Martabak
Martabak yaiku panganan khas asli saka India. [1] Martabak kuwi kalebu jinising panganan sederhana nanging pantes kanggo pasugatan tamu.[1] Panganan iki gampang anggoné gawé, utawa yèn wegah nggawè ya gampang anggoné golèk (tuku). [1] Jajanan iki mathuk yen didhahar karo teh utawa kopi.[2] Wiwit saka masyarakat ékonomi ngisor nganti masyarakat kang ékonominé dhuwur uga seneng panganan martabak.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jinising Martabak
Martabak kuwi akèh banget jinisé, ananging sing paling disenengi iku ana 2 jinisé, yaiku
- Martabak Manis utawa sing diarani kue terang bulan lan uga ana sing ngarani kué bandung, lan
- Martabak Endhog.[1] Martabak manis iki isèn-isèné biasané soklat, kacang, keju lan miturut kasenengané sing gawé.[3] Banjur yèn martabak endhog isiné ya endhog, ananging uga ana sing diisi daging kayata daging ayam. [3]
[sunting] Bahan
Martabak manis, di gawe saka adonan glepung terigu, kang wis dicampuri karo endhog,margarin, susu, baking powder, gula.[3] Bahan kanggo isi martabak manis bisa diisi kacang, soklat, keju, lan apa kang dadi kasenengané sing gawé.[4] Éwadéné martabak endhog, digawé saka adonan glepung terigu kang gedhéné padha karo ukuran endhog pitik.[1] Adonan kuwi mau bahané terigu, endhog, uyah, lan banyu sacukupé.[2] Banjur bahan kanggo isiné bisa diwènèhi unclang, daging, endog, lan godhong bawang.[2]
[sunting] Cara Nggawé
Martabak manis, adonan iku di panasake ing wajan, lan diisi karo soklat, kacang, lan liya-liyané kaya sing dipengini.[4] Ditunggu adonan nnganti mateng, kira-kira 10menit banjur martabaké wis siap di maem.[5] Martabak endog, Adonan iku dibanting, ditipisaké lan diuncalaké ana ing sèng utawa kanggo nggawé martabak kuwi.[2] Banjur yèn adonan wis tipis, adonan digorèng ning wajan banjur adonan diisi karo daging, unclang, janganan, lan bumbu.[2] Yèn wis digorèng lan diisi sayuran banjur adonan diwolak-walik, sawisé kuwi dientèni 5menit trus martabak siap dicawisaké ning méja lan dimaem.[5] Déné martabak endhog iku padatan digawé saka glepung terigu, endhog, lan godhong bawang.[2] Martabak ing Indonésia asalé saka Lebaksiu, yaiku salah sawijining kecamatan ing kabupatèn Tegal.[2]