Carolus Linnaeus
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Carolus Linnaeus (utawi, Carl von Linné) (23 Mei 1707 - 10 Januari 1778) punika ngèlmuwan Swedia ingkang ndamel pondhasi kanggé sistém klasifikasi taksonomi modèrn. Piyambakipun ugi salah satunggiling bapak ékologi modèrn.
Linnaeus menika ahli botani ingkang dipunmulèni ing jamanipun. Sasanèsipun punika , piyambakipun ugi baud ing kathah basa. Linnaeus sasanèsipun dados ahli botani ugi ngrangkep dados ahli zoologi saha dokter.