Basa Turki
| Basa Turki | ||
|---|---|---|
| Dianggo ing: | Cithakan:PRA, Cithakan:BRI, Cithakan:SWI, |
|
| Region: | Anatolia, Siprus, Balkan, Kaukasus, Eropah Tengah, Eropah Kulon | |
| Cacahing penutur: | 70-100 juta | |
| Rumpun basa: | Altaic Turki Turki Kidul Basa Turki |
|
| Status basa | ||
| Basa resmi ing: | ||
| Diatur déning: | ||
| Kodhe Basa | ||
| ISO 639-1: | tr | |
| ISO 639-2: | tur | |
| ISO 639-3: | tur | |
| Cathetan: Kaca puniki mbokmenawa ngamot simbul fonétik IPA ing Unicode. | ||
Bahasa Turki kagolong kulawarga basa-basa Turki paling kulon, lan kanthi gunggung penutur paling akèh yèn dibandingaké karo basa-basa Turki liyané.
Bab lan Paragraf |
Asal mula [sunting]
Basa Turki wiwitané asal saka Asia Tengah yakuwi klompok sing diarani klompok Oguz pindhah-pindhah nganti tekan jazirah Anatolia, Asia Cilik. Basa cabang Oguz iki saya suwé owah. Klompok Oguz iki nyebar wiwit Anatolia nganti Selat Bosporus. Klompok sing nggawa basa iki yaiku klompok Seljuk ing abad ka-10. Miwiti Islam dianut masarakat Turki, basa Turki ing wilayah Anatolia wiwit nyerep manéka kosakata saka basa Arab lan basa Persia. Basa Turki sabanjuré ing abad 15 nggayuh puncak kejayaané ing mangsa Kalifah Usmaniyah. Ing jaman Usmaniyah iki, basa Turki ditulis nganggo sajinis abjad Arab. Ananging, wiwit taun 1928, Mustafa Kemal Atatürk, sing dikenal minangka bapak Turki Sekuler ngupaya nggawa Turki dadi modhèrn lan ngganti kabèh éjaan basa Turki nganggo aksara Latin.
Klasifikasi basa [sunting]
Basa Turki kuwi anggota cabang saka Basa-basa Turki , sing dumadi saka basa Turki Gagauz lan basa Turki Khorasani. Kagolong subklompok Turki Kidul, sing kagolong jroning klompok basa Altai.
Dhaérah sebaran tutur [sunting]
Basa Turki dituturaké ing Turki lan 35 negara liyané. Basa iki dituturaké ing Bulgaria watara 1 yuta jiwa, Yunani watara 100 èwu jiwa, Republik Turki Siprus Lor watara 18% pedunung Siprus, Makedonia watara 86.591 jiwa, Rumania ing kawasan Dobruja lan Uzbekistan, basa iki uga disebut basa Osmanli.
Status resmi [sunting]
Basa Turki dadi basa resmi ing Turki lan Republik Turki Siprus Lor. Saliyané iku, uga diajaraké ing sekolah-sekolah komunitas Turki ing Bulgaria, Yunani, Makedonia lan Rumania.
Dhialèk [sunting]
Basa Turki kapérang jroning sawetara dhialèk,kayadéné dhialèk Danubia sing dituturaké ing tlatah Balkan, Gaziantep, Sanliurfa, Edirne, Razgrad, Dinler, Rumelia, Karamanli lan Eskisehir.
Sistem panulisan [sunting]
Ing jaman Kalifah Usmaniyah, basa Turki ditulis nganggo sajinis Abjad Arab, nanging wiwit taun 1928, basa Turki ditulis nganggo Aksara Latin sing dimodifikasi.
Catatan kaki [sunting]
- ^ "Syrian Turks". http://www.aksiyon.com.tr/detay.php?id=22997.
- ^ Taylor & Francis Group (2003) (in English). Eastern Europe, Russia and Central Asia 2004. Routledge. pp. p. 114. ISBN 978-1857431872. http://books.google.com/books?id=NI1G_9j1AhcC&pg=PT134&dq=1999+census+azerbaijan+turkish&lr=&hl=en&sig=lhkBOxL4bArgFBJRuOgLYxVfRUA. Retrieved 2008-03-26.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]