Delima
| Delima | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| Subkelas: | Rosidae |
| ordo: | Myrtales |
| kulawarga: | Lythraceae |
| Genus: | Punica |
| Species: | P. granatum |
| Jeneng binomial | |
| Punica granatum L. |
|
| Sinonim | |
|
Linnaeus, 1758 |
|
Delima (punica granatum) yaiku woh-wohan sing bisa urip nganti 5-8 m. [1] Umumè delima bisa urip ana ing macem-macem mangsa, nanging supaya bisa ngasilakè woh kang kwalitasè apik namung bisa dipanen ing mangsa ketiga.[1]Delima ana ing basa Arab duwè jeneng ar-rumman. [2] Delima asale saka dhaerah Wétan Tengah kang kasebar ana ing dhaerah subtropik nganti tekan dhaerah tropik, ana ing dataran kang sakngisoré 1.000 m sakndhuwure banyu segara.[1] Wit iki urip ana ing lemah gembur kang ora keleb banyu.[1] Wit delima arupa wit cilik kang dhuwure sekitar 2–52-5 m.[1]
Bab lan Paragraf |
Kandutan Delima [sunting]
[3] Kandungan sing ana ing delima iki migunani kanggo ngedunkè kolesterol.[3] Sakliyanè kuwi kandungan delima uga bisa kanggo ningkatkè aliran getih marang jantungjantung .[3] Delima sing wis digawè jusjus uga èfèktif kanggo njaga jantung supaya tetep sehatsehat lan ngedunkè resiko lara jantung lan stroke.[3]
Macem-macem delima [sunting]
Delima jenisǐ ana werna-werna, yaitu delima putih, delima abang, lan delima wungu.[4] Pome utawa delima biasanè ditandur kanggo tanaman hias, tetannduran obat-obatan, utawa amarga wohè bisa dipangan. Delima bisa dipangan langsung, kanggo campuran rujak ,uga bisa dijus.[4]
Gunanè delima [sunting]
Delima duweni pigunan kang werna-werna.[5] Cara kang tradisional, delima biasanè digunakakè kanggo ngrèsiki kulitkulit lan ngurangi peradanganperadangan ing kulit.[5] Jus delima uga bisa kanggo ngurangi penyakit radang tenggorokantenggorokan.[5] Miturut penelitian kang wis dilakokakè dèning American Journal of Clinical Nutrition, delima nduwèni kandutan antioksidan kang bisa kanggo nyegah oksidasi lan kolesterol ing salebeting salira .[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e (id)Delima Termasuk Buah Surga (Dipuntingali tanggal 20 April 2011)
- ^ (id)[http://www.raudhatunnaim.com/khasiat-buah-delima.html èKhasiat buah delima (Dipuntingali tanggal 20 April 2011)
- ^ a b c d (id)Sejuta Manfaat Buah Delima (Dipuntingali tanggal 20 April 2011)
- ^ a b (id)Jenis Buah Delima (Dipuntingali tanggal 20 April 2011)
- ^ a b c d (id)Buah delima berpotensi untuk mengurangi resiko kanker prostat (Dipuntingali tanggal 21 April 2011)