Imam (Islam)
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Bagéyan saka sèri Islam |
|
| Fiqih | |
| Ahkam | |
| Gelar cendekiawan | |
|
Imam (Basa Arab إمام Imām) iku pemimpin komunitas agama Islam. Pemimpin Islam lan hirarki kapemimpinané disebut Imamah. Jroning Islam Imam lan Imamah minangka sawijining bab sing kudu ana. Ing kalangan Sunni, kalimat imam sinonim karo kalimat Khalīfah.[1] Jroning kahanan liya tembung Imam uga bisa nduwèni makna pemimpin Salat jamaah sadina-dina.
Pangertèn Imam sing magepokan karo kapemimpinan umat sepisanan disandhang déning Imam Ali. Ali ya iku putra Abu Thalib, paman Rasulullah Muhammad SAW. Sapungkuré Rasulullah, Ali sing dadi Imam tumrap umat Islam sacara sakabèhané. Sabanjuré, imamah diasta déning para putra Ali yakuwi:
- Hasan bin Ali
- Husain bin Ali
- Ali bin Husain
- Muhammad bin Ali
- Ja'far bin Muhammad
- Musa bin Ja'far
- Ali bin Musa
- uhammad bin Ali
- Ali bin Muhammad
- Hasan bin Ali
- Muhammad bin Hasan