Basa resmi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Basa Resmi sawijining negara kuwi siji utawa luwih basa kang dianggo déning pamaréntah jroning nerbitaké maklumat-maklumat lan uga basa kang dianggo déning warga kanggo sesambungan karo instansi pamaréntah sacara resmi. Basa resmi uga kang dianggo jroning pengajaran ing instansi pendhidhikan.

Akèh uga (salah siji) basa resmi sawijining negara dudu basa asli negara kasebut nanging basa warisan saka kaum penjajah. Malahan kerep basa resmi ora ndarbèni native speaker utawa penutur asli. Bab iki kedadéyan antara liya ing sawetara negara ing Afrika tilas jajahan Perancis, Singapura kanthi basa Inggris, Suriname kanthi basa Walanda lan Timor Timur kanthi basa Portugis.

[sunting] Delengen uga

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_resmi&oldid=652326"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès