Basa Rejang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Basa Rejang inggih punika basa ingkang dipun-ginakaken wonten ing kabupatèn Rejang Lebong, kabupatèn Bengkulu Ler, kabupatèn Lebong, lan kabupatèn Kepahiang; samukawis kalebet ing tlatah Provinsi Bengkulu, Indhonesia. Basa Rejang gadhah aksara piyambak ingkang kawentar minangka aksara Kaganga. Aksara Kaganga mèmper kaliyan aksara sanèsipun kados aksara Batak lan aksara Lampung.

Basa Rejang dipunperang dhumateng tigang klempak dhialèk, inggih punika dhialèk Rejang Curup, Rejang Kepahiang, lan Rejang Lebong. Dhialèk ingkang dipunpocapaken wonten ing kabupatèn Bengkulu Lèr kalebet ing dhialèk Rejang Curup.

Warna-warna dhialèk ing basa Rejang[besut | besut sumber]

Basa Jawi Dhialek Lebong Dhialek Curup Dhialek Kepahiang
kowé ko ko ko
aku uku uku uku
angsal lok lak lak
dhahar muk mei muk mi muk mea
lawuh lapen lapen gulea
krama betunok betunak betunak
sapa api api api
nama gen gen gen
aja jibeak ji’beak jikba
tabrak numua menumua menumur
dharat da'et da'et dahet
banyu bioa bioa bioa
sakedhik/sithik dhidhik dhidhik dhidhik
akèh dau deu deu
cucung kpau peu kpeu
lunga alau aleu aleu
dhaharan rebung kas Rejang lemea lema lema
dodol krambil pujuak pojoak glamai
dhusun sadei sadie sadea
duka mengiak mengiak mengeah
jongos jongos jongos budak
tempoyak puyok asem tepuyak
mangke be be be
sapunika, sapunika uyo uyo uyo
turu tu'un tu'un tuhun
jejak lat plat plat
anak anok anak anak
cicit piut piut piut
moyang puyang puyang puyang
ana ade ade ade
arep adep adep adep
piyambak su'ang su'ang suhang
sarung so'ong so'ong sohong
benjing memen memen memen
bengi kelmen kelmen kelmen
enjang kabuk kabuk kabuk
wau nano nano nano
tai tei tak tei tak tea
arti tai tei tei
tigan tenoa tenoa tenoa
asu kuyuk kuyuk kuyuk
sisah saro saro saro
ngertos namen namen namen
warsa taun taun taun
wegah segan segan segan
sawut krambil sobot sobot sobot
krambil nioa nioa nioa
mustaka ulau uleu uleu
awak awok awak awak
sikil kekea kekea kekea
tangan tangen tangen tangen
driji ji’ai ji’ei jihei
jempol bei tangen bie tangen béya tangen
tunjuk/driji panuding tunyuk tunyuk tunyuk
driji tengah ji’ai donok ji’ei donok jihei tengeah
driji manis ji’ai manis ji’ei manis jihei manis
jenthik anok inik/inik anak inik/inik kliking
indhuk driji suku bei kekea bie kekea béya kekea
wudel posok posok posok
peli butuak botoak botoah
peli seak seak seah
lonthe gudua gudua gudua
netra matai matei matei
irung yung yung yung
waja epen epen epen
talingan ti'uk ti'uk tihuk
geger kedong kedong kedong
dhadha dado dado dado
gulu ka’gen ka’gen kahgen
kuduk tukuk tukuk tukuk
silit pinging pinging pinging
dhengkul ulau ketot uleu ketot uleu ketot
kuku selon selon slon
rikma buk buk buk
lidhah dileak dileak dileah
testis labau labeu labeu
gawuk tatak/slit tatak/selit tatak/slit
susu susau suseu suseu
pupu balung balung balung
kèlèk béya' gelpeak béya' gelpeak beah gelpeah
siku asta sekoa sekoa sekoa
bahu ba’au ba’eu baheu
lathi bibia bebea bibih
selangkang krapang cakak cakak
weteng tenai tenei tenea
bathuk ning ning ning
teka teko teko teko
nitih bekenek bekenek bekenek
kondur belek belek belek

Prabèntenan dhialèk ing basa Rejang[besut | besut sumber]

  1. Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten ai; Rejang Curup nywanten ei; Rejang Kepahiang nywanten hei. Tuladhanipun: Lebong mocapaken ji’ai – Curup mocapaken ji’ei – Kepahiang mocapaken jihei.
  2. Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten eak; Rejang Curup nywanten eak (sami kaliyan dhialek Lebong); Rejang Kepahiang nywanten eah. Tuladhanipun: Lebong mocapaken seak – Curup mocapaken seak – Kepahiang mocapaken seah.
  3. Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten au; Rejang Curup nywanten eu; Rejang Kepahiang nywanten eu (sami kaliyan dhialek Curup). Tuladhanipun: Lebong mocapaken dau – Curup mocapaken deu – Kepahiang mocapaken deu.
  4. Basa Rejang dhialèk Lebong nywanten ok; Rejang Curup nywanten ak; Rejang Kepahiang nywanten ak (sami kaliyan dhialek Curup). Tuladhanipun: Lebong mocapaken betunok – Curup mocapaken betunak – Kepahiang mocapaken betunak.

Lan wonten prabèntenan sapérangan tetembungan kanggé istilah tembung sadintenan:

  • Lebong: asem; Curup: asem; Kepahiang: tepuyak (bènten)
  • Lebong: lapen; Curup: lapen; Kepahiang: gulea (bènten)
  • Lebong: inik; Curup: inik; Kepahiang: kliking (bènten)
  • Lebong: lemea (bènten); Curup: lema; Kepahiang: lema

Prabèntenan dhialèk ugi katingal wonten ing intonasi nalika angendhika. Basa Rejang Kepahiang kapireng radi kasar, basa Rejang Curup kapireng alus, lan basa Rejang dhialèk Lebong kapireng langkung alus tinimbang Rejang Curup. Saking warna tigang dhialèk basa Rejang katelah, nggambaraken tradhisi lan tèmperamèn saking tigang warni tiyang Rejang wau.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]