Rendhang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rendhang |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Padhang |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | daging sapi |
Rendhang (basa Indonésia Rendang) iku sawijining panganan utawa lawuh sing biasané digawé saka daging sapi. Rendhang iku asalé saka Sumatra Kulon lan daérah-daérah Melayu. Biasané rendhang dimasak nalika ana pepéstan utawa slametan. Saliyané daging sapi, rendhang uga migunakaké bahan klapa(karambia), lan campuran saka manéka bumbu khas Indonésia antara liya lombok (lado), laos, seré, bawang lan bumbu liyané.
Rendhang nduwèni posisi dhuwur jroning budaya masyarakat Minangkabau. Rendhang nduwèni makna filosofi musyawarah, saka 4 bahan pokok, yaiku:
- Dagiang (Daging Sapi), minangka lambang saka Niniak Mamak (para pamimpin Suku adat)
- Karambia (Klapa), minangka lambang Cadiak Pandai (Kaum Intelektual)
- Lado (Cabé), minangka lambang Alim Ulama sing pedhes, tegas ngajaraké syarak (agama)
- Pemasak (Bumbu), minangka lambang saka sakabèhé masyarakat Minang.
Pranala jaba [sunting]