Rujak

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Bakul rujak ing Jakarta.

Rujak yaiku salah sijiné panganan tradhisional kang biasané digawe saka irisan utawa parutan woh-wohan utawa janganan kang dibumboni sambel. Rujak asalé saka Indonésia semana uga ana ing tlatah Malaysia lan Singapura. Sambel rujak jenisé ana loro, yaiku sampel dulit (kenthel) lan sambel èncèr (kuah). Sambel rujak digawé saka bumbu uyah , lombok abang utawa lombok jempling (rawit) , trasi lan asem Jawa asring kasebut karan asem kawak. Banjur bumbon kuwi diuleg ana ing cowèk nganthi lembut, banjur dicampur irisan utawa parutan woh-wohan utawa sayuran. Rujak ana ing tlatah jawa, biasané diwadhahi pincuk saka godhong gedhang lan dibitingi nganggo sada (balung godhong klapa).

Ing Malaysia lan Singapura ana panganan sing jenengé mèmper rujak yakuwi "mamak rojak" utawa "pasembor" sing asalé saka India. Panganan mamak rojak iki bahan lan rasané rada béda karo rujak, amarga ana bahan liya kayadéné: tahu, kenthang, taugé, endhog, timun, dadi luwih cedhak karo gadho-gadho.

Rujak Mamak ing Malaysia.

Woh-Wohan kang bisa di gawé rujak antara liya yaiku:

Macem-maceme rujak:


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rujak&oldid=595355"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès