Siprus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Κυπριακή Δημοκρατία
Kypriakí Dimokratía (Yunani)
Kıbrıs Cumhuriyeti (Turki)
Motto
Lagu kabangsanYmnos pros tin Eleutherian 1
Ibu kutha
(lan kutha paling gedhé)
Nikosia
Basa resmi Yunani, Turki
Pamaréntahan Republik
 -  Presidhèn Dimitris Christofias 2
Kamardikan
 -  Proklamasi
Diakoni
Saka Britania Raya
16 Agustus 1960
16 Agustus 1960 3 
Jembar
 -  Total 9,250 4 km2 (162)
 -  Banyu (%) -
Pedunung
 -  Kira-kira 2005 780.133 5 (155)
 -  Sensus 2001 689.565 6 
 -  Kapadhetan 84/km2 (85)
PDB (KKB) Kira-kira 2005
 -  Total US$15,76 miliar (117)
 -  Per kapita US$19.633 (36)
Valuta Euro (EUR)
Zona wektu (UTC+2)
 -  Musim panas (DST)  (UTC+3)
Domain internet .cy
Kodhe tilpun 357 7
1. "Ymnos pros tin Eleutherian" uga mnangka lagu kabangsan Yunani.

2. Republik Turki Siprus Utara (RTSU) nguasani wilayah lor lan nduwé presiddèn dhéwé.
3. Ora diakoni déning Turki, siji-sijiné negara kang ngakoni RTSU.
4. Area ambané 5.895 km² ing wilayah kidul lan 3.355 km² ing wilayah lor.
5. Ora klebu ±230.000 jiwa ing tlatah lor.
6. Ora klebu pedunung RTSU.

7. +90-392 (kode akses Turki) digunakaké ing wilayah lor.

Republik Siprus yakuwi negara pulo ing Segara Tengah bagéyan wétan, udakara 113 km kidulé Turki lan 120 km kuloné Suriah. Ibu kuthaé yakuwi Nikosia. Kutha wigati liyané antara liya Limassol, Larnaca, Paphos, Famagusta, lan Kyrenia.

Wiwit taun 1974, ing bagéyan lor ana Republik Turki Siprus Lor, kang mung diakoni déning Turki.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah

[sunting] Sawisé 1945

Siprus, nalika isih dadi jajahan Britania Raya, arep diwènèhké marang Yunani. Nanging minoritas Turki nulak. Sidané kompromi disarujuki lan taun 1959 didegaké negara Siprus mardika. Ananging negara Yunani lan Turki kaloroné durung puas lan pungkasané taun 1974 sawijining kelompok kang kepéngin persatuan karo Yunani nganaaké kudéta kang diwales nganggo invasi Turki. Miwiti kadadéyan kuwi Turki mbanjur nguasani wilayah lor.

[sunting] Anggota Uni Eropah

Tanggal 1 Mei 2004, Siprus dadi anggota Uni Eropa. Nanging kang diidinaké mèlu mung wilayah kidul waé, séjé babé yèn wilayah lor uga péngin dadi siji manèh. Pungkasané pedunung wilayah lor nekan pamaréntahé supaya dadi siji karo wilayah kidul. Tanggal 24 April 2004 wilayah lor (kang dipimpin déning Raouf Denktash) mratélakaké "iya" marang gagasan persatuan. Daerah kidul (kang dipimpin déning Tassos Papadopoulos) mratélakaké "ora" tumrap persatuan. Sidané mung bagéyan kidul waé kang dadi anggota Uni Eropah.

[sunting] Ekonomi

Ekonomi Siprus gumantung marang ekspor produk tani (jeruk, kenthang, anggur, tembako) lan saka pariwisata. Sektor perikanan amèh ora ana artiné; tlatah banyu ing saubengé pulo kurang ana iwaké. Séjéné kuwi sektor pertambangan isih nguntungaké (tembaga, wesi, marmer lan gipsum). Tembung tembaga jroning basa-basa Eropah ngrupakaké derivasi saka tembung "Siprus" ing basa Yunani kupros, upamané tembung copper (basa Inggris) utawa koper (basa Walanda).

[sunting] Uga pirsani

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Siprus ing Wikitravel


Peta Siprus


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropah

Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Siprus&oldid=664034"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès