Zeus
| Zeus | |
|---|---|
| Raja para déwa Déwa langit lan bledhèg |
|
| Simbul | Bledhèg, Elang, lan Wit Ek |
| Pasangan | Hera |
| Wong tuwa | Kronos lan Rea |
| Sedulur | Poseidon, Hades, Demeter, Hestia, Hera |
| Anak | Ares, Athena, Apollo, Artemis, Afrodit, Dionisos, Hebe, Hermes, Herakles, Helene, Hefaistos, Perseus, Minos, Mousai |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Jupiter |
| Padanan jroning mitologi Hindu | Dyaus Pita |
| Padanan jroning mitologi Etruska | Tinia |
Zeus (Yunani: Ζεύς) utawa Dias (Δίας) yaiku raja saka para déwa ana ing mitologi Yunani.[1] Ing Theogonia karya Hesiodos, Zeus ditepungi dadi bapak saka para déwa lan manungsa.[1] Zeus manggon ing Gunung Olimpus.[1] Zeus iku déwa langit lan bledhèg.[1] Simbol saka Zeus yaiku bledhèg, elang, banthèng, lan wit-witan ek.[1] Zeus asring digambaraké déning seniman Yunani ana ing posisi ngadeg lan tangané nyekel bledhèg utawa manggon ana ing singgasanané.[1] Zeus uga ditepungi ing Romawi Kuna lan India kuna.[2] Ing basa Latin Zeus duwé jeneng Iopiter lan ana ing basa Sansekerta yaiku Dyaus-pita.[2]
Zeus iku putra ragil utawané paling cilik saka Kronos lan Rea.[2] Zeus rabi karo adhine wédok Hera kang ditepungi dadi dèwi bebrayan.[2] Zeus misuwur merga duwé gegandhèngan karo akèh wong wédok lan uga duwé putra kang akèh.[2] Putra saka Zeus yaiku Athena, Apollo dan Artemis, Hermes, Ares, Hebe, Hefaistos, Persefon, Dionisos, Perseus, Herakles, Helene, Minos, lan Mousai.[3]
Zeus mbagi donya iki dadi telu lan mbagèkaké donya-donya mau marang sedulur-seduluré yaiku Poseidon kang dadi déwa panguwasa segara, lan Hades déwa kang nguwasani donya ngisor (alam pati).[2] Pendhapat liya nyebutaké yèn pambagian mau dilakokaké adhedhasar undhian kang dilakokaké para déwa mau.[2] Zeus dikaitaké karo déwa Jupiter saka mitologi Romawi, déwa Amun saka mitologi Mesir, déwa Tinia saka mitologi Etruska, lan déwa Indra saka mitologi Hindhu.[2] Zeus, bareng karo Dionisos, dihubungaké karo déwa Sabazios saka Frigia, kang ditepungi minangka Sabazius ing Romawi.[2]
Cathetan sikil [sunting]
| Dewa-Dewi Yunani |
|---|
| Titan dan Dewa-Dewi Olimpus |
| Déwa Segaré Déwa Liyané |
| Déwa-Déwi Olimpus |
| Daftar tokoh mitologi Yunani |