Hera
| Hera | |
|---|---|
Hera Campana |
|
| Ratu para dewa Dewi pernikahan lan wanita |
|
| Simbul | Delima, bulu merak, mahkota, apel, sapi, singa, gagak, elang, tongkat lotus. |
| Pasangan | Zeus |
| Wong tuwa | Kronos lan Rea |
| Sedulur | Poseidon, Hades, Demeter, Hestia, Zeus |
| Anak | Ares, Enyo, Hebe, Eileithiia, Hefaistos, lan Eris |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Juno |
Hera (basa Yunani: Ἥρα utawa Ἥρη) yaiku dewi pernikahan ana ing mitologi Yunani.[1] Hera kuwi mbakyu lan uga garwa saka Zeus.[1] Hera yaiku putra saka Kronos lan Rea lan kalebu siji saka 12 Dewa Olimpus.[1] Ana ing mitologi Romawi, Hera dihubungke karo Juno.[1] Sapi lan merak yaiku kewan kang dikeramatake kanggo Hera.[1] Hera digambarake kaya dewi kang kebak hikmat.[1] Hera sering ditahtake lan dinobatake karo polos (mahkota awujud lingkaran kang mung dianggo dening dewi-dewi agung).[1] Hera terkenal karo sifate kang cemburuan lan pendendam, utamane marang selingkuhan lan anak-anak Zeus.[1] Hera uga tau murka marang Pelias merga mateni wong ana ing kuil Hera[1]. Hera uga nate murka marang Paris kang ora milih Hera dadi putri paling ayu lan luwih milih Afrodit dadi putri kang paling ayu.[1]
Etimologi [sunting]
Walter Burkert madakake jeneng Hera karo hora (‘ωρα, musim).[2] Ana uga panemu kang nyatakaké yèn Hera kuwi mujudaké wujud feminin saka hērōs (‘ηρως, tuan).[2] Nanging John Chadwick, pengurai Linear B, negesake yen gegandhèngané Hera karo 'hero' kuwi ora cetha[3] Ing Linear B dhewe, Hera disebut karo jeneng E-ra.[2]
Cathetan Suku [sunting]
| Dewa-Dewi Yunani |
|---|
| Titan dan Dewa-Dewi Olimpus |
| Déwa Segaré Déwa Liyané |
| Déwa-Déwi Olimpus |
| Daftar tokoh mitologi Yunani |