Samudra Kidul
| Limang samudra ing donya |
|
Samudra Antarktika utawa Samudra Kidul kuwi massa banyu segara sing ngubengi bawana Antartika. Tlatah iki minangka samudra paling gedhé kapapat lan wis disepakati disebut minangka samudra déning Organisasi Hidrografik Internasional (IHO) ing taun 2000. Sadurungé kuwi, pandhangan umum mratélakaké yèn Samudra Atlantik, Samudra Hindia lan Samudra Pasifik langsung wewatesan karo pesisir Antartika.
Bab lan Paragraf |
Koordinat geografi[sunting]
65 00 LS, 0 00 BT (sacara nominal), ananging Samudra Kidul nduwèni béda karakter unik minangka massa banyu segara sing gedhé sing ngubengi bawana Antartika; samudra iki dumunung antara 60° lintang kidul nganti pasisir bawana Antartika, lan nyakup 360° bujur bumi.
Definisi kanggo Samudra Kidul isih durung padha banget ing saindhenging donya. Australia ménéhi dhéfinisi Samudra Kidul mèmper karo dhéfinisi IHO nanging nglebokaké uga kabèh massa banyu segara sing dumunung ing antara pantai kidul Australia, Tasmania lan Selandia Anyar minangka Samudra Kidul, dudu Samudra Hindia.
Data[sunting]
- Luas: 20.327.000 km²
- Cathetan: klebu Segara Amundsen, Segara Bellingshausen, sebagéyan saka Drake Passage, Segara Ross, sebagéyan cilik saka Segara Scotia, Segara Weddell, lan massa banyu segara tributer liyané
- Garis pantai: 17.968 km
Iklim[sunting]
Suhu banyu segara manéka warna antara 10 lan -2°C. Badai siklon lumaku saka arah wétan ngubengi bawana lan kerep banget arupa badai gedhé amarga anané béda suhu sing nyata antara dhataran ès karo segara. Wilayah samudra saka lintang 40 LS nganti Lingkar Antartika minangka wilayah kanthi kacepatan angin rata-rata paling kuwat dibandingaké panggonan liyané ing donya. Ing mangsa adhem, samudra njendhel (membeku) nganti 65° LS ing sektor Pasifik lan nganti 55° LS ing sektor Atlantik, suhu lumahing segara mudhun nganti sangisoré 0 °C. Ing sawetara titik ing pantai bawana, isih ditemokaké dhaérah bébas ès, bab iki disebabaké anané angin sing kuwat sing terus menerus milir saka bawana menyang samudra.
Dhataran[sunting]
Samudra Kidul, jeroné rata-rata 4.000 - 5.000 m, mung sethithik panggonan kang cethèk. Dhangkalan bawana Antartika umumé ciut lan luwih jero (400 - 800 m) katimbang rata-rata jeroné dhangkalan ing bawana liyané (133 m).
Selimut ès Antartika tansaya amba saka minimum 2,6 yuta km² ing sasi Maret nganti dadi 18,8 yuta km² ing sasi September, tegesé ambané nambah mèh tikel pitu. Arus Sirkumpolar Antartika (dawané 21.000 km) mili tumuju menyang arah wétan; minangka arus samudra paling gedhé ing donya, ngilèkaké 130 yuta m³ banyu saben dhetik, tegesé kaping satusé kabèh ilèn banyu kali sing ana ing donya.
Delengen uga[sunting]
Pranala njaba[sunting]
- Oceanography Image of the Day, saka Institusi Oséanografi Woods Hole
- The CIA World Factbook's Samudra Kidul
- The Fifth Ocean saka Geography.About.com
- NOAA In-situ Ocean Data Viewer Plot and download ocean observations
- NOAA FAQ about the number of oceans
|
|
||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
|||||||||||||||||||||||||||