Sawijining wawasan sing sarupa diugemi déning wong-wong sing migunakaké wangun gandha Ibrani kanggo tembung kasebut"
- ^ Smith, George Adam (1907). Jerusalem: The Topography, Economics and History from the Earliest Times to A.D. 70. Hodder and Stoughton. p. 251. "Istilah -aim utawa -ayim dianggo minangka istilah umum wangun gandha saka tembung barang, lan digunakaké minangka penanda kutha-kutha hulu lan hilir." (pirsani iki [1])
- ^ "Jerusalem". Jafi.org.il. http://www.jafi.org.il/education/100/places/jer.html. Retrieved 2009-05-05.
- ^ a b c Freedman, David Noel (2000-01-01). Eerdmans Dictionary of the Bible. Wm B. Eerdmans Publishing. pp. 694–695. ISBN 0802824005.
- ^ Killebrew Ann E. "Biblical Jerusalem: An Archaeological Assessment" in Andrew G. Vaughn and Ann E. Killebrew, eds., "Jerusalem in Bible and Archaeology: The First Temple Period" (SBL Symposium Series 18; Atlanta: Society of Biblical Literature, 2003)
- ^ Vaughn, Andrew G.; Ann E. Killebrew (2003-08-01). "Jerusalem at the Time of the United Monarchy". Jerusalem in Bible and Archaeology: the First Temple Period. Atlanta: Society of Biblical Literature. pp. 32–33. ISBN 1589830660.
- ^ Shalem, Yisrael (1997-03-03). "History of Jerusalem from Its Beginning to David". Jerusalem: Life Throughout the Ages in a Holy City. Bar-Ilan University Ingeborg Rennert Center for Jerusalem Studies. http://www.biu.ac.il/JS/rennert/history_2.html. Retrieved 2007-01-18.
- ^ jeneng asli URU URU salem KI jroning basa Akkadia, ditemokaké katulis jroning surat-surat Amarna wektu kutha isih dikepung wong Mesir lan dikuwasani déning Abi Heba sing tegesé kutha damai
Pratélan kampung-kampung in Yérusalem [sunting]
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]