Mèlanésia

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

(Dipindhah saka Melanesia)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Peta kawasan Mèlanésia

Mèlanésia (saka basa Yunani "pulo ireng") kuwi sawijining wilayah sing mujur saka Pasifik kulon nganti tekan Segara Arafura, lor lan wétan-loré Australia. Istilah iki pisanan dipigunakaké déning Jules Dumont d'Urville ing taun 1832 kanggo nyebut sawijining ètnis lan klompok pulo-pulo sing béda saka Polinésia lan Mikronésia. Saiki, klasifikasi rasial d'Urville dianggep ora cocog sebab nutupi keragaman budaya, linguistik, lan genetik Melanésia lan saiki mung dipigunakaké kanggo jeneng geografis waé.

Minangka tambahan, negara Fiji, Papua Nugini, Kapuloan Solomon, Vanuatu, lan Kaledonia Anyar (minangka dependensi Prancis) migunakaké istilah iki kanggo nggambaraké dhiri amarga nuduhaké sajarah kolonial lan situasi regional umum sing sarupa.

[sunting] Wacan

[sunting] Pranala njaba


Geographylogo.png
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/M%C3%A8lan%C3%A9sia"