Jantung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gambar panampang nglintang jantung manungsa.

Jantung (basa Latin, cor) iku sawijining rongga organ otot sing mompa getih liwat pembuluh getih déning kontraksi kanthi irama sing dibolan-balèni. Istilah kardiak ateges gegandhengan kaliyan jantung, saka Yunani cardia kanggo jantung. Jantung iku salah siji organ sing duwé peran ing sistem parédharan getih.

Permukaan Jantung[sunting | sunting sumber]

Ukuran jantung manungsa kurang luwih gedhéné sakepelan tangan priya diwasa. Jantung iku sawijining otot tunggal sing kasusun saka lapisan endothelium. Jantung papané ing njeron rongga thoracic, sawaliké balung dhadha/sternum. Struktur jantung mbélok mudhun lan sithik rada ngiwa.

Jantung mèh kabèh kakupeng déning paru-paru, nanging katutup déning selaput dhobel sing jenengé perikardium, sing temèmpèl ing diafragma. Lapisan sijiné nèmpèl kenceng banget marang jantung, éwadéné lapisan njabané luwih longgar lan mbanyu, kanggo ngendhani gèsèhan antarané organ siji lan sijiné ing njeron awak kang dumadi amarga gerakan mompa jantung sing konstan.

Jantung dijaga ing papané déning pambuluh-pambuluh getih sing ngliputi dhaérah jantung sing rata/ndhatar, kaya ing dhasar lan ing pinggir. Rong garis pawilah (kabentuk saka otot) ing lapisan njaban jantung nedahaké ing ngendi dhindhing pamisah ing antarané sisih kiwa lan tengen serambi (atrium) lan bilik (ventrikel).

Struktur Internal Jantung[sunting | sunting sumber]

Sacara internal, jantung dipisahaké déning sawijining lapisan otot dadi rong wilah bagéan, saka nduwur mudhun,dadi rong pompa. Kaloro pompa iki wiwit lair ora naté kasambung. Wilahan iki kapérang saka rong rongga sing dipisahaké déning dhindhing jantung. Mila bisa disimpulaké yèn jantung kapérang saka patang rongga, serambi tengen lan kiwa lan bilik tengen lan kiwa.

Dhindhing serambi adoh luwih tipis tinimbang dhindhing bilik amarga bilik kudu nglawan gaya gravitasi bumi kanggo mompa saka ngisor munggah, khususé ing aorta, kanggo mompa nuju kabèh bagéan awak sing duwé pambuluh getih. Rong pasang rongga (bilik lan serambi bebarengan) ing saben wilahan jantung disambungaké déning sawijining katup. Katup ing antarané serambi tengen lan bilik tengen disebut katup trikuspidalis utawa katup godhong telu. Éwadéné katup sing ana ing antarané serambi kiwa lan bilik kiwa disebut katup bikuspidalis utawa katup godhong loro.

Cara Kerja Jantung[sunting | sunting sumber]

Nalika berdenyut, saben ruang jantung dadi kendho lan kaisi getih (disebut diastol). Sabanjuré jantung kontraksi lan mompa getih metu saka ruang jantung (disebut sistol). Kaloro serambi dadi kendho lan kontraksi sacara bebarengan, lan kaloro bilik uga dadi kendho lan kontraksi sacara bebarengan.

Getih sing kentèkan oksigen lan ngandhut akèh karbondioksida (getih reget) saka kabèh awak mili liwat rong vena paling gedhé (vena kava) nuju njeron serambi tengen. Sawisé atrium tengen kaisi getih, atrium bakal nyurung getih nuju njero bilik tengen.

Getih saka bilik tengen bakal dikompa liwat katup pulmoner nuju njeron arteri pulmonalis, nuju paru-paru. Getih bakal mili liwat pambuluh sing cilik banget (kapiler) sing nglilingi kantong udhara ing paru-paru, nyerep oksigen lan nglepasaké karbondioksida sing sabanjuré dihembusaké.

Getih sing akèh ngandhut oksigen (getih resik) mili ing njeron vena pulmonalis nuju serambi kiwa. Paredharan getih ing antarané bagéan tengen jantung, paru-paru lan atrium kiwa disebut sirkulasi pulmoner.

Getih ing serambi kiwa bakal disurung nuju bilik kiwa, sing saterusé bakal mompa getih resik iki liwat katup aorta mlebu njeron aorta (arteri paling gedhé ing awak). Getih sugih oksigen iki dicawisaké kanggo kabèh awak, kejaba paru-paru.

