Pèmpèk
|
Pèmpèk kapal selam lan kulit iwak, sarta cuko |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonesia |
| Dhaérah | Sumatera Selatan |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Daging iwak, sagu, endhog pitik, banyu mateng, uyah |
| Variasi | Pempek kapal selam, pempek endhog gedhe, pempek kapal selam kecil, pempek endhog cilik, pempek kriting, pempek kulit, pempek tahu, pempek pistel, pempek urang, pempek belah, pempek panggang, pempek lenggang, dsb |
Pèmpèk utawa empèk-empèk yaiku panganan khas Palembang kang digawe saka iwak lan sagu.[1] Pempek disuguhake karo saos wernane ireng kecoklatan kang diarani cuka utawa cuko (basa Palembang).[1] Cuko digawe saka banyu mateng kang ditambah gula aren, urang ebi, ulegan lombok rawit, bawang, lan uyah
[sunting] Jinising pempek
Pempek nduwe saperangan jinis kayata:[2]
- Pempek Lenjer
Pempek Lenjer mujudake jinis pempek kang dianggo kanggo nggawe laksan, yaiku sawijining panganan khas Palembang kang duduhe kuning kaya duduh lontong sayur. Lenjer bisa digoreng lan dipangan bareng duduh cuko. Rasane pada karo pempek kapal selam nanging ora ana isine endhog.
- Pempek Lenggang
Pempek lenggang mujudake pempek kang dicampur endhog bèbèk lan dibungkus godhong gedhang kang dibentuk kaya piring banjur dibakar. Pempek lenggang panggang iki luwih akeh disenengi tinimbang pempek lenggang goreng.
- Pempek Tunu
Mujudake pempek kang nalika nggawene ora kena lenga klentik babar pisan. Sawise dibentuk bunder-bunder lan diisi, pempek iki langsung dibakar.
- Pempek Kriting
Yaiku pempek kang wujude kriting lan padatan ora tau digoreng dening wong Palembang
- Pempek Pastel
Yaiku pempek kang isine katès enom.
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b (id)Pempek atau Empek-empek
- ↑ (id)Mau Coba 15 Macam Pempek? (12 Agustus 2011)
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||