Israèl
|
מדינת ישראל
(Medīnat Yishra'el) دولة إسرائيل (Dawlat Isrā'īl) |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
||||||
| Motto: — | ||||||
| Lagu kabangsan: Hatikvah | ||||||
| Ibu kutha | Yerusalem 1 | |||||
| Largest city | Yerusalem | |||||
| Basa resmi | Ibrani, Arab | |||||
| Government | Sistem parlementer | |||||
| - | Presiden | Shimon Peres | ||||
| - | Perdana Menteri | Benjamin Netanyahu | ||||
| Kamardikan | ||||||
| - | Banyu (%) | ~2% | ||||
| Population | ||||||
| - | 2009 estimate | 7.411.000 (97) | ||||
| - | 2003 census | 6.780.000 | ||||
| PDB (KKB) | 2005 estimate | |||||
| - | Total | US$145,15 milyar (51) | ||||
| - | Per capita | US$22.077 (32) | ||||
| Valuta | Shekel Israel anyar (ILS) |
|||||
| Zona wektu | (UTC+2) | |||||
| - | Summer (DST) | (UTC+3) | ||||
| Internet TLD | .il | |||||
Israèl (basa Ibrani מדינת ישראל Medinat Yishra'el, Arab دولة إسرائيل Dawlat Isrā'īl) iku sawijining negara ing Timur Tengah, sing diubengi déning Segara Tengah, Libanon, Suriah, Yordania, Mesir lan ara-ara wedhi Sinai. Saliyané iku Israèl uga diubengi rong dhaérah otoritas Palèstina: Lurung Gaza lan Gisik Kulon.
Ing pangertèn Alkitab, Israel iku arané karajan lor; karajan kidul iku Yehuda.
Kanthi populasi 7,28 yuta jiwa, Israel minangka siji-sijiné negara Yahudi ing donya.[1] Saliyané iku, ana uga sawetara klompok etnis minoritas liyané, yakuwi etnis Arab sing nduwèni warganegara Israel, sarta klompok-klompok kaagamaan liyané kaya Muslim, Kristen, Druze, Samaritan, lan sapanunggalané.
Madegé negara modhèrn Israel adhedhasar konsèp Lemah Israel (Eretz Yishra'el), sawijining konsèp pusat Yudaisme wiwit zaman kuno,[2] sing uga minangka pusat wilayah Krajaan Yehuda kuna. Sawisé Perang Donya I, Liga Bangsa-Bangsa nyetujoni Mandat Britania tumrap Palestina minangka "negara wong Yahudi".[3] Ing taun 1947, PBB nyetujoni Pembagian Palestina dadi rong negara, yaiku siji negara Yahudi lan siji negara Arab.[4] Tanggal 14 Mei 1948, Israel mroklamasèkaké kamardikané lan iki banjur dadi paprangan karo negara-negara Arab ing saubengé sing nulak rencana pembagéyan iki. Israel sabanjuré menangake perang iki lan ngukuhaké kamardikané. Saka perang iki uga, Israel kasil njembaraké wates wilayah negarané ngluwihi wates wilayah sing ditemtokaké déning Rencana Pembagian Palestina. Wiwit wektu kuwi, Israel terus memungsuhan karo negara-negara Arab tanggané, nyebabaké perang sing ora lèrèn-lèrèn nganti saiki.[5] Wiwit pambentukan Negara Israel, wates negara Israel lan hak Israel kanggo madeg wis dadi pasulayan, utamané déning negara Arab lan para pangungsi Palestina. Israel wis nandhatangani perjanjèan damai karo Mesir lan Yordania, nanging usaha perdamaian antara Palestina lan Israel nganti saiki durung kasil.
Israel minangka negara demokrasi kanthi sistem pemerintahan parlementer lan hak pilih universal.[6][7] Perdana Menteri Israel njabat dadi kepala pamaréntahan lan Knesset minangka badan legislatif Israel. Jroning bab prodhuk domèstik bruto, ekonomi negara iki ana ing peringkat ka-44 ing donya.[8] Israel nduwèni peringkat Indèks Pembangunan Manungsa[9], kabébasan pèrs[10], lan daya saing ekonomi[11] sing paling dhuwur dibandingaké karo negara-negara Arab ing saubengé. Miturut ukum negara Israel, ibukutha Israel yakuwi Yerusalem, (ibukutha sadurungé kutha Tel Aviv). Senadyan mangkono badan PBB lan akèh negara ing donya ora ngakoni.
Pamérangan administratif [sunting]
- Uga delengen Distrik ing Israel
Israel iku dipérang dadi 6 distrik. Banjur saben distrik dipérang dadi sawetara subdistrik manèh.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ "Israel". Country Report. Freedom House. 2007. http://www.freedomhouse.org/template.cfm?page=363&year=2007&country=7199. Retrieved 2007-07-15.
- ^ "Judaism". Britannica Online Encyclopedia. Diakses pada 2008-12-30.
- ^ "The Palestine Mandate". The Avalon Project. Yale University. 1922-07-24. http://www.yale.edu/lawweb/avalon/mideast/palmanda.htm. Retrieved 2007-09-06.
- ^ "United Nations General Assembly Resolution 181". The Avalon Project. Yale University. 1947-11-29. http://www.yale.edu/lawweb/avalon/un/res181.htm. Retrieved 2007-08-21.
- ^ "Arab-Israeli wars". Britannica Online Encyclopedia. Diakses pada 2008-07-29.
- ^ Rummel 1997, p. 257. "A current list of liberal democracies includes: Andorra, Argentina, ... , Cyprus, ... , Israel, ..."
- ^ "Global Survey 2006: Middle East Progress Amid Global Gains in Freedom". Freedom House. 2005-12-19. http://www.freedomhouse.org/template.cfm?page=70&release=317. Retrieved 2007-07-01.
- ^ "Total GDP 2006" (PDF). The World Bank. 2007-07-01. http://siteresources.worldbank.org/DATASTATISTICS/Resources/GDP.pdf. Retrieved 2008-03-03.
- ^ "Human Development Report 2006". United Nations Development Programme. http://hdr.undp.org/hdr2006/statistics/. Retrieved 2007-07-15.
- ^ "Worldwide Press Freedom Index 2007". Reporters Without Borders. http://www.rsf.org/article.php3?id_article=24025. Retrieved 2008-02-29.
- ^ "Global Competitiveness Report 2006-2007". World Economic Forum. 2007-02-14. http://www.weforum.org/en/initiatives/gcp/Global%20Competitiveness%20Report/index.htm. Retrieved 2007-07-15.
Delengen uga [sunting]
| Siprus | Lebanon | Suriah Dataran Tinggi Golan |
||
| Segara Tengah | Pinggir Kulon • Yordania | |||
| Jalur Gaza Mesir |
Teluk Aqaba Segara Abang |
Arab Saudi |
| Nagari-nagari ing Wétan Tengah |
|---|
| Arab Saudi | Bahrain | Irak | Iran | Israel | Kuwait | Libanon | Mesir | Oman | Qatar | Suriah | Turki | Uni Emirat Arab | Yaman | Yordania |