Sekitar Kasehatan Jantung[sunting | sunting sumber]

Jantung iku salah siji organ awak paling wigati, amarga kagagalan organ jantung asring mèh njalari pepati. Masalah ing jantung dipérang dadi rong bagéan, yaiku penyakit jantung lan serangan jantung.

Penyakit Jantung[sunting | sunting sumber]

Penyakit jantung iku sawijining kaanan sing njalari jantung ora bisa ngayahi tugasé kanthi becik. Kaanan kasebut antarané:

  • Otot jantung sing lemah. Iki kalainan gawan wiwit lair. Otot jantung sing lemah marakaké panandhang ora bisa ngakokaké aktifitas sing akèh, amarga meksa kinerja jantung nganti kakèhen bakal marakaké rasa lara ing bagéan dhadha, lan kadhangkala bisa njalari awak dadi katon mbiru. Panandhang lemah otot jantung iki gampang semaput.
  • Anané celah antarané serambi tengen lan serambi kiwa, amarga ora sampurnané pambentukan lapisan kang misahaké antarané rong serambi nalika panandhang isih ing njeron kandhutan. Perkara iki njalari getih resik lan getih reget kacampur. Penyakit iki uga marakaké panandhang ora bisa nglakokaké aktifitas sing abot, amarga aktifitas sing abot mèh bisa dipesthèkaké bakal marakaké awaké panandhang dadi biru lan sesek ambegané, sanajan ora njalari rasa lara ing ndhadha. Ana uga variasi saka penyakit iki, yaiku panandhangé bener-bener mung nduwèni siji serambi.

Serangan Jantung[sunting | sunting sumber]

Serangan jantung iku sawijining kaanan sing njalari jantung babar pisan ora duwé fungsi. Kaanan iki biasané dumadi ndadak, lan asring disebut gagal jantung. Panyebab gagal jantung manéka warna variasiné, nanging panyebab utamané biasané yaiku karendheté pasokan getih nuju otot-otot jantung, amarga pambuluh-pambuluh getih sing biasané ngilèkaké getih nuju otot-otot jantung kasebut kesumpel utawa dadi atos, déning lemak lan kolesterol, utawa déning dat-dat kimia kaya panggunaan obat sing kakèhen sing ngandhut Phenol Propano Alanin (ppa) sing akèh ditemoni ing obat-obat kaya Decolgen, lan nikotin.

Ing tembé wingking uga asring ditemokaké gagal jantung ndadak nalika wong iku nembé ngayahi aktifitas, kaya sing nyerang sapérangan atlit-atlit bal-balan misuwur ing donya ing tengah lapangan bal-balan[1]. Biasané perkara iku disebabaké déning pameksan aktifitas jantung sing ngluwihi ambang wates, utawa kurangé pemanasan sadurungé ngakokaké olah raga.

Wong sing slamet saka sawijining serangan jantung sing parah biasané uga ngalami komplikasi ing bagéan awak liyané, kayata umpamané stroke. Biasané, wong sing slamet saka serangan jantung sing gawat mbutuhaké alat pacu jantung kanggo nyupport jantungé supaya ora dadakan mandheg.

Pananggulangan[sunting | sunting sumber]

Ora ana pananggulangan sing luwih becik kanggo nyegah penyakit lan serangan jantung, kejaba gaya urip sehat (kaya asring tangi luwih ésuk ora asring melèk kewengèn, lan ora ngrokok lan ora ngombé ombènan sing ngandhut alkohol), pola mangan sing sehat (ngakèhi mangan panganan sing ngandhut serat lan sayur/janganan, sarta ora kakèhen mangan panganan ngandhut lemak lan ngandhut kolesterol dhuwur), lan olah raga sing kaatur lan ora kaluwihen. Nanging, ana sapérangan dat sing dipercaya bisa ngurangi utawa nambah résiko penyakit lan serangan jantung, ing antarané:

