Stroke

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Star of life caution.svg
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.
Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan.
Stroke
Classification and external resources

CT scan nuduhaké anané iskemik ing panampang nglintang utek
ICD-10 ICD-10 Chapter I|I61-ICD-10 Chapter I|I64
ICD-9 434.91
OMIM 601367
DiseasesDB 2247
MedlinePlus 000726
eMedicine neuro/9 emerg/558 emerg/557 pmr/187
MeSH D020521
Asil otopsi utek sing ngalami stroke

Stroke (saka basa Inggris: stroke) iku sawijining kahanan sing dumadi nalika pasokan getih menyang sawijining bagéyan utek dumadakan kaganggu. Jroning jaringan utek, kurangé ilining getéih nyebabaké sarangkéyan réaksi biokimia, sing bisa ngrusak utawa matèkaké sel-sel saraf ing utek. Patiné jaringan utek bisa nyebabaké ilangé fungsi sing dikendhalèkaké déning jaringan iku. Stroke iku panyebab pati sing katelu ing Amérika Sarékat lan akèh negara indhustri ing Eropah (Jauch, 2005). Yèn bisa dislametaké, sok-sok panandhang ngalami kalumpuhan ing anggota awaké, ilangé sebagéyan pepéling utawa ora/kurang bisa omong. Sapérangan taun ing wuri iki tansaya populèr istilah serangan utek. Istilah iki pepadhan karo istilah sing wis ditepungi wiyar, "serangan jantung". Stroke dumadi amarga cawang pambuluh getih kacandhet déning emboli. Emboli bisa arupa kolesterol utawa udhara.

Bab lan Paragraf

[sunting] Diagnosis

Diagnosis stroke iku sacara klinis dikanthèni pamriksan panunjang. Pamriksan panunjang sing bisa dilakokaké antarané CT scan sirah, MRI. Kanggo mbiji kasadharan panandhang stroke bisa dipigunakaké Skala Koma Glasgow. Kanggo mbédakaké jenis stroke bisa dipigunakaké manéka sistem skor, kayadéné Skor Strok Siriraj, Algoritma Stroke Gajah Mada, utawa Algoritma Junaedi.

[sunting] Faktor risiko

[sunting] Pananganan

Panandhang stroke biasané diwènèhi oksigen, dipasang infus kanggo nglebokaké cuwèran lan dat panganan, diwènèhi manitol utawa kortikosteroid kanggo ngurangi abuh lan tekanan ing njero utek kanggo panandhang stroke akut.[2]


[sunting] Réferènsi

  1. (en)Floßmann, Enrico, Ursula G.R. Schulz, Peter M. Rothwell (2004). "Systematic Review of Methods and Results of Studies of the Genetic Epidemiology of Ischemic Stroke". Stroke 35: 212-227. URL diakses pada 13 November 2010.
  2. (id)Misbach, H Jusuf; Harmani Kalim Penanganan Stroke. Medicastore. URL diaksès tanggal 13 November 2010

[sunting] Pranala njaba


Cithakan:Penyakit-stub

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Stroke&oldid=649303"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès