Kaukasus

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kaukasus

Kaukasus utawa Kaukasia kuwi sawijining tlatah ing Eropah Wétan lan Asia Kulon ig antarané Segara Ireng lan Segara Kaspia sing klebu Pagunungan Kaukasus lan dhaérah-dhaérah cendhèk liyané. Kaukasus kadhangkala dianggep minangka bagéyan saka Asia Tengah.

Puncak paling dhuwur ing tlatah Kaukasus yakuwi Elbrus (5.642m), sing uga dianggep minangka gunung paling dhuwur ing Eropah.

Negara-negara mardika sing klebu tlatah Kaukasus yakuwi Rusia (Distrik Kaukasus Lor), Georgia, Armenia lan Azerbaijan. Wilayah gedhé non-independen ing Kaukasus antara liya Ossetia, Chechnya, Ingushetia lan Dagestan. Kaukasus kuwi salah siji dhaérah sing nduwèni manéka warna linguistik lan budaya kang paling jembar ing donya.

Bagian kidul Kaukasus dikenal minangka Transkaukasus.

Kedadéyan wigati:

Jroning mitologi Yunani, Kaukasus utawa Kaukasos kuwi salah siji pilar pendhukung donya. Prometheus diranté ing kana déning Zeus.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba


Geographylogo.png
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Kaukasus"