Arab Saudi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
المملكة العربية السعودية
Al-Mamlakah al-'Arabiyah as-Sa'udiyah
Bendera
Mottoلا إله إلا الله محمد رسول الله
Lagu kabangsanAn-Nasheed Al-Wattani As-Saudi
Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Riyadh
Basa resmi Arab
Pamaréntahan Monarki absolut
 -  Raja
Pangeran
Abdullah bin Abdulaziz al-Saud
Sultan bin Abdul Aziz al-Saud
Persatuan
Jembar
 -  Total 2,240,000 km2 (15)
 -  Banyu (%) dapat dihiraukan
Pedunung
 -  Kira-kira 2006 27.019.731 (46)
 -  Sensus 2004 25.100.430 
 -  Kapadhetan 11/km2 (169)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$576,4 miliar (24)
 -  Per kapita US$15.338 (46)
Valuta Riyal (SAR)
Zona wektu (UTC+3)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+3)
Domain internet .sa
Kodhe tilpun 966

Arab Saudi utawa Saudi Arabia utawa Karajan Arab Saudi iku sawijining negara ing Asia. Ibukuthane yaiku: Riyadh. Pedhunungé kira-kira ana 25 yuta. Arab Saudi iku negara Arab sing dumunung ing Jazirah Arab. Nduwèni iklim gurun lan wilayahé sebagian dumadi saka segara wedhi lan segara wedhi utawa gurun pasir sing paling jembar yakuwi Rub Al Khali. Wong Arab nyebut tembung segara wedhi nganggo tembung sahara.

Negara Arab Saudi iki wewatesan langsung (searah pandom jam saka arah lora) karo Yordania, Irak, Kuwait, Teluk Persia, Uni Emirat Arab, Oman, Yaman, lan Segara Abang.

Jeneng Saudi asal saka tembung Bani Saud minangka kulawarga karajan lan pendhiriné. Arab Saudi misuwur minangka Negara kelairan Nabi Muhammad SAW sarta tuwuh lan ngrembakané agama Islam, saéngga ing gendérané ana loro kalimat syahadat sing maknané "Ora ana tuhan (sing haq) kanggo disembah saliyané Allah lan Nabi Muhammad iku utusané".

SaudiArabiaNumbered.png

Wilayah Arab Saudi kapérang dadi 13 provinsi utawa manatiq (jamak saka mantiqah) yakuwi:

  1. Bahah
  2. Hududusy Syamaliyah
  3. Jauf
  4. Madinah
  5. Qasim
  6. Riyadh
  7. Syarqiyah, Arab Saudi (Provinsi Timur)
  8. 'Asir
  9. Ha'il
  10. Jizan
  11. Makkah
  12. Najran
  13. Tabuk

[sunting] Mangga Pirsani

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Arab Saudi ing Wikitravel


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Arab_Saudi&oldid=673839"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès