Prancis

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

(Dipindhah saka Perancis)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
République française
Bendera Perancis
Motto: Liberté, Egalité, Fraternité
(Basa Prancis: Kabebasan, Kaadilan, Paseduluran)
Lokasi Perancis
Basa resmi Basa Perancis
Ibukutha Paris
Kutha paling gedhé Paris
Presiden Nicolas Sarkozy
Perdana Mentri François Fillon
Wewengkon
 - Total1

 - Prancis Metropolitan2

 - % air
Urutan ka-42
674,843 km²
Urutan ke-47
551.695 km²
543.965 km²
0,26%
Pedunung
(1 September 2006)
 - Total1
 - Prancis Metropolitan2
 - Kapadhetan2
Urutan ka-20

61.045.000
60.560.000
111/km²
PDB (PPP)
  - Total (2003)
  - PDB/wong
Urutan ka-5
$1,661 trilyun
$27.600
Mata uang Euro (€)3, Franc CFP4
Zona wektu
 - dalam musim panas
CET (UTC+1)2
CEST (UTC+2)2
Lagu kabangsan La Marseillaise
TLD .fr
Kodhe telepon 33

1 Kabèh wilayah Republik Prancis, klebu kabèh departemen lan wilayah jaban rangkah, ora klebu Terre Adélie ing Antartika amarga kadhaulatan ditunda wiwit ditapak asmani Persetujuan Antartika taun 1959
2 Metropolitan (bagian Eropah) saka Prancis waé
3 Kabèh Republik Prancis ora klebu wilayah jaban rangkah ing Samudra Pasifik
4 Wilayah Republik Prancis ing jaban rangkah ing Samudra Pasifik waé

Peta pamérangan administratif Perancis miturut région

Prancis (basa Prancis: République française) iku sawijining negara gedhé ing Eropah. Ibukuthané Paris. Saliyané ing dharatan Eropah, wewengkoné uga nyakup sawetara pulo lan wilayah ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Segara Tengah nganti Selat Inggris lan Segara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wilayah iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone ("Sang Segienem").

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgia, Luxemburg, Jerman, Swiss, Italia, Monako, Andorra, lan Spanyol. Prancis lan Inggris dihubungaké déning Terowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wilayah metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Republik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot jroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen. Minangka telu negara gedhé ing Uni Eropah bebarengan karo Britania Raya lan Jerman, Prancis minangka salah siji pendhiri Uni Eropah lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pendhiri Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super cepet TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Swiss. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajaan Jermanik kang wilayahé tau nyakup dhaerah iki sawisé runtuh Kakaisaran Romawi, yaiku karajaan Franka.

Bab lan Paragraf

[sunting] Demografi

Artikel utama: Demografi Perancis

Pedunung Prancis cacahé kurang luwih 62 yuta jiwa.

[sunting] Geografi

Artikel utama: Geografi Prancis

Wilayah utama Prancis dumunung ing dharatan Eropah Kulon lan ditambah manèh karo sawetara teritori ing Amerika Lor, Karibia, Amerika Kidul, Samudra Hindia bagéan kidul, Samudra Pasifik, lan Antartika. Teritori kasebut nduwé wangun pamaréntahan saka tataran département d'outre-mer nganti Pays d'outre-mer. Sacara geografis Prancis kapérang dadi 26 région; 21 ing antarané dumunung ing Perancis Dharatan, 1 ing pulo Korsika, lan 4 ing jaba bawana Eropah. Région kabagi manèh dadi département(96 département ing Perancis dharatan). Département kapérang jroning 329 arrondissement, lan arrondissement kapérang dadi 3,879 canton, banjur kapérang manèh dadi 36,569 komunitas.

Région ing Prancis dharatan lan sebrang segara, antara liya yakuwi:

  1. Alsace
  2. Aquitaine
  3. Auvergne
  4. Basse-Normandie
  5. Bourgogne
  6. Bretagne
  7. Centre
  8. Champagne-Ardenne
  9. Korsika (status khusus)
  10. Franche-Comté
  11. Haute-Normandie
  1. Île-de-France
  2. Languedoc-Roussillon
  3. Limousin
  4. Lorraine
  5. Midi-Pyrénées
  6. Nord-Pas-de-Calais
  7. Pays de la Loire
  8. Picardie
  9. Poitou-Charentes
  10. Provence-Alpes-Côte d'Azur
  11. Rhône-Alpes

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons kagungan galeri bab:

Pamaréntah Prancis

Profil

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Prancis ing Wikitravel

Budaya


Région-région Perancis Bendera Perancis

Alsace | Aquitaine | Auvergne | Bourgogne | Bretagne | Centre | Champagne-Ardenne | Franche-Comté | Île-de-France | Korsika | Languedoc-Roussillon | Limousin | Lorraine | Midi-Pyrénées | Nord-Pas-de-Calais | Basse-Normandie | Haute-Normandie | Pays de la Loire | Picardie | Poitou-Charentes | Provence-Alpes-Côte d'Azur | Rhône-Alpes

Region jaban rangkah: Guadeloupe | Guyana Perancis | Martinique | Reunion


Negara-negara ing Eropah
Albania | Andorra | Armenia2 | Austria | Azerbaijan1 | Belarus | Belgia | Bosnia-Herzegovina | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Georgia1 | Hongaria | Irlandia | Islandia | Italia | Jerman | Kazakhstan1 | Kosovo | Kroasia | Latvia | Liechtenstein | Lituania | Luksemburg | Malta | Moldavia | Monako | Montenegro | Norwegia | Prancis | Polandia | Portugal | Republik Makedonia | Rumania | Rusia1 | San Marino | Serbia | Siprus2 | Slovenia | Slowakia | Spanyol | Swedia | Swiss | Turki1 | Ukraina | Vatikan | Walanda | Yunani
Jajahan lan liyané: Akrotiri lan Dhekelia | Kapuloan Faroe | Gibraltar | Guernsey | Jan Mayen | Jersey | Pulo Man | Svalbard
Negara sing ora diakoni: Abkhazia | Nagorno Karabakh | Ossetia Kidul | Siprus Lor | Transnistria
1 Sabagéan ing Asia. 2 Ing Asia kabèh wilayahé nanging kalebu Eropah amerga alesan sejarah.


 
Uni Eropah (EU)
Gendéra Uni Eropa

Austria | Walanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani

Cithakan:OECD

Cithakan:Latinunion

Cithakan:WTO


Geographylogo.png

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Prancis"
Basa liyane