Antartika

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Antartika
Panggenan Antartika
Wilayah 14.000.000 km² (280.000 km² bebas ès, 13.720.000 km² katutup ès)
Populasi ~1.000 (mboten wonten ingkang permanèn)
Pamarentahan Mboten wonten, dipunkontrol déning Antarctic Treaty System
Klaim wilayah Flag of Argentina.svg Argentina
Flag of Australia.svg Australia
Flag of Chile.svg Chili
Flag of France.svg Perancis
Cithakan:Bendera s.c3.a9landia anyar
Flag of Norway.svg Norwegia
Flag of the United Kingdom.svg Britania Raya
Kode TLD .aq
Kode telepon +672

Antartika (saking basa Yunani ἀνταρκτικός antarktikos, kosok wangsulipun arktik) punika bawana ingkang njangkep Kutub Kidul Bumi. Panggènan paling asrep ing salumahing bumi punika sabagéyan ageng katutup ès satunggal taun teras. Legéndha lan spékulasi prakawis satunggaling Terra Australis ("Tanah Kidul") sampun wonten wiwit jaman kina, éwasemanten pinanggihan bawana ingkang kapisan dipuntampi umum ing taun 1820 lan pandharatan ingkang kapisan kavérifikasi ing taun 1821. Nanging, péta ingkang dipundamel Admiral Piri Reis ing tahun 1513 ngemot setunggal bawana kidul ingkang kadosipun mèmper kaliyan pasisir Antartika. (Pirsani ugi Sejarah Antartika).

Kanthi wiyar 13.200.000 km², Antartika dados bawana wiyar piyambak nomer gangsal sasampunipun Eurasia, Afrika, Amerika Lor, lan Amerika Kidul. Nanging, populasinipun paling alit, tebih ing saandhapipun sanesipun (umumipun dipunpanggèni déning para panliti lan ilmuwan kanthi wates wekdal tartamtu kémawon). Bawana punika ugi gadhah kainggilan siti rata-rata paling inggil, kalembaban rata-rata paling asor, lan suhu rata-rata paling asor ing antawisipun sedaya bawana ing bumi.

Antartika punika zona bebas, éwadéné semanten dumugi sapunika tasih wonten sapérangan nagari ing donya ingkang ngajengaken klaim kapamilikan wilayah ing bawana Antartika punika.

Sajarah cekak Antartika[sunting | sunting sumber]

Foto Antartika kapundhut saking satelit

Éwadéné wontenipun bawana Antartika sampun dipunkinten kawit rumiyin, nanging bawana punika saweg kepanggih ing taun 1820. Sinten ingkang manggihi pisanan mboten cetha amargi wonten tiyang tiga saking tigang nagari ingkang ngeklaim, inggih punika: Fabian von Bellingshausen saking Rusia, Edward Bransfield saking Britania Raya lan Nathaniel Palmer saking Amerika Serikat.

Ing taun 1911 Roald Amundsen saking Norwegia dados tiyang nomer setunggal ingkang dumugi ing kutub Kidul. Mboten dangu salajengipun panjenenganipun dipunsusul déning Robert Falcon Scott saking Britania Raya.

Iklim[sunting | sunting sumber]

Antartika punika panggènan paling asrep ing Bumi kanthi suhu dumugi -85 lan -90 drajat Celsius ing musim asrep lan 30 drajat langkung inggil ing musim panas. Bagéyan tengahipun asrep lan garing sarta namung ngalami sekedhik curah dawuh. Mandhapipun salju dumados ing bagéyan pesisir, kanthi cathetan paling inggil 48 inci ing 48 jam. Méh sedaya bawana punika katutup ès ingkang kandelipun rata-rata 2,5 kilometer.

Gumantung ing garis lintangipun sarta wekdal dalu utawi siyang ingkang konstan, ndamel iklim ingkang biasa dipunalami manungsa mboten wonten ing bawana punika.

Flora lan fauna[sunting | sunting sumber]

Pinguin, pedunung kapisan Antartika

Kéwan ingkang umum dipunpanggihi ing wilayah punika inggih pinguin. Pinguin inggih punika jenis peksi ingkang mboten saget mabur, nanging pinguin punika panyilem ingkang ulung. Sato kéwan sanèsipun inggih punika singa laut, asu laut lan iwak paus.

Populasi[sunting | sunting sumber]

Kinten-kinten wonten kirang langkung 1.000 tiyang dedalem ing Antartika ing setunggal wekdal nanging gumantung ugi tumrap musim. Tiyang ingkang dedalem ing Antartika biasanipun ngginaaken zona wekdal nagari asalipun. Éwadéné mboten wonten pamukim ingkang netep, 29 nagari ingkang napakastani Traktat Antartika gadhah stasiun risèt ingkang umumipun tansah dipunginaaken sataun teras.

