Basa Minangkabau

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Minangkabau
Baso Minangkabau
Dianggo ing: Sumatra(Indonesia), Negeri Sembilan(Malaysia
Region: Sumatra Kulon, bagian kulon Riau, bagian lor Jambi
Cacahing penutur: ± 8 yuta
Rumpun basa:
 Malayo-Polinesia
  Malayo-Polinesia Inti
   Sunda-Sulawesi
    Melayik
     Melaya
      Para-Melayu
       Minangkabau
Kodhe Basa
ISO 639-1: none
ISO 639-2: min
ISO 639-3: min

Basa Minangkabau utawa Baso Minang kuwi salah siji anak cawang basa Austronesia sing dipituturaké ing wilayah Sumatra Kulon, bagian kulon propinsi Riau sarta kasebar ing sawetara kutha liya ing Indonesia.

Ana loro kontroversi ngenani Basa Minangkabau karo basa Melayu. Sapéragan pakar basa nganggep basa iki minangka dhialèk Melayu, amarga akèhé kosakata lan wangun tuturan sing padha. Déné pakar liyané nganggep yèn basa iki minangka basa mandhiri sing béda karo basa Melayu.

Dhaerah sebar tutur[sunting | sunting sumber]

Sacara historis, dhaérah sebar tutur Basa Minangkabau nyakup tilas wilayah kakuwasan Krajaan Pagaruyung sing punjeré ing Batusangkar, Sumatra Barat. Wates-watesé biasa dinyatakaké jroning ungkapan basa Minang kaya mangkéné:

Dari Sikilang Aia Bangih
hingga Taratak Aia Hitam.
Dari Durian Ditakuak Rajo
hingga Sialang Balantak Basi.

Sikilang Aia Bangih kuwi wates lor, saiki dumunung ing dhéerah Pasaman Kulon, wewatesan karo Natal, Sumatra Lor. Taratak Aia Hitam kuwi dhaérah Bengkulu. Durian Ditakuak Rajo kuwi wilayah ing Kabupatèn Bungo, Jambi. Sing pungkasan, Sialang Balantak Basi kuwi wilayah ing Rantau Barangin, Kabupatèn Kampar, Riau saiki.

Basa Minangkabau uga dadi basa lingua franca ing kawasan pantai kulon Sumatra Lor, malaan nganti tekan pesisir kulon Aceh. Ing Aceh, penutur basa iki disebut minangka Aneuk Jamee. Saliyané kuwi, basa Minangkabau uga dipituturaké ingeh masarakat Negeri Sembilan, Malaysia sing embah buyuté asal saka ranah Minang wiwit maabad-abad kapungkur.

Dhialèk[sunting | sunting sumber]

Dialek basa Minangkabau uga werna-werna, malah antar kampung sing dipisahaké kali wis duwé dhialèk dhéwé. Prabédan paling gedhé yakuwi dhialèk sing dipituturaké ing kawasan Pesisir Kidul lan dhialèk ing wilayah Muko-Muko, Bengkulu.

Séjéné kuwi dhialèk basa Minangkabau uga dipituturaké ing Negeri Sembilan, Malaysia lan sing disebut minangka Aneuk Jamee ing Aceh, utamané ing wilayah Aceh kidul-kulon lan Aceh Kidul. Ing ngisor iki prabédan antara sawetara dhialèk:

Basa Indonesia/ Basa Melayu: Apa katanya kepadamu?
Bahasa Minangkabau "baku": A keceknyo jo kau?
Mandahiling Kuti Anyie: Apo kecek o kö gau?
Padang Panjang: Apo keceknyo ka kau?
Pariaman: A kate e bakeh kau?
Ludai: A kecek o ka rau?
Sungai Batang: Ea janyo ke kau?
Kurai: A jano kale gau?
Kuranji: Apo kecek e ka kau?

Kanggo komunikasi antar penutur basa Minangkabau sing werna-werna iki, wusanané dipigunakaké dhialèk Padang minangka basa baku Minangkabau utawa disebut Baso Padang utawa Baso Urang Awak. Basa Minangkabau dhialèk Padang iki sing dadi acuan baku (standar) jroning nguasani basa Minangkabau.

Conto[sunting | sunting sumber]

Basa Minangkabau: Sadang kayu di rimbo tak samo tinggi, kok kunun manusia (peribahasa)
Basa Indonesia: Pohon di rimba tidak sama tinggi, apa lagi manusia
Basa Minangkabau: Co a koncek baranang co itu inyo (peribahasa)
Basa Indonesia: Dia berenang seperti katak
Basa Minangkabau: Indak buliah mambuang sarok di siko!
Basa Indonesia: Tidak boleh membuang sampah di sini!
Basa Minangkabau: A tu nan ka karajo ang* ?
Basa Indonesia: Apa yang akan kamu kerjakan?
*pènget: tembung ang (kamu) kuwi tembung kasar


Karya sastra[sunting | sunting sumber]

Karya sastra tradisional abasa Minang duwé kamèmperan wngun karo karya sastra tradisional abasa Melayu umumé, yaiku awangun pantun, crita rakyat, hikayat nènèk moyang (tambo) lan adat-istiadat Minangkabau. Penyampaiané biasa nganggo wanguncerita (kaba) utawa dinyanyèkaké (dhéndhang).

Perbandingan karo Basa Melayu/Indonesia[sunting | sunting sumber]

Wong Minangkabau umumé nduwèni panemu yèn akèh kamèmperan antara Basa Minangkabau karo Basa Melayu/Indonesia. M. Rusli jroning Peladjaran Bahasa Minangkabau nyebutaké yèn intiné prabédan antara Basa Minangkabau lan Basa Indonesia yakuwi béda lafal, séjéné béda sawetara tembung.

Conto-conto prabédan lafal Basa Melayu/Indonesia lan Basa Minangkabau yakuwi:

  • ut-uik, conto: rumput-rumpuik
  • us-uih, conto: putus -putuih
  • at-aik, conto: adat-adaik
  • al/ar-a, conto: jual-jua, kabar-kaba
  • e(pepet)-a, contoh: beban-baban
  • a-o, contoh: kuda-kudo
  • awalan ter-, ber-, per- dadi ta-, ba-, pa-. Conto: berlari, termakan, perdalam (Basa Melayu/Indonesia) dadi balari, tamakan, padalam (Basa Minangkabau) [1]

Cathetan[sunting | sunting sumber]

Referensi[sunting | sunting sumber]

  • Tata Bahasa Minangkabau, Gerard Moussay
    (Judul asli: La Langue Minangkabau, diterjemahkan dari bahasa Perancis oleh Rahayu S. Hidayat), ISBN 979-9023-16-5.

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]



Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Minangkabau&oldid=870357"