Basa Nias

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Nias
Li Niha
Native to Indonésia
Region Nias lan Kapuloan Batu, Sumatra Lor
Native speakers 480,000  (date missing)
Language family
Austronesia
Writing system Aksara Latin
Language codes
ISO 639-2 nia
ISO 639-3 nia

Basa Nias, utawa Li Niha jroning basa asliné, iku basa sing dipigunakaké déning pedunung ing Pulo Nias. Basa iki minangka salah siji basa ing donya sing isih durung diweruhi persis saka endi asalé.

Basa Nias minangka salah siji basa donya sing isih tahan nganti saiki kanthi gunggung panganggo aktif watara setengah yuta jiwa. Basa iki bisa dikategori minangka basa sing unik amarga minangka siji-sijiné basa ing donya sing saben panambang tembungé arupa aksara urip utawa vokal. Basa Nias ngenal enem aksara vokal, yaiku a,e,i,u,o lan ditambah ö (diwaca "e" kaya jroning panyebutan "enem" ).

Tembung [sunting]

Sawetara tembung basa Nias lan terjemahan ing Basa Jawa.

  • Ya'ahowu = Biarlah engkau dberkati
  • Ya'o = Aku
  • Ahono = Tenang, Meneng
  • Ya`ugö = Panjenengan
  • Asu = Asu
  • Tola = Olèh
  • Lö Nasa = Durung
  • Ebua = Gedhé
  • Fofo = Manuk
  • Li Niha = Basa Nias
  • Lala = Cara, Dalan
  • Tötö`a = Dhadha
  • Tanö Niha = Pulo Nias
  • Idanö = Banyu
  • Tundraha = Sampan/Prahu
  • Hadia Turia? = Piyé kabaré?
  • Hauga Bözi? = Jam pira?

Pranala jaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Nias&oldid=826727"