  • Sapérangan panliti nyebutaké yèn dat allicin ing Bawang Putih pranyata bisa mbiyantu njaga kasehatan jantung. Panlitèn kasebut nedahaké yèn déning khasiat dat allicin, kategangan pambuluh getih saya kurang 72%[2]. Nanging sapérangan panliti liya ana uga sing nelakaké yèn ora ana gandhéngané antarané Bawang Putih karo kasehatan Jantung. Ing studi sing dilakokaké marang 90 pangrokok sing awaké lemu, para panliti Éropah ngentuki yèn tambahan bubuk bawang putih sing suwéné 3 sasi ora ngatonaké perubahan ing kadhar kolesterol pangrokok mau utawa sapérangan tandha liya résiko penyakit jantung[3].
  • Studi mbuktèkaké yèn ngurangi ngrokok ora ngurangi résiko penyakit Jantung. Kanggo bener-bener ngurangi résiko penyakit Jantung, wong kudu bener-bener mandheg ngrokok [4].
  • Panemon sing diterbitaké ing Journal of the American College of Cardiology ndungkap konsumsi suplemen Vitamin C bisa ngurangi résiko penyakit jantung[5].
  • Panlitèn nedahaké, ngurangi konsumsi uyah bisa ngurangi résiko penyakit Jantung. Konsumsi uyah bisa ningkataké tekanan getih. Ing parcobèn dhiét uyah asor nedahaké résiko penyakit jantung nganti 25% lan résiko serangan jantung nganti 20% [6]

Cathétan lan Réferénsi[sunting | sunting sumber]

ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦲꦶꦏꦸ​ꦲꦺꦴꦤꦺꦴꦏ꧀​꧇꧔꧇​​ꦧꦶꦭꦶꦏ꧀꧉​​ꦱꦺꦧꦺꦤꦂꦚ​ꦮꦤꦶꦠ​ꦭꦺꦧꦶꦃ​ꦧꦺꦫꦶꦱꦶꦏꦺꦴ​ꦠꦺꦂꦏꦺꦤ​ꦱꦺꦫꦔꦤ꧀​ꦥꦺꦚꦏꦶꦠ꧀​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦢꦶꦧꦤ꧀ꦢꦶꦁ​ꦥꦿ꧉​​ꦤꦩꦸꦤ꧀​ꦥꦢ​ꦏꦺꦚꦠꦴꦚ​ꦏꦱꦸꦱ꧀​ꦱꦺꦫꦔꦤ꧀​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦭꦺꦧꦶꦃ​ꦧꦚꦏ꧀​ꦩꦺꦤꦶꦩ꧀ꦥ​ꦥꦫ​ꦥꦿ꧉​​ꦏꦺꦤꦭꦶ​ꦠꦤ꧀ꦢ​ꦢꦤ꧀​ꦒꦺꦗꦭꦚ​ꦱꦺꦧꦺꦭꦸꦩ꧀​ꦠꦺꦂꦭꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧉​​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦩꦺꦫꦸꦥꦏꦤ꧀​ꦱꦭꦃ​ꦱꦠꦸ​ꦲꦺꦴꦂꦒꦤ꧀​ꦮ꦳ꦶꦠꦭ꧀​ꦪꦁ​ꦥꦺꦤ꧀ꦠꦶꦁ​ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀​ꦢꦶꦗꦒ​ꦏꦺꦱꦺꦲꦠꦤ꧀ꦚ꧉​​ꦩꦺꦫꦺꦏ꧈​​꧌ꦮꦤꦶꦠ​ꦥꦢ​ꦑꦸꦱꦸꦱ꧀ꦚ꧍​​ꦪꦁ​ꦩꦺꦔꦭꦩꦶ​ꦲꦠꦲꦸ​ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦺꦫꦶꦠ​ꦥꦺꦚꦏꦶꦠ꧀​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈​​ꦲꦸꦩꦸꦩ꧀ꦚ​ꦢꦶꦱꦺꦧꦧ꧀ꦏꦤ꧀​ꦏꦫꦺꦤ​ꦏꦸꦫꦁꦚ​ꦥꦱꦺꦴꦏꦤ꧀​ꦲꦺꦴꦏ꧀ꦱꦶꦒꦺꦤ꧀​ꦏꦺ​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧈​​ꦱꦺꦲꦶꦁꦒ​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦠꦏ꧀​ꦧꦺꦂꦥ꦳ꦸꦁꦱꦶ​ꦢꦺꦔꦤ꧀​ꦧꦲꦶꦏ꧀꧉​

sumber: Obat jantung koroner herbal

Pirsanana uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Sistem kardiovaskular - Jantung Edit

Perikardium - Epikardium - Miokardium - Endokardium - Cardiac pacemaker - Nodus SA - Nodus AV - Bundle of His - Serabut Purkinje - Katup jantung


Sistem kardiovaskular - sunting

Jantung | Aorta | Artéri | Artériol | Kapiler | Venule | Vena | Vena cava | Artéri pulmonari | Paru-paru | Vena pulmonari | Getih

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jantung&oldid=882411"