Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Otak-otak yaiku panganan saka Indonesia, Malaysia, lan Singapura kang digawe saka iwak (padatan iwak tengiri utawa bandeng) kang dibumboni lan diungkus godhong gedhang.[1] [2] Diarani otak-otak jalaran wujude alus lan lunyu kayadene utek manungsa.[1] Otak-otak ana kang digawe saka iwak tengiri, nanging uga ana kang digawe saka iwak bandheng. Otak-otak tengiri digawe saka iwak tengiri kang wis dialusake, santen, pati, unclang, putihan endhog, uyah, bawang, mrica, lan penyedap rasa. Kabeh mau diungkus nganggo godhong gedhang, banjur dibakar kayadene mbakar sate.[2] Beda saka otak-otak tengiri, otak-otak bandheng digawe saka iwak bandheng. Cara nggawene diwiwiti saka misahake iwak bandheng saka kulit lan daginge sarta eri.[3] Sawise dipisah, daging bandeng diuleg utawa dialusake lan dicampur karo bumbu kayadene lombok rawit abang, brambang, bawang, unclang, lan laos.[3] Adonan daging lan bumbu kang wis dicampur mau dilebokake maneh ing kulit bandeng banjur dibakar nganggo godhong gedhang.[3] Otak-otak bisa didadekake lawuh nalika mangan sega, nanging uga bisa dianggo gadhon. Otak-otak kanggo gadhon dipangan nganggo sambel kacang, bisa dicocol utawa disawurake ing ndhuwur piring.[4]
[sunting] Cathetan suku