Hades
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 1060 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Hades | |
|---|---|
Patung Hades ing Museum Nasional Roma |
|
| Dewa dunia bawah lan kasugihan | |
| Simbul | Kerberos Helm Kegelapan Cemara Bunga Narcissus Kunci Hades |
| Pasangan | Persefon |
| Wong tuwa | Kronos lan Rhea |
| Sedulur | Poseidon Demeter Hestia Hera Zeus |
| Anak | Makaria |
| Kendaraan | Kereta perang ingkang dipuntarik déning sekawan jaran ireng |
| Padanan jroning mitologi Romawi | Pluto Dis Pater Orkus |
| Padanan jroning mitologi Etruska | Aita |
Hades (Basa Yunani : ᾍδης, Hadēs, utawi Ἅιδης, Háidēs ) menika dewa bawah tanah wonten ing mitologi Yunani [1]. Hades menika putra paling sepuh saking Kronos lan Rea. Hades sesarengan kalihan sedhèrèkipun ngalahaken para Titan lan mendhet alih kakuwasaan donya. Zeus, Poseidon, lan Hades piyambaj menika ngawontenaken undian kanggé nemtokaken papan kakuwasaan lajeng Hades menika pikantuk dunia bawah [2]. Amargi asosiasinipun kalihan dunia bawah, Hades asing dipunwastani minangka dewa kematian ananging sejatosipun boten.
Wonten ing mitologi Romawi, Hades dipunsebat minangka Pluto, Dis Pater, lan Orkus. Déné wonten ing mitologi Etruska dewa ingkang sami menika Aita. Simbol kanggé Hades menika Helm kegelapan lan anjing berkepala tiga, Kerberos.
Istilah Hades wonten ing kekristenan lan wonten ing Basa Yunani Koine menika sami kalihan sheol ing ajaran Yahudi (שאול, kuburan utawi bolongan ing bumi) lajeng merujuk dhateng papan kanggé rohipun manungsa. Déné konsep [[neraka] wonten ing agami Kristen menika langkung mirip kalihan konsèp Tartaros ing mitologi Yunani, bagéyan saking Hades ingkang peteng lan medeni menika kaginakaken kanggé papan penyiksaan lan penderitaan.
Bab lan Paragraf |
Etimologi [sunting]
Asaling nama Hades utawi Aides menika dereng cetha. Wonten tiyang ingkang kagungan pamrayogi bilih nama Hades menika asalipun saking a-idein ingkang ateges ingkang boten katingal. Dene sanesipun ngandharaken bilih Hades menika asalipun saking hadô utawi chadô, saengga Hades menika ateges ingkang gadhah sedaya utawi ingkang nampi sedaya [3].
Gambaran [sunting]
Hades menika asring dipungambaraken minangka dewa ingkang gadhah janggut peteng kanthi busana ingkang mewah lan nembe nyekel tongkat utawi dwisula. Hades ugi dipungambaraken minangka dewa ingkang paring kkasuburan saking kranjang ingkang awujud sungu (komukopia).
Ajejuluk [sunting]
Salah satunggaling julukan kangge Hades inggih menika Pluton (kasugihan) amargi mineral berharga wonten ing sangandhaping lemah lan kagunganipun Hades. Sofokles nyebat Hades menika Dia Yang Kaya. Julukan Hades sanèsipun inggih menika Poysemantor (penguasa banya benda), Polidegmon ("Yang menerima banyak hal"),[4] Nekrodegmon ("Penerima orang mati"), Nekron Soter ("Penyelamat orang mati"), lan Eubuleus ("Penasehat yang baik"). Hades ugi dipunsebat minangka Zeus Khthonios ("Zeus dunia bawah"), "Dia yang sunyi",[5] lan "Raja para roh".[6][7][8][9]
Barang-barang kagunganipun Hades [sunting]
- Kréta perang ingkang dipuntarik déning sekawan jaran abadi kanthi warni ireng
- Helm Kegelapan inggih menika helm gaib ingkang dipundamel déning para Kiklops lan kaginakaken minangka gaman nalika Titanomakhia.
- Tongkat kerajaan ingkang saged damel mergi antawisipun dunia bawah lan dunia atas
- Astana emas
- Singgasana
- kebon woh delima ing celak astananipun. Woh delima menika ingkang dipundhahar déning Persefon saéngga kajebak ing dunia bawah.
Cathetan suku [sunting]
- ^ [1], (id) Asal usul dewa Hades menurut sejarah Yunani (dipunakses tanggal 24 Januari 2013) .
- ^ Apollodorus, i. 1. § 5, 2. § 1
- ^ Atsma, Aaron J.. "HADES : Greek king of the underworld". Theoi Project. http://www.theoi.com/Khthonios/Haides.html.
- ^ Himne Homer untuk Demeter 9
- ^ Atsma, Aaron J.. "Tales of THE TITLES & EPITHETS OF HADES". Theoi Project. http://www.theoi.com/Khthonios/HaidesGod.html#Titles.
- ^ Homer, Iliad ix. 457.
- ^ Homer, Iliad xx. 61.
- ^ Homer, Iliad xv. 187
- ^ Pausanias, ii. 35. § 7.