Kathah ingkang nganggep bilih manungsa pisanan ingkang dipunlairaken ing Antartika punika Solveig Gunbjörg Jacobsen, tepatipun ing Grytviken, pulo Georgia Kidul ing tanggal 8 Oktober 1913. Nanging amargi pulo punika mboten dipunanggep dados bagéyan saking bawana Antartika, Emilio Marcos Palma (lair 7 Januari, 1978) dumugi sapunika dados tiyang kapisan ingkang lair ing bawana Antartika. Piyambakipun tiyang warganagari Argentina. Salajengipun ing taun 1986 lan taun 1987 ing stasiun Chili ugi lair setunggal putra lan putri.

Klaim teritorial[sunting | sunting sumber]

Peta: The World Factbook CIA

Sapérangan nagari, utaminipun ingkang panggènanipun mboten tebih saking Antartika ing awal abad kaping 20 damel klaim sapérangan wilayah ing Antartika. Klaim punika sacara praktis mboten wonten tegesipun, nanging asring dipungambaraken déning para ahli kartografi ing pendamelan péta lan atlas.

Kathahipun ingkang klaim wilayah-wilayah punika nggadhahi stasiun obsèrvasi lan panlitèn ing lebet wilayahipun. Prajanjian Antartika mboten ngakèni klaim-klaim punika lan sabagéyan ageng nagari ing ndonya mboten ngakèni wilayah-wilayah punika. Sapérangan nagari kados Amerika Serikat lan Rusia mboten, utawi dèrèng klaim wilayah nanging nyataaken saged klaim wilayah ing mangsa ngajeng.


  • Argentina: 25° B dumugi 74° B; sabagéyan njangkep wilayah Chili lan Britania. Antártida Argentina dipunklaim ing taun 1943 dados bagéyan wilayah provinsi "Terra Fuega, Antarctica lan kapuloan Atlantika Kidul.
  • Australia: 160° T dumugi 142° T lan 136° T dumugi 45° T; dipunklaim ing taun 1933 dados Teritorium Antartika Australia.
  • Britania Raya: 20° B dumugi 80° B; njangkep wilayah Argentina lan Chili. Dipunklaim ing taun 1908, pirsani ugi Teritorium Antartika Britania.
  • Chili: 53° B dumugi 90° B; ugi njangkep wilayah Argentina lan Britania; wiwit taun 1940.
  • Perancis: 142° T dumugi 136° T; siti Adelie dipunklaim ing taun 1924.
  • Selandia Baru: 150° B dumugi 160° T; Dependensi Ross dipunklaim ing taun 1923.
  • Norwegia: 45° T dumugi 20° T; dipunklaim ing taun 1938 dados Tanah Dronning Maudland, kalebet pulau Peter I.

Wilayah antawis 90° B lan 150° B dèrèng dipunklaim sinten-sinten.

Klaim mangsa rumiyin[sunting | sunting sumber]

  • Afrika Kidul: antawisipun taun 1963 dumugi taun 1994.
  • Brasilia: 28° B dumugi 53° B; njangkep wilayah Argentina, Britania lan Chili. Sacara informal dipunklaim ing taun 1986.
  • Jerman: 20° T dumugi 10° B; sapunika dipundhut alih Norwegia. Antawisipun taun 1939 dumugi taun 1945 dipunkenal dados Neuschwabenland.

Komunikasi[sunting | sunting sumber]

Kodhe tèlpon internasional kanggé Antartika inggih punika +672.

Antartika sampun gadhah jasa layanan tèlpon nirkabel. Ing Pangkalan Marambio gadhahanipun Argentina wonten setunggal menara sélular ingkang ngginaaken teknologi AMPS lan ing Pulo Raja George wonten setunggal menara GSM Entel Chili. Sasanèsipun punika, komunikasi kawatesi ing konèksi satelit.

Wisata[sunting | sunting sumber]

Prangko pengetan Antartika

Wisata tumuju Antartika biasanipun kanthi pelayaran laut. Tiyang-tiyang saged numpang kapal pesiar méwah ingkang badhé berlayar nyelaki Antartika kanthi let ingkang aman amargi seganten ing sekitar Antartika kathah gunung-gunung ès.

Ing dasawarsa 70-an, wisata kanthi montor mabur ugi populér kagem sawetawis wekdal. Wonten 2 maskapai pamaburan ingkang ngladosi pamaburan ngliwati Antartika kagem nikmati pemandhangan saking nginggil inggih punika Qantas Airlines lan Air New Zealand. Nanging sasampunipun kacilakan montor mabur Air New Zealand penerbangan TE-901 ingkang nabrak redi Erebus tanggal 28 November 1978, pamaburan nikmati pemandhangan Antartika saking awang-awang punika salajengipun dipundhegaken.

Mangga ugi pirsani[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:


Bawana-bawana ing Donya
Asia | Afrika | Amerika: Amérika Lèr - Amérika Kidul | Antartika | Eropah | Australia

(Kapuloan Pasifik ing Oseania mboten mlebet bagéyan saking bawana pundi kémawon)

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Antartika&oldid=884745"