Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Pulo Man (basa Manx: Ellan Vannin) kuwi sawijining dependensi makutha Britania kang dumunung ing Segara Irlandia, mèh padha adohé saka Inggris, Irlandia, Skotlandia lan Wales. Wilayah iki jembaré 572 km² kanthi pedunung cacahé 76.315 jiwa (2001). Pulo Man ndarbèni "parlemen aktif paling tuwa ing donya" kang jenengé Tynwald, kang didegaké kira-kira taun 979.
Pulo Man minangka pos paling adoh krajaan bangsa Viking wiwit taun 700 nganti 900. Sabanjuré Krajaan Hebrides saka Norwegia nguasani nganti abad ka-13 sadurungé Man direbut déning Skotlandia. Inggris nguasani wiwit abad ka-14. Masalah kang saiki diadhepi yakuwi piyé carané mbangkitaké manèh basa Manx kang mèh punah.
|
Negara-negara ing Éropah |
|
|
|
|
| 1 Sabagéan ing Asia. 2 Ing Asia kabèh wilayahé nanging kalebu Eropah amerga alesan sejarah. |
|