Rempèyèk
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rempèyèk |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Glepung beras ,kacang lan teri |
Rempèyèk utawa akèh sing nyebut uga pèyèk, yaiku panganan tradhisional kang kagolong kanggo lelawuhan, utawa lawuh ing wayah madhang utawa digadho. Rempèyèk kagawé saka glepung beras utawa asring kasebut ing tlatah Jawa glepung trigu kang dicampur karo kacang-kacangan kayata kacang ijo, kedhélé utawa kacang prol banjur digorèng. Bisa uga dicampur kéwan-kéwan cilik kayata jingking, urang, iwak teri, iwak segara lan sapanunggalé. Péyek sing campurané jingking diarani pèyèk jingking, sauntara sing campurané urang diarani pèyèk urang, lan sapituruté.
Bumbu-bumbu sing dienggo yaiku bawang , uyah, godhong jeruk lan ana uga sing nggunakaké tambahan ketumbar.
Jinising rempèyèk [sunting]
- Rempèyèk urang
- Rempèyèk kacang ijo
- Rempèyèk kedhelé
- Rempèyèk jamur
- Rempèyèk godhong sawi lan bayem